Dasanamane :
wipreswara yampu mahadibya munindra, paramarta yampuh mahadwija muniswara, patarêsi yogi mahawiku muniwara, dhahya yogindra mahapinundhi mardika, jwijawara yogiswara mahayêkti muditi, yati maharsi mahayogi brahmana, yatiwara maharêsi mahamuni bramana .
Ing ngisor iki araning bature pandhita sapanunggalane dalah kuwajibane dhewe-dhewe, kaya ta:
1.
Indhung-indhung, iku wong kang lagi mondhok, pagaweane
babad-babad alas saubênging gunung.
2.
Uluguntung, juru mranata pagawean sajroning pratapan.
3.
Ajar, juru mulang têpapalupining jaman kuna sarta
anggêlarake aji jaya kawijayan, kanuragan, kadibyan sapanunggalane.
4.
Cantrik, juru kongkonan sarta kabubuhan anggarap
prakara sajroning pratapan.
5.
Cèkèl, juru nênandur sarta jaga patêgalan.
6.
Rêsi, têgêse: sarwa suci, iya iku bôngsa sogata kang
pêpangkatane dhuwur dhewe, yèn katarima unggahe dadi dewa.
7.
Sogata = rêsi.
8.
Wiku, kang wêruh saliring kaanan kabèh, utawa pancèn
ora kasamaran sawiji-wijining dumadi.
9.
Wasi, utawa wawasi, kang dadi juru pangadilan
angrampungi sarupaning prakara ing pratapan.
10. Pandhita,
guru gêdhe kang sarwa putus.
11. Parampara,
iku pandhita ugêr-ugêring karaton, kuwajibane anjumênêngake panjênêngan nata,
sarta amêmulang marang para rajaputra, amêdharake laksitaning pustaka wedha.
12. Puthut,
juru rumêksa sanggar palanggatan, sarta kabubuhan masang pirantining pamujan.
13. Janggan,
utawa jajanggan, juru tulis sarta juru anggit.
14. Yogi,
ulah sarwa bêcik.
15. Manguyu,
juru nabuh gêntha kêkêlènging pamujan.
16. Galuntung,
kang wis omah-omah nyagatpat, pagaweane ngusung-usung utawa mêmikul
apèk kayu tuwin banyu.
Brahmana (= pandhita sabrang) dene têgêse: bèrbudi, wicaksana tansah ulah
kalêpasaning budi, ambabarake cipta mana, iya iku wêwulang kang mijil saka
osiking ati, mulane sinêbut: sujana.Ing tanah Jawa kang sinêbut aran: brahmana, iya ana, dadi kamituwaning praja, kuwajibane amêmuja karahayoning nagara, amulyakake lan angluhurake kawiryaning ratune, pasebane nunggal ana ing pôncaniti.
Endhang-endhang:
Ing ngisor iki araning endhang sapanunggalane sarta dalah kuwajibane dhewe-dhewe, kaya ta:
1. Endhang, jaka kongkonan sarta ngladèni. Nanging putra wayahe para tapa uga sinêbut ing aran: endhang,
2. Ubon-ubon, juru panyapu sarta pamasuh,
3. Abêt-abêt, utawa: abêtan, juru pangangsu sarta rêramban,
4. Abêtan priksani no. 3,
5. Obatan, wong lagi mondhok anyar, pagaweane dadi bêgajagan, jaga kongkonan bangsane kang agal-agal bae,
6. Kaka-kaka, juru ngrêratêngi pangan,
7. Dêdungik, pêpingitan bakal dadi garwaning ajar, iya iku pandhita wadon kang wis pinunjul dhewe kawruhe,
8. Sontrang, jaga dadi dhukun,
9. Dhayang, juru têtêbah sarta nyêbari kêmbang ing sanggar palanggatan,
10. Mêntrik, juru rêrawat samubarang,
(Bauwarna, Padmasusastra)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar