Selasa, 23 Agustus 2016

NGELMU ANYAR: TEMBUNG LINGGA LAN KATA DASAR (02)



Ing basa Jawa lumrahe “tembung lingga” ditegesi tembung kang durung owah saka asale, tuladha: pangan, dolan, kandha, dandan, lunga, lsp. Ing paramasastra basa Jawa lan basa Indonesia sing lawas, tembung lingga padha tegese karo “kata dasar”ing basa Indonesia. Nanging ing paramasastra basa Indonesia sing anyar, definisi kang kaya mangkono mau owah. Kata dasar saiki ditegesi kata yang menjadi dasar pembentukan kata yang lebih besar, tembung kang minangka dhasar kanggo ngrimbag tembung sing luwih gedhe. Tuladha :

sambung > sambung 1>sinambung > berkesinambungan.
sambung = leksem.
sambung1 = kata dasar, jalaran minangka dhasar kanggo ngrimbag tembung sinambung.
sinambung = kata dasar, jalaran minangka dhasar kanggo ngrimbag tembung berkesinambungan. Tembung sinambung uga arupa kata turunan jalaran diturunake saka sambung.
berkesinambungan = kata turunan.
Tembung sinambung arupa dhasar saka tembung berkesinambungan.

Cathetan : Seselan IN wis mlebu ing basa Indonesia, tuladha liyane: kinerja. Bokmanawa sedhela engkas tembung-tembung kaya : ginilir, ginelar, rinangkul, rinakit, jinungkirbalikkan, binombardir, bisa mlebu ing basa Indonesia.
Tuladha liyane:

jual > jualan > berjualan
jual = leksem.
jualan = kata dasar saka tembung berjualan.
berjualan = kata turunan.

makan1 > makan2 > dimakan.
makan1 = leksem.
makan2 = kata dasar saka tembung dimakan.
dimakan = kata turunan.
tembung makan2  awujud kata dasar, sebab minangka dhasar kanggo ngrimbag tembung dimakan. Proses morfologis leksem makan1 dadi tembung makan2 sanajan katone ora owah, nanging wis ngalami owah-owahan kang arane derivasi zero.

Tembung Lingga.
Definisi tembung lingga yaiku tembung sing durung owah saka asale. Yen dicundhukake karo basa Indonesia, sarta ngukuhi paugeran “durung owah saka asale”, tembung sing padha maknane karo tembung lingga dudu kata dasar nanging leksem. Mula tembung lingga becike dipadhakake ing basa Indonesia yaiku leksem. Sabanjure ana pitakonan, kata dasar basa jawane apa? Wangsulane: Sing kira-kira meh padha utawa nyedhaki tegese yaiku tembung babon utawa babon.
Tembung lingga = leksem.
Tembung lingga (leksem) yaiku perangane tembung kang minangka dhasar mawarna-warnane wujuding tembung; 2 perangan kang paling cilik saka tetembungan (leksikon).

Tembung babon = kata dasar.
Tembung babon (kata dasar) yaiku tembung kang minangka babone pangrimbaging tembung kang luwih gedhe.

Tembung andhahan = kata turunan.
Tembung andhahan yaiku tembung sing maujud krana oleh wuwuhan, dirangkep, utawa dicambor.
Tuladha owah-owahane leksem dadi tembung sarta tembung andhahan (kata turunan) kaya ing ngisor iki.

1.      Pati > pati, paten, dipateni, patenana, paten-pinaten, mati, mateni, mati-mati, matenana, patigeni.
Tuladha ing ukara:
Tanah wutah rah ditohi nganti tumekaning pati.
Ing aksara Jawa layar minangka gantine paten ra.
Asu edan iku dipateni Mardi.
Tikus iku patenana!
Para brandhal padha paten-pinaten sakancane dhewe.
Gajahku mati.
Sardi mateni tikus.
Tikus iku dipateni ora mati-mati.
Aku mau matenana lampu, saiki ora kepikiran.
Mas Petruk nglakoni patigeni lawase pitung dina pitung bengi.

Tembung matenana babone (kata dasar) mateni. Tembung mateni babone (kata dasar) mati. Tembung mati babone (kata dasar) pati. Tembung pati saka leksem (lingga) pati.

2.      Pangan > pangan, panganan, dipangan, dipangani, panganen, panganana, mangan, mangana, pinangan, pinanganan.
Tuladha ing ukara:
Ada dina ana upa, ana awan ana pangan.
Aku mlebu omah ora ana panganan apa-apa.
Sukete dipangan sapi.
Jambuku dipangani codhot.
Sega kuwi panganen!
Panganana sembarang wetengmu kareben ora lara!
Aku mangan bubur.
Kowe mangana segane, aku mangan rotine!
Woh dlima iku pinangan dening Rara Kembang Sore.
Jambu-jambu pinanganan dening kalong-kalong kang saba ing wengi.
Tembung dipangani babone pangan. Tembung pangan lekseme (lingga) pangan.

Katrangan:
Tembung pinangan, pinanganan ora lumrah kanggo ing padinan, lumrahe tinemu ing buku-buku sastra.

