Sabtu, 13 Agustus 2016

NGELMU ANYAR: LEKSEM (01)



Jalaran paramasastra basa Jawa lan tata bahasa Indonesia wujude mirip utawa meh mirip, mula ngelmu kang ngrembaka ing basa Indonesia uga mrebawani basa Jawa. Akeh istilah anyar ing tata bahasa Indonesia sing biyen ora ana, saiki dadi ana. Kamangka lakune panemune ahli basa Indonesia iku banter banget. Meh saben dina ana tembung manca kang “diserap” mlebu basa Indonesia, utamane tembung-tembung Inggris. Sarehne paramasastra basa Jawa iku mirip karo basa Indonesia mula paramasastra Jawa uga manut marang panemune para ahli tata bahasa Indonesia. Ahli basa Indonesia iku kaprebawan saka ngelmu kang ngrembaka ana ing manca. Ahli basa Indonesia mangaribawani ahli basa Jawa. Tuladha tembung-tembung uatawa istilah ing bab paramasastra kang mlebu ing basa Indonesia, kayata: morfologi, leksem, leksikon, fonem, morfem, inflektif, flektif, lsp.
Salah sawijinie perangan tata bahasa Indonesia kang arupa ngelmu kang madeg dhewe yaiku morfologi. Ing basa Indonesia morfologi ditegesi: Ilmu bahasa tentang seluk beluk bentuk kata (strukur kata) (Morfologi, Prof Dr E Zaenal Arifin, M, Hum), dene ing KBBI daring ditegesi: cabang linguistik tentang morfem dan kombinasinya.Dene ing Wikipedia ditegesi: adalah suatu bidang ilmu linguistik yang mengkaji tentang pembentukan kata atau morfem-morfem dalam suatu bahasa
Kanggo nggampangake pangeling-eling lan supaya ora cawuh pangertene istilah-istilah kang ana ing basa Jawa lan basa Indonesia, ing antarane kaya ing ngisor iki:

BASA JAWA
BAHASA INDONESIA
Tembung
Kata :
1 unsur bahasa yang diucapkan atau dituliskan yang merupakan perwujudan kesatuan perasaan dan pikiran yang dapat digunakan dalam berbahasa;
2 ujar; bicara;
3 a morfem atau kombinasi morfem yang oleh bahasawan dianggap sebagai satuan terkecil yang dapat diujarkan sebagai bentuk yang bebas; b satuan bahasa yang dapat berdiri sendiri, terjadi dari morfem tunggal (misalnya batu, rumah, datang) atau gabungan morfem (misalnya pejuang, pancasila, mahakuasa)
Tembung andhahan:
Tembung kang wis owah saka asale jalaran diwuwuhi, dirangkep, utawa dicambor.
Kata turunan :
kata yang terbentuk sebagai hasil proses afiksasi, reduplikasi, atau penggabungan;

Tembung mawa wuwuhan
Tembung sing wis oleh wuwuhan utawa afiks (prefix (ater-ater), infiks (seselan), sufiks (panambang), utawa konfiks)
Kata berimbuhan kata yang sudah mendapat imbuhan atau afiks (prefiks, infiks, sufiks, atau konfiks);

Wuwuhan
Imbuhan.
Tembung lingga
Tembung sing durung owah saka asale
Kata dasar kata-kata yang menjadi dasar bentukan kata yang lebih besar, misalnya jual menjadi dasar bentuk jualan kata jualan menjadi dasar bentukan kata berjualan;
Kaskayaning tembung
Kosakata perbendaharaan kata
leksikon 1 kosakata; 2 kamus yang sederhana; 3 daftar istilah dalam suatu bidang disusun menurut abjad dan dilengkapi dengan keterangannya; 4 komponen bahasa yang memuat semua informasi tentang makna dan pemakaian kata dalam bahasa; 5 kekayaan kata yang dimiliki suatu bahasa



morfem

fonem

leksem

lema

Istilah-istilah ing dhuwur kadhangkala nduweni pengerten kang beda karo istilah kang kita prangguli ing jaman kawuri, utawa istilah kasebut nduweni pangerten anyar.

