Minggu, 22 Februari 2015

KAPUSTAKAN JAWI (3)



Sasampunipun  menika thukul basa Jawi Tengahan. Basa Jawi tengahan menika miturut Poerbatjaraka basa Jawi antawisipun basa Jawi Kina lan basa Jawi jaman samangke. Thukulipun nalika mumbul-mumbulipun kraton Majapait. Serat-seratipun ingkang gancaran antawisipun:
1.       Tantu Panggelaran, gancar. Nyariyosaken Bathara Guru nitahaken manungsa ing tanah Jawi. Nalika samanten pulo Jawi taksih gonjang-ganjing dereng tetep trepipun. Bathara Guru lajeng dhawuh dhateng para dewa supados ngusung redi Semeru saking tanah Indhu. Redi lajeng kapogog pucakipun lajeng kausung dhateng tanah Jawi, dhumawah ing kilen, tanah Jawi lajeng njomplang. Redi kausung mangetan samargi-margi cuwil dhawah dados redi Katong (Lawu), redi Wilis, redi Kampud (Kelud), redi Kawi, redi Arjuna, redi Kemukus, pucakipun dados redi Semeru. Wiwit menika tanah Jawi saweg tetep trepipun, boten menggang-menggung.
2.       Calon Arang, gancar. Boten kasumerepan ingkang ngarang. Dongengipun makaten. Mbok Randha ing Girah (Calonarang) nggadhahi anak estri namanipun Retna Manggali. Sareng sampun ngancik diwasa boten wonten ingkang purun nglamar. Mbok Randha mangkel, tiyang sanegari dipuntenung, kawula ing Kadiri kenging pageblug, sakit sonten pejah, sakit sonten enjing pejah. Sang Prabu  Erlangga utusan prajurit supados ngrampungi mbok Randha kalawau, nanging boten mrantasi damel.  Sang Prabu lajeng utusan Mpu Baradah.
Mpu Baradah kagungan murid Mpu Bahula. Mpu Bahula dipunutus nglamar Retna Manggali. Kedadosan, dipunramekaken pitung dinten pitung dalu. Lugunipun Mpu Baradah nggadahi sedya bilih Mpu Bahula kapurih nyolong kitabipun mbok Randha. Sareng sampun pikantuk, tumuli dipunaturaken dhateng Mpu Baradhah. Sasampunipun nyumerepi kitab wau, Mpu Bahula supados mangsulaken kitab wau ing papanipun sakawit. Mbok Randha ngertos lajeng nesu. Mpu Baradhah dipuntantang adu katiyasan, wasana mbok Randha Calonarang pejah.
3.       Tantri Kamandaka, gancar. Isinipun cariyos dongeng kewan kados Serat Kancil, babonipun mendhet saking Pancatantra, basa Sangskerta asli saking tanah Indhu.
4.       Korawaçrama, gancar. Isinipun, Korawa badhe kadamel males ukum dhateng Pandhawa. Bagawan Abiyasa dipunaturi nggesangaken Kurawa sakancanipun, sareng sami gesang malih, nanging dereng ngantos males ukum seratipun sampun telas.
5.       Pararaton, gancar. Nyariyosaken gesangipun Ken Angrok wiwit lair dumugi ngajal, ngantos risakipun Majapait

Ingkang awujud sekar (kidung) antawisipun : 

