Minggu, 22 Maret 2020

PONOROGO RIWAYATMU DULU ….



Wong Panaraga (Ponorogo) mesthi mongkog jalaran wis ewon taun kepungkur Panaraga wis ora wujud alas greng, alas gledhegan, alas gerotan, alas gung liwang-liwung, nanging ing kono wis ana pedhukuhan utawa desa kang wis reja. Kahanan iki ditulis ana ing prasasti Taji taun 823 Çaka utawa taun 901 M  (8 April).
Taji, saiki awujud pedhukuhan cilik kalebu wewengkon desa Gelang Lor kecamatan Sukareja (Sukorejo), saka Panaraga kutha arahe ngulon ngalor. 

1119 taun kepungkur ing Taji didegake kabikuan, asramaning wiku utawa pandita dening Rakryan Watu Tihang pu Sanggrama Dhurandhara. Asrama mau aran Dewasabha. Katrangan iki kacetha a na ing prasasti Taji kang unine mangkene:
“Swasti, çakawarşatita  823 caitramāsa, dwitiya kŗşņapakşa, wurukung, pahing, budha wāra, adityastha, anurādhanakştra mitradewatā, waryān yoga, taithila karana, tatkāla rakyan i watu tihang pu sanggrāma dhurandhara, manusuk lmah kbuankbuan  i taji ….”
Tegese ”Rahayu, ing taun Çaka 823, wulan Caitra (15 Maret-15 April), dina ka loro ing wektu panglong, (sadwara ) Wurukung, pancawara Pahing, (saptawara) Budha (Rebo), naksathra anuradha, yoga Waryan, karana Thaitila, nalika Rakyan I Watu Tihang maringi pratandha watu adeging sima ing lemah kebon-kebon ing Taji ….

Mula ora aneh yen ing wewengkon Panaraga akeh barang-barang kaya bata kuna, yoni, lumpang tinggalan mbah-mbah buyut ing jaman kuna. Barang-barang kuna mau becik diupakara lan dilestarekake kanggo bukti anak putu yen ing Panaraga jaman kuna wis maju.

Selasa, 10 Maret 2020

DESA KULAWAN ING PRASASTI KUDADU.



Nalikane Ardharaja weruh kumlebete gendera abang putih ing wetaning Hanyiru sanalika Ardharaja banjur mangro tingal ninggalake prajurite R Wijaya bali menyang Kapulungan. Saka Rabut Carat R Wijaya lumengser mangalor tumuju menyang Pamwattan Pajeg (Pamotan). Pangangen-angene panjenengane kepengin njaluk sabiyantu marang akuwu ing Terung Rakyan Wurwagraja. Mula ing nalikaning wengi panjenengane sapandhereke banjur budhal liwat Kulawan, kaya kang disebutake ing prasasti Kudhadhu ing ngisor iki.

 … tkanikang wngi pwa ya ta, mangkat ta çrī mahārāja mahawan i kulawan , wdidiran kekutana dening çatru, makanimittātyānta kwehnikang çatru, ri tka çrī mahārāja  i kulawan, amanggih ta sira çatru, irikā çrī mahārāja binuru dening çatru lumingsir ta çrī mahārāja mangalor, mungsire kembang çrī prayenira, ri tka çrī mahārāja pwe kembang çrī, amanggih ta sira çatru muwah, binuru ta sira muwah, irikā ta çrī mahārāja malayu mangalor  amgat bangawan sahabalanira kabeh, alanghwi ya garawalan ….
Tegese:
… tekaning wengi, Sri Maharaja budhal ngliwati KULAWAN. Panjenengane wedi yen ditutake dening mungsuh, jalaran saking akehing mungsuh. Nalika Sri Maharaja rawuh ing KULAWAN , panjenengane ketemu mungsuh. Panjenengane banjur dibujung dening mungsuh, panjenengane lumingsir mangalor kang dituju Kembangsri. Ing kono ketemu mungsuh maneh, banjur dibujung maneh. Sri Maharaja mlayu mangalor nyabrang bengawan sapandhereke kabeh, padha gupuh nglangi ….

Papan panggonan kang kasebut ing prasasti Kudadu ana kang saiki isih bisa dilacak nanging uga ana panggonan kang nganti saiki durung bisa ditemokake. Panggonan kang bisa dilacak kayata Kapulungan, Rabut Carat, Kambang Sri, Terung lsp. Nanging uga ana panggonan kang saiki durung bisa diemokake kayata, Rembang, Hanyiru, Batang lan Kudadu dhewe.
Ana papan sing saiki mirip karo jeneng kang ana prasasti Kudadu yaiku Kulawan. Ana ing endi dununge Kulawan?
Yen ndeleng toponimi desa-desa ing kecamatan Ngoro, Mojokerto , ing sakulone tekuk Ngoro, ing kene ana desa karan Lolawang. Kira-kira desa iki sing biyene karan Kulawan. Desa iki mapan ing sadurunge Kuthagirang (Kutogirang) arah saka desa Ngoro menyang patirtan Jalatundha.
Miturut prasasti, nalika Sri Maharaja teka ing Kulawan , ketemu mungsuh, banjur dibujung mlayu mangalor tumuju menyang Kembang Sri, ing kono isih dibujung banjur mlayu mangalor nyabrang bengawan. Gambaran iki trep banget karo apa kang dicritakake ana ing prasasti.
Banjur ana pitakonan mesthine saka Pamotan menyang Terung mlaku ngalor ngulon, kena ngapa menyang Lolawang ? Arah Lolawang saka Pamotan iku ngulon. Miturut dongeng dumadine Candhi Pari, Pamotan iku papan kanggo ngemote pari kang arep disetorake menyang Majapait. Pamotan tegese papan panggonan ngemot. Lamun bener, Pamotan iku biyen wilayahe nganti teka pinggir kali.  Ing prasasti Kudadu disebutake yen Pamotan ana ing saloring luwah (kali).
Saliyane iku uga ana panemu yen Kambang Sri iku saiki dadi dhukuh Bangsri ing kecamatan Sukodono. Yen mangkono banjur ana ngendi dununge Kulawan?
Endi sing bener ? Nyumanggakaken.

Pengikut

Matur Nuwun ...