Leksem.
Leksem ing basa Indonesia ditegesi:
1.      Saka KBBI Daring.
Leksem: 1 satuan leksikal dasar yang abstrak yang mendasari pelbagai bentuk kata; 2 satuan terkecil dalam leksikon.

2.      Saka Wikipedia :
Leksem adalah satuan kata terkecil dalam sebuah bahasa dan biasa dimasukkan sebagai entri atau lemma dalam sebuah kamus. (Wikipedia)
3.       Saka buku Morfologi, Bentuk, Makna dan Fungsi karangan Prof Dr E Zaenal Arifin, M, Hum:
Leksem adalah satuan leksikal yang abstrak mendasari berbagai bentuk inflektif sebuah kata.

Katrangan :
Definisi leksem ing dhuwur taktulis kaya asline, jalaran rada kewuhan anggonku nyalini dadi basa Jawa.

Derivasi Zero.
Saka katrangan ing dhuwur bisa didudut pepunton (ditarik simpulan) yen leksem iku dudu tembung.
Tuladha :
1.      Lungguh. Lungguh kalebu leksem. Leksem lungguh diowahi dadi tembung lungguh. Katone ora owah, nanging satemene wis owah. Owah-owahan saka leksem lungguh menyang tembung lungguh ing morfologi diarani derivasi zero. Owah-owahan saka leksem marang tembung nganggo proses morfologis (morphological process). Para ahli basa Indonesia ngarani konsep proses morfologis iku proses pembentukan kata. Ing basa Jawa istilah sing cedhak diarani proses pangrimbaging tembung.
2.      Turu. Leksem turu sawise ngalami derivasi zero dadi tembung turu. Sasuwene iki awake dhewe ngarani yen turu iku tembung lingga (kata dasar), kamangka sadurunge dadi tembung, turu kalebu leksem.

Tuladha liyane kang lumrahe karan tembung lingga sadurunge ngalami derivasi zero asal saka leksem : omah, kali, gunung, dalan, adeg, adi, adu, dadar, dadi, durung, gugat, gugur, gulung, kari, kanti, kancing, lanang, landhep, lancang, main, maling, mayat, pasang, pasar, pasrah, rajang, raja, rakit, sedhot, sedhep, sedya, tata, titi, tatag, unus, urus, untab, lan liya-liyane.
Pepunton:
Owah-owahan leksem menyang tembung nanging wujude katon ora owah iku diarani derivasi zero.


Katrangan:
Ing basa Indonesia, kata dasar tegese kata-kata yang menjadi dasar bentukan kata yang lebih besar, misalnya jual menjadi dasar bentuk jualan kata jualan menjadi dasar bentukan kata berjualan

Pitakonan:
Apa tembung “tembung lingga” ing basa Jawa isih nduweni teges padha karo “kata dasar” ing basa Indonesia kaya kang kasebut ing dhuwur, apa perlu digolekake istilah liyane?


Senin, 18 Juli 2016

TEMBUNG ENTAR.



Entar ing basa Kawi tegese bablas tumrap sesurupan, mangkat, lunga. Ing basa Jawa anyar tegese yaiku dudu tegese kang baku, utawa silihan tumrape tetembungan (Poerwadarminta, 115). Ing basa Indonesia diarani makna kias.
Tuladha:
Sikil ateges perangane awak kang kanggo nyangga awak lan kanggo mlaku. Sikil jaran, sikil pitik nduweni teges lugu utawa sawantahe (makna lugas), nanging yen sikil gunung, sikil meja nduweni teges entar utawa ora sawantahe (makna kias)
Landhep ateges kahanan gampang kanggo ngiris kang ditrapake kanggo gegaman. Ladinge landhep  nduweni teges wantah, nanging yen landhep pikire nduweni teges entar.

