Senin, 20 April 2020

RESIDENTIE SOURABAJA.


Gb. 1 Dalem Residen tahun 1865. Madhep menyang Kalimaas.

Surabaya resmi dadi perangane panguwasane VOC wiwit taun 1705 sawise Mataram nganakake bedhamen karo VOC. Bedhamen mau dianakake sawise kraman Untung Suropati (1685 nganti 1706). Salah sijine isi bedhamen yaiku VOC diidini adeg benteng ana ngendi wae ing tanah Jawa, jalaran Mataram rumangsa utang budi karo VOC.
Ing Surabaya VOC adeg benteng ing sapinggiring Kalimaas yaiku benteng Prins Hendrik (Citadel Prins Hendrik, saiki Benteng Miring). Ing taun 1743 VOC ngelih kalungguhan Gezaghebber van den Oosthoek (Letnan Gubernur Sisih Wetan) saka Semarang menyang Surabaya. Mula Surabaya resmi dadi perangane paprentahan kolonial Walanda. Sabanjure  kutha Surabaya dadi kalungguhane Residen.
Miturut Almanak 1816, tanah Jawa diperang dadi 17 residentie. Residentie dipandhegani dening Resident yaiku  Buitenzorg (Bogor); Preanger Regencies (Priangan); Bantam (Banten); Chirebon (Cirebon); Tagal (Tegal); Paccalongan and Cadoe (Pekalongan lan Kedu); Samarang (Semarang); Soeracarta (Surakarta); Djocjacarta (Jokjakarta); Japara and Joana (Jepara lan Juwana); Rembang (Rembang); Soerabaja and Bangcallan (Surabaya lan Bangkalan); Probolinggi (Probolinggo), Besoki and Panaroekan (Besuki lan Panarukan); Grissee (Gresik); Passoeroeang (Pasuruan); Baniowangie (Banyuwangi); lan Sumanap (Sumenep).
 Gb. 2 Dalem Residen taun 1906, madhep menyang dalan Simpang.

Sing ngasta Residen Sourabaja lan Bangcallan yaiku William Ainslie lan dibantu dening asisten residen loro. Taun 1866 dalem Residen ana ing dalan Simpang.
Gouverneur-Generaal ing Batavia ngangkat Generaal-Majoor titulair Carel Jan Riesz [Landa Jerman] dadi Resident van Soerabaja. Kanggo urusan keamanan CJ Riesz dibantu dening Luitenant-Kolonel AV Michiels (Algemeen Handelsblad, 30-06-1834). Kang dadi petinggi militer yaiku JDG Schaap minangka komandan kanggo urusan wong bumi ngrangkep sekretaris. Kalungguhane JDG Schaap sadurunge yaiku Direktur Instruktur Pelatih Lokal kanggo Basa Melayu ing Batavia. Katone militer lan ahli basa wigati banget ing dalem proses awal kanggo mujudake peprentahan ing Residentie Soerabaya iki. Sing ngasta Bupati (Regent) Surabaya ing wektu iku yaiku Raden Pandji Tjokro Negoro.
Ing taun 1869 babagan administrasi paprentahan, Residentie Surabaya mbawahi  Afdeeling Greesee (Gresik), Afdeeling Modjokerto, Afdeeling Sumanap lan Afdeeling Pamakassan, Afdeeling Soerabaja, Afdeeling Sidho Ardjo, Afdeeling Sidaijoe (Sedayu) sarta Afdeeling Lamongan. Afdeeling Bawaean nduweni status Gewestellijk (daerah) sing dilebokake ing  dalem paprentahan Afdeeling Soerabaja. Ing Bawean mung satingkat Penghoeloe.

Asmane Residen Surabaya ing antarane
P van de Poel,
Mr BHA Besier,
Van Haak, ing wektu iki dumadi Perang Djawa (Perang Dipanagara, 1825 nganti 1830) ,
Carel Jan Riesz, 1834 nganti 1839,
DFW Pietermaat, 1829 nganti 1846,
PJB de Ferez, 1846 nganti 1853,
P Vreede Bik, 1853 nganti 1859,
C van der Wijk, 1859 nganti 1864,
S van Deventer, 1868 nganti 1871
Beyerinck, … nganti 1884,
JG Th Kroesen, 1888 nganti 1896
HW van Ravenswaay, 1896 nganti …,
Donner, … nganti 1901,
Kreischer, 1908 nganti 1913,
J van Aalst, 1913 nganti 1918,
JAA van der Ent, 1918 nganti 1919,
FL Broekveld, 1919 nganti 1920,
Cohen, 1920 nganti 1922,
JAA van der Jaght, 1922 nganti 1924,
JM Jordaan, 1924 nganti 1926,
W Ch Hardeman, 1926 nganti 1928,
FAC Halkema, 1928 nganti 1932,
HH de Cock, 1932 nganti 1933
AH Moreu, 1933 nganti 1935,
MF Winkler, 1935 nganti 1939,
C Ch J Maasen, 1939 nganti 1942,
Sateruse tanah Jawa dibroki Jepang.

Sumber
1.      Basundoro FIB, Urbana Historia, 20 Jan 2013.
2.      http://poestahadepok.blogspot.com/2017/12/blog-post.html

Minggu, 19 April 2020

BALIWERTI



Baliwerti saka tembung balowarti utawa baluwarti tegese beteng utawa tembok beteng. Pancene ing kono biyen dadi dalem katumenggungan kang diubengi tembok utawa baluwarti. Mula kampung kono diarani kampung Temenggungan.
Sadurunge ana gemeente ana Surabaya kabawah bupati kang nduweni pangkat Tumenggung. Tumenggung Surabaya kang kaloka yaiku Tumenggung Jayengrana utawa Tumenggung Jangrana.
Saka gambar kar taun 1866 bisa diweruhi yen ing Temenggungan diliwati kali cilik pecahane Kalimas. Saka Kalimas mlebu kampung Gemblongan (saiki dalan Genteng Kali) mlebu dalan Praban . Ing kono kali pecah maneh, sing mili ngulon ngliwati Kranggan, Tembok, Kalibutuh banjur menyang Asem Rawa. Sing menggok ngalor ngliwati Kranggan sisih wetan,  Bubutan , Maspati, menggok ngulon tumuju menyang Asem Rawa. Kali iku diarani kali Dupa (Doepo).  Tilas kali mau dadi dalan mula ing kono dalane amba-amba. Kali diurug dadi dalan, kaline mung kari aran. 

Dalan Baliwerti wis suwe dadi punjere barang-barang keramik utawa alat-alat bangunan. Ana ing menjila ing dalan Baliwerti mau yaiku anane toko winih utawa bibit tanduran wiwit biyen nganti saiki. Sadawane dalan Baliwerti ya mung toko siji ndhil iku sing dodol winih tanduran. Yen panjenengan ngersakake winih kacang, terong, lombok, sawi, kangkung, takaturi tindak mrana.
Ora kalah tuwane, ing salore kampung Temenggungan yaiku kampung Carikan. Ing Carikan iki ana cagar budaya sing kudu dilestarekake yaiku ana ing Carikan Gg IV iki, omah iki biyene gdadi kantor Hoofdbestuur Nahdatoel Oelama (Pengurus Besar NU) nalika jaman perjuangan.

Pengikut

Matur Nuwun ...