Minggu, 19 April 2020

BALIWERTI



Baliwerti saka tembung balowarti utawa baluwarti tegese beteng utawa tembok beteng. Pancene ing kono biyen dadi dalem katumenggungan kang diubengi tembok utawa baluwarti. Mula kampung kono diarani kampung Temenggungan.
Sadurunge ana gemeente ana Surabaya kabawah bupati kang nduweni pangkat Tumenggung. Tumenggung Surabaya kang kaloka yaiku Tumenggung Jayengrana utawa Tumenggung Jangrana.
Saka gambar kar taun 1866 bisa diweruhi yen ing Temenggungan diliwati kali cilik pecahane Kalimas. Saka Kalimas mlebu kampung Gemblongan (saiki dalan Genteng Kali) mlebu dalan Praban . Ing kono kali pecah maneh, sing mili ngulon ngliwati Kranggan, Tembok, Kalibutuh banjur menyang Asem Rawa. Sing menggok ngalor ngliwati Kranggan sisih wetan,  Bubutan , Maspati, menggok ngulon tumuju menyang Asem Rawa. Kali iku diarani kali Dupa (Doepo).  Tilas kali mau dadi dalan mula ing kono dalane amba-amba. Kali diurug dadi dalan, kaline mung kari aran. 

Dalan Baliwerti wis suwe dadi punjere barang-barang keramik utawa alat-alat bangunan. Ana ing menjila ing dalan Baliwerti mau yaiku anane toko winih utawa bibit tanduran wiwit biyen nganti saiki. Sadawane dalan Baliwerti ya mung toko siji ndhil iku sing dodol winih tanduran. Yen panjenengan ngersakake winih kacang, terong, lombok, sawi, kangkung, takaturi tindak mrana.
Ora kalah tuwane, ing salore kampung Temenggungan yaiku kampung Carikan. Ing Carikan iki ana cagar budaya sing kudu dilestarekake yaiku ana ing Carikan Gg IV iki, omah iki biyene gdadi kantor Hoofdbestuur Nahdatoel Oelama (Pengurus Besar NU) nalika jaman perjuangan.

Jumat, 17 April 2020

KEMBANG JEPUN.




Wiwit biyen Kembang Jepun wis reja, jalaran Kembang Jepun dadi punjere ekonomi kutha Surabaya.  Jalaran akeh wong-wong Cina kang manggon ana kono mula diarani kampung Pecinan (Chinesche Kampement). Bab iki ora nggumunake jalaran bangsa Cina penguripane saka laku dagang. Ana kutha ngendi wae – sing kutha lawas – bangsa Cina mesthi manggon cedhak pasar. Mangkono uga ing Surabaya, bangsa Cina manggon nyedhaki pasar yaiku pasar Pabean.
Jeneng Kembang Jepun, mula bukane iku jeneng kampung, dudu jeneng dalan kaya saiki iki. Ing jaman Walanda, dalan Kembang Jepun jenenge mung Handel Straat utawa “jalan perdagangan”, jalaran ing sakiwa tengene akeh toko utawa wong dodol barang. Bab iki nelakake yen jeneng iku dudu jeneng dalan. Dalan liyane sing nganggo jeneng Handel Straat yaiku ana ing kampung Muteran.
Ing jaman Jepang, nalika Jepang ngebroki Surabaya, para panggedhene Jepang manggon ing dalan iku. Banjur ana panganggep yen jeneng dalan Japanese street utawa Japanse Straat. Nanging uga ana sing negesi yen Kembang Jepun iku njupuk saka basa Jepang kang tegese “prawan Jepang”. Mesthi wae panganggep iki luput jalaran ing gambar kar (peta) taun 1866 wis ana jeneng Kembang Jepun (Kembang Djepon), puluhan taun sadurunge Jepang teka. Saiki dalan mau diwenehi gapura kang ana tulisane Kya-kya. Ing kene didadekake sentra kuliner utawa punjer jajan kanggo nguripake kahanan kang sepi ing wayah bengi. Sanajana saiki ing wayah bengi bali sepi maneh.
Ing tengah-tengahe kampung Kembang Jepun kono ana kuburan Cina utawa bong (Chineesch kerkhof). Saiki bong iki dadi pasar sing rame banget, jenenge pasar Bong. Dagangane bangsane klambi, kain lan sauba-rampene. Reregan ing pasar Bong sing kondhang murah, apa maneh yen tuku grosiran. Sing tuku saka ngendi-endi, akeh sing saka njaban kutha. Malah-malah ana  sing saka luwar pulo barang.
Nlusuri jeneng-jeneng lawas ing kampung Pecinan kayata: Handel Straat (jalan perdagangan), Suiker Straat (dalan Gula), Bibis Straat (dalan Bibis), Kimlo Straat (dalan Kimlo), Chinesche voor Straat, Chinesche breest, Chinesche Heeren Straat, Venus Straat (dalan Venus).
Ing kali Pegirian kono biyen ditanggul dhuwur kanggo ngawekani supaya banyune kali ora nganti luber. Jenenge tanggul mau sing sisih kulon diarani Pegirian dijk west (tanggul Pegirian kulon) , dene sing sisih wetan diarani Pegirian dijk oost (tanggul Pegirian wetan).
Jalaran Surabaya sangsaya suwe saya mekar Pecinan uga mekar. Mekare bangsa Cina mau antara liya menyang  Kapasan lan Pejagalan. Saiki punjere ekonomi kutha Surabaya ana ing sakiwa tengene Pasar Turi, sanajanta ing Kembang Jepun isih tetep rame.

Pengikut

Matur Nuwun ...