Sing arep dakcritakake iki
sawijining bapak kepala sekolah ing sekolahan kang wis kondhang sa Indonesia.
Ing kutha ngendi lan kapan kedadeane ora perlu dakcritakake. Sing jelas ing
Indonesia. Panjenengane sawijining priyayi kang asmane daksebutake wae pak Arjo
Gembor (jeneng singlon) isih timur, ulet, bregas, kreatif , lan nduweni
semangat kang makantar-kantar kanggo majokake pendidikan Indonesia , paling ora
ing sekolahan kang dipimpin dening panjenengane. Perlu uga dikawuningani
panjenengane nduweni gelar Drs ing ngarepe asmane lan MM ing burine. Saupame ditulis, tulisane dadi Drs Arjo Gembor, MM.
Adat kalumrahan kang lumaku ing
sekolahane panjenengane yaiku limalas menit sadurunge miwiti kegiatan sekolah mesthi
panjenengane maringi briefing marang kanca guru-guru. Sejene kanggo meruhi sapa
kang kasep utawa ora rawuh, ing kalodhangan iku dianggo maringi amanat. Bab-bab
kang perlu diparingake yaiku kabar-kabar saka Depdikbud kang sipate dines utawa
maringi program-program kang perlu dilakoni utawa program kang perlu digayuh
dening sekolahan iku.
Pak Arjo Gembor tansah
wanti-wanti supaya para guru nyambut gawe temen lan kudu profesional. Guru iku kudu tansah
nglayani murid, ora kaya guru ing jaman kuna kang kereng lan diwedeni muride.
Guru kudu tansah cedhak karo muride kaya-kaya guru iku dadi mitrane
murid-muride. Guru ora kena “membully” (merundung, BI) muride. Pokoke, guru
lora kena tumindak kang nalisir saka teori pendidikan modern. Ing sajroning
maringi amanat pak Arjo Gembor kadhang kala migunakake tembung-tembung kang
keras, kenceng , kasar, kang nglarani atine para guru. Lan ora sungkan-sungkan
panjenengane maringi ultimatum utawa ancaman.
Saliyane dadi kepala sekolah pak
Arjo Gembor isih ngasta kelas, kanggo nyukupi syarat administrasi supaya
panjenengane bisa melu lan entuk sertifikasi. Mata ajar kang diasta yaiku PPKn.
Minangka kepala sekolah mesthi wae panjenengane mumpuni mulang lan mesthi wae
kompetensine kena dipercaya.
Sawijining dina nalika dianakake
ulangan semester, ana sawijining kelas kang diawasi sawijining guru pengawas.
Sawise andum kertas ulangan lan lembar jawaban, pak guru, daksebut wae pak
Untung (jeneng singlon) banjur lenggah ing kursi pengawas. Swasana kelas
tentrem, ora ana sing cemuwit. Nalika wektune nggarap soal wis meh entek, pak
Untung banjur tindak ngubengi bocah-bocah. Dheweke kaget lan gumun ndeleng
kertas jawabane bocah-bocah isih akeh sing kothong. Pak Untung banjur ngendika
,”Ndang garapen,cah. Wektune wis meh entek iki lho”.
Bocah-bocah nyauri ,”Nggak bisa,
pak. Soalnya sulit.”
“Ngapa kok ora bisa ? PPKn iku
rak wulangan sing gampang ta ? Sapa sing mulang ?”
“Pak Arjo Gembor,”wangsulane
bocah –bocah.
“Kepala Sekolah ?” pitakone pak
Untung.
“Ya, pak.”
Dumadakan , ana sawijining bocah
kang matur,”Apa, pak. Pak Arjo Gembor sering tidak masuk kelas. Sering kosong.
Dan kalau masuk kelas malah ngajar
nyanyi.”
Sawise ulangan semesteran rampung
mesthi wae kanca guru banjur setor biji. Yen ora enggal setor, diobrak-obrak
sanajan wektune setor isih durung sampe. Ing prekara setor-setoran biji ana
guru sing dipatah ngobrak-obrak. Panjenengan priksa sapa sing setor paling
akhir ? Kepala sekolah. Malah kadhang-kadhang pak Drs Arjo Gembor, MM ora setor
biji babar pisan. KOPLAK TENAN, ta ?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar