Sabtu, 04 April 2015

SONG




Song tegese rong gedhe (growongan) ing pinggir kali utawa jurang, lsp. Ing basa Kawi tegese tembung song yaiku aub, payung. Disongi tegese diaubi, dipayungi. Kasongan ing akasa tegese dipayungi akasa utawa langit.
Wong kalang ing jaman kuna jalaran durung manggrok mula yen udan lan panas ngeyub ana ing song mau. Song uga kanggo papane turu ing wayah bengi.
Song Terus mapane ing desa Wareng, kecamatan Punung, kab Pacitan, ing sacedhake guwa Tabuhan. Ing song mau ditemokake barang-barang patilasan wong-wong kalang ing jaman kuna (jaman PALEOLITIKUM) kang karan HOMOSOLOENSIS. Homosoloensis uga ditekomakake ing Ngandhong , Ngawi. Barang-barang kuna mau ditemokake dening Von Koenigswald arupa kapak gegem (kapak genggam) kang diarani Chooper. Diarani kapak gegem jalaran ora diwenehi garan.

Rabu, 11 Maret 2015

DHUNGKUL JALELA




(lagu)
Dhungkul jaléla, tabuhané Jawi nata,
gugur tambur, unèkena ngalun-alun,
dhèndhèng deleg, Ratu Sabrang angejawa,
ora lana, satriya balur dhadhanya,
orang aring, kodhok ijo lembu jaring,
 garundelan badhaya golèk panggonan,
panggonané cepuri wétan,
dhèdhèkané Mangkubumèn,
sega wuduk dèn kuniri,
danar danar wong ayu sugih leléwa,
leléwaa, wong tuwa mangsa payua.

Pengikut

Matur Nuwun ...