Rabu, 10 Juni 2015

SESELAN IN.



Trap-trapane seselan IN lumrahe manggon ana antarane swara  mati (konsonan) lan vokal (swara urip) ning wanda kapisan. Nanging ing basa Jawa anyar ana sawenehe tetembungan kang manggone seselan IN mau ana ing purwaning tembung, yaiku ana tembung-tembung kang apurwa vokal. Pangrimbage tembung kang kaya mangkono iku satemene niru pangrimbage tembung ing basa Kawi. Tembung kang kawuwuhan seselan IN lumrahe wis arang-arang kanggo ing basa padinan, kanggone ana ing basa rinengga, basa wayang  ing pedhalangan, utawa ing kasusastran.
Gunane seselan IN yaiku kanggo mangun tembung kriya tanggap, maknane padha karo ater-ater DI. Rimbage diarani RIMBAG TANGGAP NA. Tuladha :
I.                    Seselan IN kang sumambung tembung kang apurwa konsonan.
binalang  < balang + in = dibalang
binangun  < bangun + in = dibangun
dhinupak < dhupak + in = didhupak
dinugang < dugang + in = didugang
ginanjar < ganjar + in = diganjar
ginelung < gelung + in = digelung
jinupuk < jupuk + in = dijupuk
pinitados < pitados + in = dipercaya
rinungu < rungu + in = dirungu
tinampa < tampa + in = ditampa
tinuku < tuku + in = dituku
tinulis < tulis + in = ditulis
winahya < wahya + in = diwedhar
winicara < wicara + in = diomong, dikandhakake

II.                  Seselan IN kang sumambung ing tembung kang apurwa vokal.
Seselan IN kang sumambung ing tembung kang apurwa vokal lumrahe owah dadi ING. Tuladha :
ingadhep < adhep + in = diadhep
ingadu < adu + in = diadu
ingagem < agem + in = diagem
ingaran < aran + in
ingangkah < angkah + in = diangkah
ingapit < apit + in = diapit
ingarah-arah < arah –arah + in = diarah-arah
ingasta  < asta + in = diasta
ingidak < idak + in = diidak
ingirid < irid + in = diirid
ingiring < iring + in = diiring

III.                Konfik seselan IN lan panambang AN
Tembung-tembung kang kawuwuhan seselan IN banjur kawuwuhan panambang AN (konfik IN – AN) tegese padha karo tembung kang kawuwuhan ater-ater DI lan kawuwuhan I (konfik DI –I). Rimbage diarani RIMBAG TANGGAP I KRIYA. Tuladha :

ginrayangan < grayang + in + an = digrayangi
ingalangan < alang + in + an = dialangi
inganggonan < anggon + in + an = dianggoni
ingideran < ider + in + an = diideri
lineksanan < leksana + in + an = dileksanani
rinemenan < remen + in + an = diremeni, disenengi
rinenan < rena + in + an = direnani , disenengi
sinembadan < sembada + in + an = disembadani
tinampanan < tampa + in + an = ditampani
tinulisan < tulis + in + an = ditulisi
tinutuhan < tutuh + in + an = ditutuhi


IV.                Konfik seselan IN lan panambang AKE (AKEN).
Tembung kang nganggo konfik IN + AKE (AKEN) arang banget kanggo ing basa padinan. Sanajana ing buku-buku sastra uga arang tinemu. Rimbage diarani RIMBAG TANGGAP KE KRIYA. Tuladha :
kinanthilaken < kanthil + in + aken = dikanthilaken
rinaketake < raket + in + ake = diraketake
winulangken < wulang + in + aken (ken) = diwulangake

Selasa, 09 Juni 2015

CANDHI DERMA.




Candhi Derma (Dermo) manggone ana ing dhusun Candhi Santren, Desa Candhi Negara (Candi Negoro), kecamatan Wonoayu, kabupaten Sidoarjo, Jawa Wetan. Dhuwure kira-kira 13,50 meter. Lumrah kaya candhi-candhi ing Jawa Wetan candhi iki digawe saka bata. Kahanan ing wektu iki wis rusak. Nanging isih katon blegere candhi jalaran wis nate direnovasi dening pamarentah Walanda. Ing wektu iki wis diwiwiti renovasi kanggo ndandani candhi supaya ora kebanjur-banjur rusake.
Renovasi jaman Walanda isih katon tilase, kacetha ing candhi mau ana campuran koral lan semen. Perlu uga dimangerteni panggawene candhi ing jaman Majapait iku mung sarana digosok-gosokake ing antarane bata siji lan sijine, ora nganggo luluhan babar pisan.
Lan uga ukurane bata, bata sing asli wujude gedhe-gedhe nanging bata kang sulaman ukurane rada cilik lan nganggo luluhan.
Sapa sing gawe utawa sing mrentahake gawe candhi iku durung kaweruhan kanthi cetha. Ana sing kandha yen candhi iki didegake dening Adipati Terung nalika jamane ratu Hayam Wuruk. Nanging kabar iki durung pati cetha. Kadipaten Terung nalika samana sing madeg dadi Adipati yaiku Adipati Kusen (Husain) isih kaprenah adhine Raden Patah. Lamun iku bener mesthine jamane ya  wis adoh yen ditandhingake karo Prabu Hayam Wuruk.
Nitik wangune candhi Dermo arupa gapura, memper kaya wangune candhi Bajang Ratu ing Trowulan. Mula ora aneh yen wong-wong ing sakiwa tengene kono ngarani candhi gapura. Gapura ateges lawang. Candhi iki mesthine lawang kanggo mlebu ing wewangunan suci kang ana ing sisih wetane. Nanging wangunan suci iki mau nganti saiki durung ditemokake.
Ana kabar saka Negarakertagama karangan Mpu Prapanca, nalika ndherekake tindake Sang Prabu Hayam Wuruk tetinjo menyang desa ngadesa mangkene unine :
prapteɳ darmma riɳ pañcaçara tumuluy / datn i kapulunan siramgil,
ndan lampah rakawin / lumaryyamgil iɳ waru ri herin i tira tan madoh,
Sloka iku yen disalini nganggo basa Jawa anyar  kira-kira :
Teka ing candhi makam Panchasara, banjur nginep ana ing Kapulungan, sabanjure lakune sang Rakawi nginep ana ing Waru, ing Hering, ora adoh saka pasisir  (tira = pinggir, pesisir?)
Desa Kapulungan saiki lan desa Waru kang saiki ora patia adoh, apa maneh karo karo candhi Derma. Ing cedhake Kapulungan uga ana candhi sing saiki diarani candhi Gunung Gangsir.  Ing kene kira-kira kena dipasthekake yen Candhi Derma mau wis ana sadurunge prabu  Hayam Wuruk madeg dadi ratu. Banjur pitakonane jamane ratu sapa candhi Derma iki dibangun ?
Yen diurut mandhuwur, Surabaya lan Sidoarjo saiki iki kalebu wewengkone Negara Jenggala. Kamangka  Jenggala iku anane nalika sawise surude Prabu Erlangga. Pancene ing Sidoarjo akeh patilasan arupa candhi, kayata candhi Pari, candhi Sumur. Enggal-enggal iki uga ditemokake papan patilasan  kang arupa pondhasi wewangunan kuna ing desa Terung Wetan , kecamatan Wonoayu. 


Pengikut

Matur Nuwun ...