3.      Pakan > pakan, dipakani, pakanana, makan, makanana
Tuladha ing ukara:
Aku golek suket kanggo pakan sapi.
Sapine dipakani suket.
Sapimu pakanana suket!
Sarbini lagi makan sapi ana buri omah.
Makanana sapi mau-mau, aku saiki ora kesusu mulih.
Tembung dipakani babone pakan. Tembung pakan lekseme (lingga) pakan.

Tuladha tembung sing ora ngalami derivasi zero ing antarane: waca, impi, inget, deleng, lsp.
Ora ana ukara,”Waca buku iku!” sing ana “Wacanen buku iku!”.Semono uga ora ana ukara ”Aku waca buku Dongeng Kancil” sing ana “Aku maca buku Dongeng Kancil.”

Cathetan :
Dalam proses morfologis leksem adalah input sebagai satuan leksikal, sedangkan outputnya adalah kata sebagai satuan gramatikal.

Selasa, 16 Agustus 2016

TEGESE TEMBUNG





Bantala            = siti.
Bumi               = siti
Kisma              = siti
Lemah             = siti, sungkan, lumuh.
Siti =               siti
Tanah              = siti  (CF Winter)

Bantala (kw)   = lemah, buntala, butala.
Butala (S) (kw)           = lemah, bumi.
Buntala (kw)   = lemah, bumi.
Siti                   = lemah, bumi, 2. Sesebutane bocah wadon (Arab)
Bumi (S)          = 1 jagat (kb langit) 2 lemah, palemahan 3 bageane pegawean. Wong bumi, tiyang siti = wong asal  (dedunung) ing sawijining panggonan. Bedhah bumi = dhuwit opahane gawe kluwat. Bumi pinendhem (pr) = andhap asor banget. Malik bumi (pr) = mbalik ngiloni mungsuh. Bumen = sawah darbeke wong akeh.
Buminata, bumipala, bumi pati (kw) = ratu.
Bumitala (S)(kw) = dhasaring bumi.
Kisma (S)(kw)             = lemah.
Lemah             = siti (k), bumi, tanah. Lelemahen = wis krasan banget amarga wis suwe anggone dedunung. Palemahan = pasiten= 1 lemah kang ditanduri; 2 pekarangan; 3 kaananing lemah. Lemah teles = warna abang semu kuning.
Tanah              = 1 palemahan, tlatah, laladan; 2 (engg) lemah (lempung lsp) 3 asal, asli, jinise, gawean ing. 2 becik gaweane (jinise). Wis genah wis tanah (pr) = wis terang yen wong becik sarta asli. Tanahe, tanahane = 1 dhasare, wis dhasar wewatakane; 2 pancen mula; tanahan = miturut tanahe (asale, jinise) ; Saka ing tanah tanah = saka ing negara manca.
Tanah manca   = manca negara ( sajabaning tanah kejawan).
Tanah sabrang             = sajabaning tanah Jawa.
Tanah wutah rah = tanah kelairan.  (WJS Poerwadarminta).

Bhulokapala  (S) = pelindung bumi.
Bhumipalaka (S) = pelindung bumi.
Bhumandala (S) = sekeliling bumi.
Bhumi (S)        = bumi
Sabhumi (S)    = seluruh negeri (tanah, benua, daratan)
Bhumicara (S)             = berjalan di darat; abhumicara (S) = berjalan kaki.
Bhumija (S)     = putera bumi  > Sang Bhoma.
Bhumimandala (S) = sekeliling bumi.
Bhumiputra (S)           = bhumija (S) = sang Bhoma.
Bhumitala (S) = dasar bumi / permukaan bumi.
Bhumyagra (S)            = rumah dan halaman.
Bhupalaka (S)             = bhumipalaka (S) = pelindung bumi.
Bhupati (S)      = (maha) raja, tuan tanah.
Bhumtala (S)   = (dasar) bumi, tanah.
Bhuwana (S)   = dunia, bumi; sabhumi (S) = seluruh benua (bumi, dunia).
Bhuwanadwaya (S) = dua dunia (angkasa dan bumi).
Bhuwanantarala (S) = bumi dan antariksa.
Bhuwananda (S) = bulatan / seluruh bumi, telur jagad
Bhuwantraya (S) = tiga dunia (sorga, angkasa, bumi).
Ksiti (S) = tanah, bumi.
Ksitigamya      = berjalan di atas tanah.
Ksitija (S)        = anak tanah / bumi > sang Boma.
Ksitipati (S)     = yang memerintah dunia , raja
Ksitisuta (S)    = anak tanah / bumi > sang Boma.
Ksititala (S)     = dasar/ permukaan bumi.
Lemah (kw)     = bumi, tanah; makalemah = sebagai tanahnya; kalemahan = menjadi tanah; palemahan = bidang / daerah tanah, wilayah.
Tanah (kw)      = 1 tanah.
Tanah (kw)      = 2 anak batu tulis, pensil sabak (dibuat dari sejenis tanah atau batu yang empuk).

Pengikut

Matur Nuwun ...