Tuladha liyane:
Abang kupinge            = nesu. Ngabangake kuping = agawe nesu.
Abang-abang lambe (pr*) = mung lelamisan.
Abang raine                 = mbrabak, nandhang wirang (isin).
Adol ayu                     = mamerake ayune supaya disenengi.
Adol bagus                  = mamerake baguse supaya disenengi.
Adol gawe                  = ngatonake (mamerake ) pegaweyane supaya diarani sregep
Adol kringet                = buruh, nyambut gawe ngalap opah.
Adol gendhung           = kumingsun, umuk.
Adol umuk , adol sengung = seneng sesongaran.
Adol gadhe , adol sendhe = nggadhekake palemahane lsp.
Adol swara                  = ngapus-apusi.
Adol kuwanen                        = mamerake kekendelane.
Kulak warta adol prungon (pr*) = ngrungok-ngrungokake pawarta.
Adus getih                  = tatune nemen banget getihe dleweran ing awake.
Adus kringet               = kangelan, rekasa banget.
Adus luh                     = nemen anggone nangis
Akeh sandhungane     = akeh alangane.
Ala kandhutane           = ala wateke
Ala tembunge              = tembunge kasar / saru.
Alus tembunge            = rembuge kepenak dirungokake.
Amba jangkahe           = bisa ikhtiyar mrana-mrana
Apus krama                 = apus sarana alus.
Asor budine                = ala bebudene
Asor yudane                = kalah perange.
Ati dhondhong           = atine ala
Atine metu wulune     = atine ala.

(m) balang liring          = mbalang ulat (ngingetake, mleroki). Liring (kw*) = kedheping panyawang sakeplasan. Diliring = diingetake sakeplasan. Lirik (kn*) = obahing mata mandeng nisih. Nglirik = mandeng nisih.
Bau suku                     = abdi / batur. Tembung bau suku tegese bebau saka ing padesan kang nggarap sawah palungguh, lsp. Pegaweyan bau suku tegese pegaweyan gugur gunung.
Bau tengen                  = wong kang dipercaya.
Bening atine                = atine seneng
Bening ulate                = ora mrengut.
(m) bukak wadi           = ngandhakake wadine.
(m) buwang dhuwit    = ngeceh-eceh dhuwit.
(m) buwang layang     = kirim layang.
(m) buwang sangkal    = mbuwang apes, mbuwang cilaka. Sengkala = cilaka, kacilakan. Sangkal = garan pethel. Sangkala (kw*) = rante. Pasangkalan (kw*) = panggonan paukuman. Sinangkala (kw*) = dikunjara, dirante, disiksa.
(m) buwang tilas (pr*) = nylamur nindakake apa-apa  supaya aja konangan pialane

Cagak lek                    = apa-apa kang kanggo srana supaya betah melek.
Cagak urip                   = sarananing ngaurip (pangan).
Nyagak talang             = kaya cagaking talang yaiku jagongan linggih ana ngisor talang papane wong sing kinurmatan.
Nyagak alu (pr*)         = wong sing diendel nanging ora mitayani.
Cangkem gatel            = seneng ngrasani utawa memisuh.
Kakehan cangkem       = kakehan gunem, tansah gumremeng.
Cendhak umure           = gelis mati. Kosok baline dawa umure = suwe anggone urip.
Cepak jodhone            = enggal oleh jodho.
Cepak rejekine            = gampang oleh rejeki.
Cilik atine                    = jirih, tansah kuwatir.
Wong cilik                   = wong kang ora kedunungan pangkat, rakyat.
Cupet budine              = ora bisa nggayuh kang luhur-luhur.
Cupet lelakone            = lelakone sigeg.
Cupet nalare                = ora bisa mikir dawa.
Cupet pangandel         = ora percaya.

Wis metu gawene        = wis bisa tetulung makarya.
Andum gawe              = mbage kuwajiban sing bakal ditindakake.
Dadi gawe                   = njalari kepeksa nindakake apa-apa, nusahake.
Bisa oleh gawe            = kelakon sing disedya.

Dawa tangane             = climut, dhemen colong jupuk.
Dipikir dawa               = dipikir kanthi wawasan kang rowa.
Ketiga dawa                = ketigane suwe.
Prekarane kedawa -dawa ula  = prekarane ora uwis-uwis.
(n) dhedher kautaman = nandur kabecikan.
Dhuwur gegayuhane   = gegayuhane luhur.
Dhuwur pangkate       = dadi wong luhur, nduweni panguwasa.

