Minggu, 26 April 2015

Pandhita



Dasanamane :
wipreswara yampu mahadibya munindra, paramarta yampuh mahadwija muniswara, patarêsi yogi mahawiku muniwara, dhahya yogindra mahapinundhi mardika, jwijawara yogiswara mahayêkti muditi, yati maharsi mahayogi brahmana, yatiwara maharêsi mahamuni bramana .

Ing ngisor iki araning bature pandhita sapanunggalane dalah kuwajibane dhewe-dhewe, kaya ta:
1.      Indhung-indhung, iku wong kang lagi mondhok, pagaweane babad-babad alas saubênging gunung.
2.      Uluguntung, juru mranata pagawean sajroning pratapan.
3.      Ajar, juru mulang têpapalupining jaman kuna sarta anggêlarake aji jaya kawijayan, kanuragan, kadibyan sapanunggalane.
4.      Cantrik, juru kongkonan sarta kabubuhan anggarap prakara sajroning pratapan.
5.      Cèkèl, juru nênandur sarta jaga patêgalan.
6.      Rêsi, têgêse: sarwa suci, iya iku bôngsa sogata kang pêpangkatane dhuwur dhewe, yèn katarima unggahe dadi dewa.
7.      Sogata = rêsi.
8.      Wiku, kang wêruh saliring kaanan kabèh, utawa pancèn ora kasamaran sawiji-wijining dumadi.
9.      Wasi, utawa wawasi, kang dadi juru pangadilan angrampungi sarupaning prakara ing pratapan.
10.  Pandhita, guru gêdhe kang sarwa putus.
11.  Parampara, iku pandhita ugêr-ugêring karaton, kuwajibane anjumênêngake panjênêngan nata, sarta amêmulang marang para rajaputra, amêdharake laksitaning pustaka wedha.
12.  Puthut, juru rumêksa sanggar palanggatan, sarta kabubuhan masang pirantining pamujan.
13.  Janggan, utawa jajanggan, juru tulis sarta juru anggit.
14.  Yogi, ulah sarwa bêcik.
15.  Manguyu, juru nabuh gêntha kêkêlènging pamujan.
16.  Galuntung, kang wis omah-omah nyagatpat, pagaweane ngusung-usung utawa mêmikul apèk kayu tuwin banyu.
Brahmana (= pandhita sabrang) dene têgêse: bèrbudi, wicaksana tansah ulah kalêpasaning budi, ambabarake cipta mana, iya iku wêwulang kang mijil saka osiking ati, mulane sinêbut: sujana.
Ing tanah Jawa kang sinêbut aran: brahmana, iya ana, dadi kamituwaning praja, kuwajibane amêmuja karahayoning nagara, amulyakake lan angluhurake kawiryaning ratune, pasebane nunggal ana ing pôncaniti.



Endhang-endhang:
Ing ngisor iki araning endhang sapanunggalane sarta dalah kuwajibane dhewe-dhewe, kaya ta:
1. Endhang, jaka kongkonan sarta ngladèni. Nanging putra wayahe para tapa uga sinêbut ing aran: endhang,
2. Ubon-ubon, juru panyapu sarta pamasuh,
3. Abêt-abêt, utawa: abêtan, juru pangangsu sarta rêramban,
4. Abêtan priksani  no. 3,
5. Obatan, wong lagi mondhok anyar, pagaweane dadi bêgajagan, jaga kongkonan bangsane kang agal-agal bae,
6. Kaka-kaka, juru ngrêratêngi pangan,
7. Dêdungik, pêpingitan bakal dadi garwaning ajar, iya iku pandhita wadon kang wis pinunjul dhewe kawruhe,
8. Sontrang, jaga dadi dhukun,
9. Dhayang, juru têtêbah sarta nyêbari kêmbang ing sanggar palanggatan,
10. Mêntrik, juru rêrawat samubarang,
 

(Bauwarna, Padmasusastra)

Sabtu, 25 April 2015

TEMBUNG DWI PURWA.




