16.
17.
18.
19.
20.
21.
22.
(Mustaka Rancang).
Tegese tembung:
acegah =
nyegah, nyandhet pepenginan mangan lsp.
adarbe =
nduweni
adi =
(kw) 1. linuwih, 2 becik
adipati =
sesebutane bupati mancanagara sarta pepatih dalem ing surakarta lan
ngayojakarta.
ajur-ajer =
bisa sawung ing sadhengah papan.
amarah =
kanepson, nepsu.
anenggih =
ya ta
angkuh =
gumedhe, ora semanak.
anteng =
ora rongeh, ora kakehan polah.
apan =
pan, jer, rak, ananging.
aprabu =
prabu, ratu.
awasena =
awasna, delengen kanthi ngati-ati.
awasta =
wasta, aran
badan =
awak
bala =
1 karosan, kekuwatan; 2 prajurit kang melu perang; 3 arane wuku.
bei =
ngabei, arane sesebutaning priyayi, kepala pulisi.
bengis =
wengis, sereng banget, katon sumengit
bisikanira =
jenenge, jejuluke
buyut =
anake putu
calak =
ndhisiki (nglancangi) gunem.
canggah =
anake buyut
cidra =
1 ora setya, ora nuhoni janji; 2 pangapus, krenah, pitenah.
deksura =
ora ngerti tata karma, kurang ajar
demang = 1
lelurahing bekel; 2 sesebutane sawenenhing abdi dalem; 3 panggedhening tanah
perdikan.
den =
1 di; 2 raden.
denira =
anggone
derba =
suket
dewi =
1 dewa wadon; 2 sesebutane putri, widadari
dhikir =
nyebut asmane allah kanthi wola-wali
digdaya =
patohan, menangan
hyang =
tembung panyilah kanggo para dewa
imarah =
amarah
ireki =
ira + iki
istigfar =
nyuwun ngapura marang gusti
jahil =
seneng maeka ing liyan
jalma =
manungsa
jalu =
lanang
jamus =
1 warna kaya ulesing kebo; 2 ububang kang digawe saka lulang wedhus; 3
dimangsak tumap wlulang, diububi.
jantung =
perangane jeroan kang dadi puser ubenging getih.
jatmika =
tansah nganggo tata trapsila tumrap kelakuwan.
jenar =
kuning
jinem =
anteng, jatmika, samun
kala =
1 jiret kanggo masangi manuk; 2 piala, ala; 3 buta, rasksa; 4 wektu, mangsa.
kalamurka =
buta kang nduweni watak kumudu-kudu ndheweki
kalangkung =
kaluwih-luwih
kanthia =
barenga, nganggoa
karem =
seneng banget
karsanira =
karepe
kawi =
1 pngarang, pujangga; 2 karangan, tembang; 3 tembung-tembung kang kaprah ana
kapunjanggan ora kaprah dianggo padinan; 4 tmbung jawa kuna.
kawruhana =
mangertenana
kelawan =
karo
kepati =
1 banget-banget; 2 turu kepenak banget.
kesel =
sayah
kibir =
banget ngendel-endelake kaluwihane
kinajrihan =
diwedeni
kinarya =
digawe
kocap =
dicritakake
kusumanin =
kembange
ladak =
angkuh, pambekan
laku =
lampah, tindak
lancangwecana = ndhisiki rembug
langnas = ?
lengar =
jembar tumrap bathuk
lengus =
nyenyengit, ora semanak
lir =
kaya, kadya
mami =
aku
manahira =
atine
mancawarna =
warna-warna
mangsa =
1 wektu; 2 pangan
manjing =
mlebu
marengi =
mbarengi
miyarsa =
krungu
mutmainah =
sareh lan tentrem (tumrap sukma)
nala =
ati, manah
nalendra =
ratu
negarineki =
negarane + iki
nendra =
1 ngimpi; 2 turu
nerpati =
ratu
netera =
netra, mripat
ngujub =
umuk, ngendel-endelake kaluwihane
paesan =
kaca kanggo ngilo
pakone =
prentahe
pan =
1 jer; 2 rak ; 3 ananging
pangeran = 1
panyebut marang Gusti Allah; 2 sebutane dharah luhur (putrane ratu)
panji =
1 gendera; 2 sebutane dharah luhur; 3 arane pangkat (lurahe prajurit)
patih =
1 priyagung kang nindakake peprenthaning negara; 2 arane pangkat sangisore
bupati.
peka =
sembrana, ora nggatekake
perkosa =
prakosa, kuwat, bakuh, panggah, kuwasa
permilane =
mulane
pethak =
putih
pinurweng =
purwa + in + ing =dipurwani
poma =
mratelakake pakon (piweling) kang kalawan banget
prabu =
panyebut marang ratu.
praja =
1 kraton; 2 krajan; 3 negara
prajurit =
wong kang maju perang, saradhadhu
prawira =
kendel
prayitna =
awas sarta ngati-ati
pribadi =
awak dhewe
puji =
donga, pangarep-arep supaya …
punggawa = 1
pengarep, abdi dalem kraton kang monjo; 2 wong kang nyambut gawe ing kantor,
sepur; 3 prabot desa
rangga =
pangkat saemper asisten wedana
rasul =
utusan
retna =
1 inten; 2 sing endah dhewe; 3 (sesebitane) putri
riya =
sumengah, kibir, jubriya
sabar =
sareh anggone nandhang, ora cepak nesune
sang =
tembung panyilah
sarira =
awak
satriya =
wong luhur, prajurit luhur
seksana =
saksana, enggal, tumuli
seksi =
wong kang nyipati tumindaking lelakon kang dadi perkara,
sekti =
duwe kaluwihan kang ngungguli kodrat
sengkelat =
laken
sentana =
sanak sadulure priyayi gedhe
sigeg =
mandheg
sigid =
bagus
sinebit =
suwek, siwal
slonong =
kurang ajar, murang tata
sokandonyan = seneng
marang donya
sudira =
kendel banget
sumengah =
umuk, kumalungkung
sutra =
bakal (kain) alus saka lamating uler
tekabur =
gumedhe, umuk
tuhu =
nyata, temen
tumenggung = 1
pangareping prajurit; 2 sesebutaning bupati; 3 bupati
utama =
becik, linuwih
wadhuk =
1 wadhah panganan ing jero weten; 2 blumbangan lsp tandhon banyu
wadulan =
seneng wadul
wecana =
gunem, tembung, ujar, clathu
wernanen =
kacarita, kocapa
widhi =
dewa kang linuwih
winuwus =
dikandhakake
wudhu =
urun
yekti =
nyata, terang, temen.