Tampilkan postingan dengan label 18 SEKAR TENGAHAN. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label 18 SEKAR TENGAHAN. Tampilkan semua postingan

Selasa, 31 Juli 2012

EDAN


Edan tenan,
Arep bakda  pecicilan.

Anak putu,
Mbrenginging  lir tawon kambu.

Sandhang pangan,
Mundhake rada get-getan.

Tolah-toleh,
Nyang nggadhen ra mesthi  oleh.


.Jombang, 31 juli 2012

 Ditulis kanthi format candrawilasita = 4 8

Jumat, 20 April 2012

MARENG



Swara garengpung amberung, ithi-ithi ngiwi-iwi ,
 anrajang sapucuking pring, kaya kaya aweh peling.

 Lumembak mega lelana, nyaput langit warna biru,
 Larut mirut mendhung klawu, kabuncang ambirat rengu.

 Cah angon ngundha layangan, ing ndhuwuring galengan,
 Dhewekan datanpa rowang, pindhane kang karya gesang.

 Tan krasa wus ndungkap pinggir, umur wus angungak tembir,
 Ing wuri ngendi sun udi , sumendhe lir sarah jladri.


 Surabaya, 19 April 2012.

Guritan ing dhuwur nganggo - format candrasmara = 8 8 ( 2 gatra ) saben sapada, gunggung 4 pada

Pengikut

Matur Nuwun ...