1.       Dewa Ruci, mawi sekar. Isinipun nyariyosaken Sang Bima mangkat dhateng seganten, anggebyur. Kapanggih naga nami sang Nabatmawa lajeng perang, sang naga pejah. Sang Bima dumugi ing pulo dunungipun sang Dewaruci, kapanggih. Bantah sawetawis, lajeng sang Bima kadhawuhan mlebet dhateng badanipun sang Dewaruci, uninga warni-warni lajeng dipunwejang. Dumugi samanten seratipun telas.
2.       Sudamala, mawi sekar. Ing ngriki sampun wiwit wonten sekar macapat. Isinipun bathari Durga dipunruwat dening Sadewa. Sasampunipun sampun karuwat, rupinipun santun ayu malih. Kangge atur panuwun dhateng sang Sadewa, sang Sadewa dipun paring nami sang Sudamala, ingkang tegesipun ngresiki rereged.
3.       Serat Kidung Subrata, mawi sekar macapat. Isinipun bab filsafat.
4.       Panji Angreni, mawi sekar. Isininipun :
Bageyang angka satunggal, nyariyosaken Raden Panji mundhut garwa dewi Angreni salajengipun ngantos dhaupipun sang Raden kaliyan dewi Candrakirana.
Baeyan angka kalih nyariyosaken ratu ing Nusa kencana remen dhateng dewi Ngrenasara. Sang dewi purun anggeripun dipunmaru kaliyan dewi Candrakirana. Ratu ing Nusa Kencana nglurug perang dhateng Kadhiri, pejah dening sang Panji. Dewi Ngrenasara dening Begawan Narada dipundadosaken satunggal kaliyan dewi Candra Kirana, nama Candraswara.
Bageyan angka tiga nyariyosaken, wonten pandhita ing Atas-angin tapa wonten ing arga Jambangan. Gadhah anak estri name Bikang Murdeya, saha anak jaler 13. Ingkang pambajeng nama Bambang Swatama. Bambang Swatama kepingin rabi angsal dewi Candra Kirana. Sasedherekipun malih dados raden Panji sakadang-kadeyanipun. Bikang Murdeya memba-memba Ragil Kuning, lajeng sami mangkat dhateng Jenggala, rebatan dewi Candra Kirana. Perang kembar-kembaran, ingkang mindha-mindha badhar saha pejah ing paprangan. Bikang Murdeya ugi badhar , lajeng kapundhut selir raden Panji.
5.       Serat Sri Tanjung, mawi sekar. Serat Sri Tanjung nyariyosaken dumadosing name kitha Banyuwangi.

wonten lajengipun ….

Sabtu, 21 Februari 2015

KAPUSTAKAN JAWI (2)



Serat-serat Jawi Kina golongan enem (sampun ngancik jaman Majapaitan), kadosta :
1.       Brahmandapurana, mawi sekar. Nyebat namaning ratu Sri Prakertiwirya.  Isinipun sami kaliyan Brahmandapurana gancaran.
2.       Kunjarakarna, mawi sekar. Isinipun sami kaliyan Kunjarakarna gancaran.
3.       Negarakertagama, mawi sekar. Karangan Mpu Prapanca, nalika jaman Majapait. Ingkang dipuncariyosaken kawontenan kraton Majapait nalika jumenengipun Prabu Hayam Wuruk + 1272-1311 Ç (1350-1389 M). Sebageyan ageng ngemot pratelan sang Prabu nalika tindak pepara dhateng tanah Blambangan , lajeng mampir ing Singasari (Tumapel).
4.       Arjunawijaya, karangan Mpu Tantular, jaman Majapait. Pandamelipun nalika Prabu Hayam Wuruk sampunsepuh. Isinipun pendhetan saking serat Uttarakandha.
5.       Sutasoma, mawi sekar. Ugi kasebat serat Purusadasanta, karangan Mpu Tantular, nalika jaman Majapait kaasta dening Prabu Hayam Wuruk.
6.       Parthayadnya, mawi sekar, boten kasumerepan ingkang ngarang. Isinipun nyariyosaken Sang Arjuna mangkat tapa.
7.       Nitisastra,mawi sekar. Boten kasumerepan ingkang ndamel, kinten-kinten jaman Majapait akhir. Miturut Poerbatjaraka ing serat menika wonten tetembungan ingkang misuwur  : SURA SUDIRA JAYANIKANG RAT SYUH BRASTHA TEKAPING ULAH DHARMASTUTI” ingkang dipunraos bilih menika arupi seselan.  Ing serat Witaradya pupuh 29 damelan R Ng Ranggawarsita wonten ungelungelan  : SURA DIRA JAYANINGRAT LEBUR DENING PANGASTUTI”. Kakinten menika pendhetan saking Serat Nitisastra.
8.       Nirarthapraprakerta,mawi sekar. Boten kasumerapan ingkang ngarang . Kadamel taun 1381 Ç (1459 M) ing dhusun perdikan Kancana, sakidulipun Surabaya. Isinipun bab mistik
9.       Dharmasunya, mawi sekar. Piwulang bab filsafat lan ugi mistik. Boten kasumerapan ingkang ngarang, nanging nyebat nami sang Malinatha. Wonten candrasengkalanipun nanging boten cetha, angka 1304 Ç (1382 M) utawi 1340 Ç (1418 M).
10.   Hariçraya, mawi sekar. Pendhetan saking serat Uttarakandha. Wonten sengkalanipun : sad sanganjala candra (1496 Ç utawi 1574 M).
wonten candhakipun…

Pengikut

Matur Nuwun ...