Jumat, 17 April 2015

UDAN JILAK




ing brang wetan,
diwangkara miyak barisan
udan kemrosak neng lumahing gegodhongan,
lir mandyaraga saka suwarga
garimis  winor ujwala
mutyara sumawur ing akasa

udan jilak kuwung ngombe,
widadari mangarcapada
salendhang  sekar rinonce,
lelarapan mawa cahya

udan jilak kuwung ngombe
rene-rene widadari takpethukne
lelumban ing sendhang kasmaran
jaka tarub lagi umpetan

udan jilak kuwung ngombe
asu manak nusu dhewe
lelagon tembang dolanan
wus ilang kasilep jaman
kalindhih donal bebek, tom lan jerry
siningkur doraemon lan sunio
plonga-plongo


surabaya, 17042015


Kamis, 16 April 2015

TEMBUNG WIT.




Ing basa Jawa Kuna ana tembung “wit” lan tembung “awit”.
Tegese tembung “wit” yaiku :
Ateges :
1.       pokok, pangkal, pohon.
2.       modal;
3.       ayah; leluhur
Andhahane saka “wit” iku :
1.       awitan = permulaan
2.       makawitan = mulai dengan; sebagai anak
3.       pawitan = modal
4.       kawitan = 1 leluhur, nnek moyang; 2 sebab; lantaran.
Tegese tembung “awit” . Andhahane tembung awit :
1.       angawit = siap, menghalang, menghadang
2.       mangawit = bertemu, berpapasan, bersiap, merintangi, mencegat, menunggu/mengintai (mangsa).
3.       mawit = siap
4.       mawitaken = mengundang
5.       umawit = menunggu
6.       inawitaken = disiapkan , disediakan
7.       kawit = tersedia, persediaan, hidangan
8.       kawit = sekonyong-konyong, kebetulan, barangkali, suatu kali
9.       pangawit = rintangan.

Dadine tembung ing basa Jawa anyar , sing dijupuk saka tembung sing nomer 1 yaiku tembung “wit” sing tegese : pokok, pohon, pangkal, modal, leluhur, dudu tembung “awit”.
Andhahane tembung wit ing basa Jawa anyar :
1.       wit = pohon
2.       wit > wit-witan = pohon-pohonan, banyak pohon.
3.       Wit > wit-wit > wiwit = mulai
4.       Wit > a + wit > awit = karena, bermula.
5.       Wit > pa + wit + an = modal, pokok
6.       Wit > ka + wit + an = asal mula, kapisan
7.       Wit > wit + ne (ning) > witne (witning)  = asal mula.
8.       Wiwit > ka + wiwit + an = dimulai


Pengikut

Matur Nuwun ...