Jumat, 17 April 2020

BENTENG MIRING




Miturut gambar kar (kaart, peta) taun 1866 sawise kali Surabaya dadi kenceng, Walanda banjur adeg benteng ana wetane kali sisih lor. Benteng mau dijenengi Benteng Raja Hendrik utawa Citadel Prins Hendrik. Benteng iki saiki wis ora wujude, sing ana mung kari jeneng kampung Benteng Miring. Papane ana ing salor kulone kampung Sukadana (Sukodono).  Salore benteng isih awujud rawa-rawa, durung ana apa-apa.  Apa maneh Tanjung Perak, durung paja-paja ana. Kampung sing ana sisih lor -- ing pinggir kali – yaiku kampung Bandaran. Ing sacedhake kono papan kanggo numpuk kayu (houtstapel plaats). 
Wilayah Surabaya sisih lor wetane  Kalimas  kang jaman samono wis dadi kampung yaiku Sukadana (Sukodono), Petukangan, Nyamplungan, Ampel, Karang (Karang Tembok), Sawahpulo, Wanasari (Wonosari), Pesanggrahan, Ngemplak, Kedhondhong, lan Asem. Jaman saiki kampung – kampung sing wis ora kocap utawa ilang yaiku Ngemplak, Pesanggrahan, Kedhondhong, lan Asem. Dene sing kulon kali yaiku : Muteran, kampung Kalimas, Kebalen, kampung Sosok lan Tambak Gringsing.

Kampung Arab (Arabische kampement)
Kampung Ampel wis reja jalaran ing kono dadi punjer kanggo nyebarake agama Islam. Lan uga ana makam suci (Heilige graven) yaiku makame Kanjeng Sunan Ampel. Jalaran dadi punjer agama Islam, Ampel ditekani wong-wong saka Melayu, Arab lan Afrika sing ngrasuk agama Islam lan padha manggon ana ing kono, mula banjur thukul kampung Arab. Kampung Arab manggone  ana ing salore pasar Pabean. Mula banjur ana dalan kang dijenengi Arabische steeg (dalan (wong) Arab), Mooren steeg (dalan (wong) Moor). Moor iki wong-wong keturunan Afrika lor muslim, lan Maleische steeg (dalan (wong) Melayu).



Kampung lan kali sing ilang
Ing sapinggire Kalimas ana kampung sing saiki wis ora kacetha ing gambar kar yaiku Patireman, Baruwolos, Kedhung Banger lan Kampung Baru. Saliyane iku uga ana kali sing ilang, sing maune bisa kanggo lelayaran. Kali mau nyambungake antarane Kalimas lan kali Pegirian yaiku sing saiki karan Kalimati. Ing jaman biyen pancene dalan iku pancen nyata-nyata kali.

Gb 1 : sumber : detik.com
Gb 2 : sumber : radarsurabaya.jawapos.com

Selasa, 14 April 2020

KALIMAS



Sadurunge Kali Surabaya disudhet  ngetan ing Wanakrama (Wonokromo) iline Kali Surabaya menggok nuju mangalor.  Wis lumrahe kali gawean alam wis mesthi wae iline banyu menggak menggok ora bisa kenceng. Semono uga kali Surabaya.
Kali Surabaya, saka Wanakrama tumuju ngalor, sawise teka Genteng, kali pecah dadi loro. Sing siji mili ngulon menggok ngalor ngliwati Gemblongan, Kramat Gantung, Peneleh, Pecinan, ngalor menggak- menggok sakulone Ampel ngalor ngulon tumuju menyang supitan (selat) Madura. Sing sijine mili ngalor liwat Undhaan, Kalimbungan, Kalisari, Pengampon, Punguran, Cantian, Srengganan, Topaten, Nyamplungan, Karang Tembok, Sawahpulo, Pesanggrahan ngalor tumuju menyang supitan Madura, Kali iki dijenengi Kali Pegirian (Gambar kar no 1).
Sadurunge kali disudhet, iline banyu kali loro lorone isih gedhe, isih kena dilayari nganggo prau. Bareng ana sudhetan ing Wanakrama iline banyu sing mangalor bisa diatur, ora gedhe kaya mau maune. Uga bareng ing Genteng diwenehi dam (pintu air) kali Pegirian dadi cilik banget, nganti ora bisa dilayari. Saiki mung kari wujud kalen gedhe. Samono uga sawise ing  salore Endrasana (Endrosono) iline banyu dienggokake ngetan  tumuju menyang sungapan (muara) Bulak Bantheng. Ing sapinggire kali kono banjur ana kampung anyar kang saiki karan kampung Mrutu Kalianyar . Kanthi anane sudhetan lan dam Mlirip, Surabaya ora bakal katrejang banjir gedhe.
Saliyane iku Walanda nggawe kanal (terusan) kira kira saka Jembatan Merah (Roode Brug) , sing maune kali menggak menggok arah ngalor ngulon (Gambar kar no 2), kali banjur digawe kenceng ngalor nganti teka Ujung (Oedjoeng) anjog ing supitan Madura. Kali sing maune mili ngalor ngulon menggak menggok banjur mati. Gambar kar taun 1719 kali Surabaya isih menggak menggok. Nanging gambar kar taun 1787 kali Surabaya wis kenceng mengalor. Dadi kira kira nggawene kanal kasebut udakara 70  taun. Jaman samono pelabuhan Tanjung Perak durung ana.




Asal usul jeneng Kalimas.
Ing gambar kar taun 1670 Walanda njenengi kali iki River van Sourabaja (Kali Surabaya) Sawise kanal dadi, lan iline kali dadi kenceng ngalor banjur dijenengi Kali Maas.
Tembung mas ing basa Jawa iku tegese jinise barang pelikan (barang tambang). Nanging ing basa Walanda apa uga mangkono .
Yen ndeleng kamus basa Walanda maas iku tegese jala utawa jaring. Maas van een net tegese mata jala utawa jaring. Nanging uga bisa dadi jeneng kulawarga (marga, Ind) contone : van Deventer Maas, Betsy Maas lsp (bokmanawa mbah mbah buyute biyen dadi tukang njaring utawa tukang golek iwak). Yen tembung Walanda kang ateges emas yaiku goud, contone goudsteeg tegese gang Emas utawa jalur emas (Goudsteeg iku jenenge dalan ana ing salore Kembang Jepun). Dadi jeneng “maas” iku bokmanawa jenenge arsitek sing nggawe kanal mau, dudu emas kang tegese barang pelikan.
Endi sing bener, nyumanggakaken.

Sumber: Penyeberangan Masa Kuna, Goenawan A. Sambodo.

Pengikut

Matur Nuwun ...