Empuk rembuge          = rembuge kepenak dirungokake.  Diempuk = diglembuk. Diempuki = ditanduki sarana tembung manis.
Entheng sanggane       = ora ngrekasa kang dadi kuwajibane
Entheng baune                        = seneng tetulung lan gampang disambati.
Entheng tangane         = cengkiling, dhemen mara tangan. Supaya dibedakake karo ringan tangan ing basa Indonesia kang tegese dhemen tetulung.

(n) gadho ati, mangan ati = gawe susahe ati. Nggadho = mangan lawuh iwak tanpa sega.
Gantung kepuh           = terus dienggo wae ora tau salin tumrap sandhangan. Kepuh = 1. peprincene lapak (abah-abahe jaran kang dianggo palinggihane wong sing nunggang) kang mbedhol, 2. Wiron tekukane dodo ting bangkekan (geger).
(ng) gantung untu       = selak kepingin memangan.
(ng) gantung laku        = isih ana ing sajroning tampa ayahan.
(ng) gantung kawin (nikah)     = wis dikepyakake nanging durung ningkahan.
(ng) gantung boja        = wis dinikahake nanging durung dikepyakake kanthi karamean.
Gedhe atine                 = bombong, mongkog, manteb.
Gedhe endhase           = sombong, umuk.
Gedhe danane                         = akeh danane.
Gedhe tirakate                        = anggone tirakat mempeng.
Gedhe walate              = malati banget.
Dina gedhe                  = dina kang dimulyakake, riyaya.
Priyayi gedhe              = priyayi luhur, wong pangkat.
Gedhe omonge            = umuk.
Gedhe tekade              = kenceng tekade, ora gampang nglokro.
(ng) gedhekake puluk = nengenake memangan, kurang prihatine.
Gilig rembuge, gilig pikire = wis mateng, wis dadi.
Gilig tekade                = kenceng tekade, ora bakal mundur.
(ng) gilut kawruh        = ngangsu kawruh, golek ngelmu. Nggilut = mamah kalawan suwe. Jamu gilutan = jamu sing diglintiri banjur diuntal.
Golek slamet               = murih supaya slamet.
Golek urip                   = murih supaya tetep urip.

Idu geni                       = apa sing dikandhakake mesti kelakon utawa digugu.
Mati ilate                     = ora bisa ngrasakake.
Dawa ilate                   = seneng golek alem.
Ilang klilipe                 = ilang mungsuhe.

Jembar atine, jembar segarane = welasan, sugih pangapura.
Jembar dhadhane        = sabar.
Jembar polatane          = akeh kawruhe, akeh kupiyane. Kupiya  = conto, tuladha, lelakon kang wus dialami dianggo tuladha.
Jembara kubure           = pamuji marang wong mati supaya oleh suwarga.
Jembar kawruhe          = akeh ngelmune sarta nyukupi.
Jero kawruhe               = akeh ngelmune lan ahli ing babagan ngelmu iku.

Kadalu warsa              = kasep, lungse. Dalu = wis mateng banget tumrap woh-wohan.
Kandel kulite              = digdaya, sekti, ora tedhas gegaman.
Kandel kupinge           = ora rumangsan, ora duwe isin.
Kaku atine                   = ora gampang diluk, ora gampang dituturi.
Kasar tembunge          = tembunge ora kepenak dirungokake, saru.
Katon dhadhane         = wani adu arep.
Kagugah atine             = thukul krentege atine.
Kembang lambe          = dadi guneme wong akeh.
Kembange wong urip  = lelakon werna-werna, bungah lan susah nalika wong isih urip.
Kelepetan ala              = katut melu ala.
Kakehan tangan          = kakehan wong sing nyandhak.
Kena tinenga-tenga     = kena disambati. Tenga (tumenga), nenga = 1 nyawang mandhuwur; 2 ngarep arep pitulungane wong sing luwih kuwasa.
Kenceng karepe          = karepe kudu kaleksanan.
Kenceng tekade, gedhe tekade = manteb tekade.
Kuwat drajat               = bisa dadi wong gedhe / luhur.
Kuwat isin                   = betah isin, ora duwe isin.
Kuwat mangan            = tadhahe pangan akeh.

