Jumat, 01 Mei 2020

STASIUN GUBENG



 Gambar 1 : Stasiun Gubeng taun 1891
Stasiun Gubeng diresmekake bareng karo stasiun Semut yaiku tanggal 16 Mei 1878.  Stasiun Gubeng dibangun ana ing kampung Goebeng Djepit utawa Goebeng Ketjepit, sawetane Kalimaas. Kampung Goebeng Djepit saiki embuh menyang endi parane. Stasiun Gebeng mlebu ing kelurahan Pacar Keling, Tambaksari, Surabaya. Stasiun iki dijenengi “Station Goebeng Soerabaja”.
Bebarengan karo mbangune stasiun Gubeng, pamarentah Walanda uga mbangun kreteg Gubeng sing nyambung antarane dalan Simpang lan Gubeng.
Yen ndeleng gambar taun 1937, ing salore stasiun wis ana viaduct kang mlangkah ril sepur, nanging taun 1891 viaduct mau durung ana.
Jawatan sing ngurusi yaiku Staatsspoorwegen Oosterlijnen padha karo Stasiun Semut saiki diurus dening KAI Daerah Operasi VIII Surabaya

Gambar 2 : Stasiun Gubeng taun 1937

Sadurunge taun 1996 stasiun Gubeng manggon ing sakulone ril, Jalaran saka tambahe penumpang kang sangsaya suwe sangsaya rame stasiun dielih ana ing sawetane ril. Stasiune sangsaya gedhe, sangsaya rame, lan sangsaya modern. 

Stasiun Gubeng nglayani
Bangunan iki ditetepake kalebu Cagar Budaya sing perlu diayomi.

Gambar saka pinterest.com.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...