Tembung DWIPURWA menika tembung-tembung ingkang dipunrangkep PURWAnipun. 
Tuladha :
palang > palang-palang > papalang  > pepalang
padhang > padhang – padhang > papadhang  >  pepadhang
silih > silih-silih > sisilih  >  sesilih
reged > reged – reged > rereged  > rereged
sumbar > sumbar – sumbar > susumbar  > sesumbar
juluk > juluk – juluk > jujuluk  > jejuluk
gambar > gambar-gambar + an > gagambaran   > gegambaran
gancang > gancang-gancang + an > gagancangan   > gegancangan
gurit > gurit – gurit + an > guguritan  > geguritan
godhong > godhong-godhong + an > gogodhongan  > gegodhongan
dhemit > dhemit – dhemit  + an > dhedhemitan  > dhedhemitan
kudang > kudang-kudang + an > kukudangan  > kekudangan
limbang > limbang-limbang + an > lilimbangan  > lelimbangan
sambung > sambung – sambung + an > sasambungan  > sesambungan
pindha > pindha-pindha + an > pipindhan   > pepindhan
bésan > bésan-bésan + an > bebésanan  > bebésanan.
léwa > léwa-léwa > léléwa   > leléwa

Tata panulisan mawi aksara Latin limrah dipunserat cundhuk kaliyan swantenipun : gegambaran, gegancangan, geguritan, gegodhongan, kekadangan, kekudangan, lsp.
Tata panulisan mawi aksara Jawi (paugeran Sriwedari 1926) dipunserat : gagambaran, gagancangan, guguritan, lilimbangan, kukudangan, lsp. Nanging tata panyeratan mawi aksara Jawi EYD taun 1996, saged dipunserat mawi paugeran Sriwedari utawi sami kaliyan pocapane. 

TEMBUNG DWIPURWA KATITIK SAKING ASALIPUN

Saking TEMBUNG ARAN
dhemit > dhedhemitan
godhong > gegodhongan
kembang > kekembangan
kanca > kekancan
jaran > jejaranan
besan > bebesanan
banda > bebandan
tembung > tetembungan
tembang > tetembangan
palang > pepalang
garan > gegaran
dunung > dedunung
tenger > tetenger
juluk > jejuluk
manuk > memanuki

Saking TEMBUNG KRIYA
Guyu > geguyu
bedhag > bebedhag
buru > beburu
sumbar > sesumbar
laku > lelaku
lipur > lelipur
duka > deduka
kudang > kekudang

guyu > geguyon
gondhel > gegondhelan
gojeg > gegojegan
kudang > kekudangan
lambar > lelambaran
dolan > dedolanan
gayuh > gegayuhan
tuku > tetukon
tunggang > tetunggangan
sambung > sesambungan
sandhing > sesandhingan

Saking TEMBUNG KAHANAN.
Gancang > gegancangan
dhuwur > dhedhuwuran
kencar > kekencaran
kendel > kekendelan
rikat > rerikatan
pasihan > pepasihan
limeng  > lelimengan

bungah > bebungah
cenges > cecenges
galak > gegalak
lewa > lelewa
padhang > pepadhang
peteng > pepeteng
tuwa > tetuwa

Saking TEMBUNG WILANGAN.
Loro > lelorone
telu > tetelune
kalih > kekalih
tiga > tetiga

GUNANE TEMBUNG DWIPURWA ;
1.       Kanggo mangun tembung aran , tuladha : gegodhongan, kekembangan, tetembungan, pepalang, gegaran, gegayuhan, tetunggangan, dhedhuwuran, bebungah, pepadhang, bebandan, kekudangan, tetuwa, kekendelan
2.       Kanggo mangun tembung kriya, tuladha : bebesanan, tetembangan, dedunung, geguyu,  bebedhag, beburu, lelaku, kekudang, lelipur, gegojegan, geguyon, dedolanan, tetukon, sesambungan, sesandhingan.
3.       Kanggo mangun tembung kaanan, tuladha : lelimengan, gegancangan, rerikatan, kekencara.
4.       Kanggo mangun tembung wilangan  : lelorone, tetelune, kekalih, tetiga.

TEGESE TEMBUNG DWIPURWA.
1.       Ateges akeh, tuladha : gegodhongan, kekembangan, tetembungan, tetembangan, pepalang, gegaran,
2.       Ateges tansah utawa bola-bali, tuladha : sesumbar, geguyon, geguyu, tetukon, gegojegan, kekudang, kekudangan, deduka,
3.       Ateges mratelakake kahanan kaya kang kasebut ing linggane, tuladha : dhedhemitan, memanuki,
4.       Ateges bab utawa prekara  kaya kang kasebut ing linggane , tuladha : kekancan,
5.       Ateges numpak  , tuladha : jejaranan,
6.       Ateges nganggo kaya kang kasebut ing linggane, tuladha : jejuluk, sesilih, tetenger, lelambaran, dhedhasar,
7.       Ateges mratelakake manggon utawa enggone, tuladha : dedunung, dhedhukuh, dedalem, gegriya
8.       Ateges nindakake pakaryan kaya kang kasebut ing linggane, tuladha : mbebedhag, beburu, tetanen, bebakulan,
9.       Ateges sing dianggep/ didadekake , tuladha : tetuwa, tetunggul, gegedhug.

Pengikut

Matur Nuwun ...