Lambe tipis                 = criwis.
Landhep pikirane        = pinter banget.
Lara ati                        = serik atine.
Lara owah                   = edan, gendheng.
Larang pangan                        = paceklik.
Larang banyu              = ora ana banyu, ketiga dawa.
Lobok atine                 = sabar. Lobok = logro, ora seret tumrap ali-ali, lsp.
Luhur budine              = apik bebudene.
Luhur drajate              = wong gedhe, wong pangkat, wong kang nduweni panguwasa.
Lurus lakune               = jujur.
Lunyu ilate                  = guneme ora kena dipercaya.
Lumah tangan                         = ora melu cawe-cawe.

Manis eseme                = eseme ngresepake ati.
Manis rembuge            = rembuge nyenengake ati.
Mata dhuwitan            = petung banget bab dhuwit.
Mati sandhang pangane = cupet dalane golek sandhang pangan.
Mateng kawruhe         = mumpuni banget.
Mati raga                     = prihatin.
Medhot tengah dalan  = ora nerusake laku.
Metani luput                = nggoleki salahe wong
Meres kringet, ngepuh kringet = nyambut gawe mempeng.
Meres pikir                  = mikir kanthi nemen
Mogel ilate                  = kepingin memangan kang sarwa enak.
Murang tata                 = ora duwe duga, kurang ajar.

Nandur kabecikan       = gawe kabecikan.
Ngangsu kawruh         = golek ngelmu.
Ngatonake siyunge     = ngatonake panguwasane.
Ngatonake dhadhane  = nuduhake panguwasane.
Ngekep dhengkul        = ora nyambut gawe.
Ngendhaleni hawa nepsu = nyegah kekarepan ala.
Ngemut dirji                = ora oleh apa-apa.
Nyolok mata               = cetha wela-wela.

Oleh ati                       = disenengi.
Oleh gawe                   = kasil, kaleksanan.
Oleh wirang                = kisinan.
Ora duwe ati, entek atine = kuwatir banget.
Ora duwe udel                        = ora ngerti tata krama, kurang ajar.
Ora melek aksara         = ora ngerti aksara, buta huruf.


Padhang hawa             = 1 lair ing alam donya; 2 kahanan ing sajabane omah.
Padhang pikire            = lega, seneng.
Padhang ulate             = sumeh.
Pait getire urip             = bungah susahe wong urip.
Pait lelakone                = lelakone ngrekasa.
Panas atine                  = nesu.
Pecah pamore              = wis ngancik diwasa.
Pedhes rembuge          = guneme nglarakake ati, gawe serik.
Perih atine                   = susah banget.
Peteng atine                = susah atine.
Pingget atine               = lara atine, serik.
Puput yuswa               = mati.

Rai gedheg, rai tembok, rai jeblog = ora duwe isin.
Njaga praja                  = njaga ajining dhiri (menjaga kehormatan)
Runtuh welase                        = thukul welase.
Rupak jagade              = kelangan pasaban.
Sepi ing pamrih           = ora nduweni pamrih
Seret rejekine              = angel golek rejeki.
Sesak dhadhane          = mangkel atine, kudu muring-muring.

Tadhah udan               = 1. Sawah kang banyune ora saka oncoran mung saka banyu udan; 2. Lirangan gedhang kang dhuwur dhewe.
Tatu atine, pingget atine = lara atine.
Tanpa tilas                   = entek babar pisan.

Udan tangis                 = akeh wong nangis.
Peteng ulate                = nesu.
Ulat manis                   = sumeh.
Utang lara                   = nate nggawe larane wong liya.
Utang nyawa, utang pati = nate mateni wong liya.
Utang wiring               = nate nggawe wiranging wong.

Walang ati                   = kuwatir.
Wani silit wedi rai (pr*) = ora wani adhep-adhepan.
Weteng kadut, Weteng karet =  dremba / akeh mangane. Kadut = bangsane bagor.
Wedi getih                  = jirih.
Wedi kangelan            = ora gelem ngrekasa / kangelan.

Katrangan :
Kn* = karma lan utawa ngoko
Kw* = kawi.
Pr* = paribasan

Pengikut

Matur Nuwun ...