Jumat, 30 November 2012

PATILASAN KRATON MAJAPAIT (4)


CANDHI SURAWANA.

Candhi Surawana manggon ing dhusun Surawana, desa Canggu, Kecamatan Pare, Kabupaten Kediri, kira-kira 25 km lor wetane kutha Kediri. Satemene Candhi Surawana iku jenenge  Wisnubhawanapura. Candhi Surawana dibangun kira-kira taun 1400 Masehi, kanggo mulyakake (ngruwat, pendharmaan) Bhre Wengker.  Bhre Wengker iku ratu ing Negara Wengker sing isih  kabawah ratu Majapait. Bhre Wengker seda taun 1388 M. Pangruwate dianakake 12 taun sawise ratu sing diruwat mau seda lan sawise dianakake upacara Srada.  Ing kitab Negarakertagama dicritakake nalika taun 1361 Ratu Hayam Wuruk tindak menyang Surawana (Çurabhana)lan nyare ing Candhi Surawana.

Ukuran Candhi Surawana  7,8 X 7,8 m lan dhuwure 4,72 m. Candhi Surawana madhep mangulon  Candhi iki ora kaya lumrahe candhi-candhi Majapaitan liyane sing digawe saka bata, candhi iki digawe saka watu item (batu andesit, watu kali).Mung pondhasine sing digawe saka bata kang dhuwure 30 cm saka lemah.
Ing pojok-pojoke candhi ana relief raseksa (gana) kang lagi lungguh lan nyunggi  Prasawyapatha

Ing sikil  Candhi Surawana ana relief kewan lan  carita Tantri. Relief mau arupa sapi lan baya, manuk karo yuyu, singa lan wong tani. Kewan arupa gajah lan warak, wong lan kethek, kidang lan manuk, asu ajag, ula naga, kura, bebek lan iwak.  Ing relief iku uga ana crita  Arjunawiwaha. Raden Arjuna  didherekake dening  punakawan  cacah loro kang lagi manah celeng. Astane Raden Arjuna nudingi panah lan asta kiwane malang kerik. Ing sacedhake celeng ana Bathara Siwah. 

Ana relief saliyane iku kang nggambarake crita Bubuksah, gambar wujud wong loro, sing siji lemu ginuk-ginuk sing sijine kuru aking kang lagi lungguh adhep-adhepan.  Relief liyane nyritakake dongeng Sri Tanjung. Gambare, ana sawijining wanita yaiku Sri Tanjung lagi nunggang iwak, wong lanang (Sidapaksa) lagi lungguh, sikile kiwa ditumpangake ing sikil tengen, nggambarake Pangeran Sidapaksa lungguh ing pinggir kali sing diliwati sukmane Sri Tanjung. Ing saliyane iku ana gambar kembang trate (padma). Adhedhasar crita kasebut Candhi Surawana kalebu Candhi Hindhu.
Kahanan candhi iki wis rusak banget, mung wangunan bagean sikil wae sing isih ketara wutuh. Saiki candhi kasebut diopeni dening Dinas Purbakala.

Sabtu, 17 November 2012

PATILASAN KRATON MAJAPAIT (3)


CANDHI GAPURA BAJANG RATU.




Gapura Bajangratu manggon ana ing Desa Temon, Kecamatan Trowulan, Kabupaten Mojokerto. Wangunan Gapura Bajangratu awujud wangunan “Paduraksa” yaiku gapura kang mawa payon. Gapura Bajangratu digawe saka bata, mung undhak-undhakan  lan jogane digawe saka watu andhesit. Ukuran Gapura Bajangratu 11,5 m X 10,5 m lan dhuwure 16,5 m. Jembare plawangan 1,40 m.
Gapura Bajangratu nduweni swiwi ing kiwa tengene. Ana ing sikile gapura ana relief kang nggambarake crita “Sri Tanjung”. Payone awujud payon matundha-tundha sing ana reliefe awujud : sirah kala kang diapit singa, relief srengenge, ula naga kang nduweni sikil, sirah garudha lan relief buta  mata siji (monocle ciclop). Relief-relief mau kanggo nulak bebaya (tulak balak).
Jeneng bajang tegese cilik, bajang ratu ateges ratu cilik yaiku ratu Jayanagara kang diwisuda dadi ratu nalika isih umur 15 taun. Ana ing kitab Pararaton disebutake “Sira ta dhinarmeng kapopongan, bhisaka ring Crnggapura pratista ring Antawulan”.  Dharma (wangunan suci ) ana ing kapopongan utawa Crnggapura kang ana ing Antawulan utawa Trowulan. Gapura Bajangratu minangka lawang mlebu wewangunan suci (kang nganti saiki durung ditemokake) kanggo ngurmati Prabu Jayanagara kang bali menyang Kahyangane Bathara Wisnu.
Wangunan Gapura Bajangratu kanggo mengeti (ngurmati) sedane Prabu Jayanagara kang seda ing taun 1328 Saka.

Pengikut

Matur Nuwun ...