Mahapatih Gajah
Mada ora kinaweruhan lahire. Ora ana cathetan kang awujud sastra tulis (bukti
tertulis), mung wae miturut dongeng kapercayan (mitos) ana sing ngandhakake yen
Mahapatih Gajah Mada lair dina Jumat Paing, taun 1301 ing Ngimbang, Babat, Lamongan,
kanthi jeneng R Djoengki. Ibune asma Dewi Andhungsari kang saiki disarekake ana
ing gunung Ratu ing Desa Cancing, kecamatan Ngimbang, kabupaten Lamongan. Jalaran
ibune tinggal donya , dening Ki Gedhe Sidawayah –sesepuhe desa kono – banjur dititipake
sedulure mbok Randha Wara Wuri ing desa Madha (Modo) , kecamatan Madha kabupaten
Lamongan. Sawise wis dadi jaka Gajah Mada kondhang kanthi jeneng Jaka Madha.
Mula ing Madha uga ana petilasane Patih Gajah Mada.
Negarakretagama
uga ora nyaritakake asal usule Gajah Mada. Nalika Mpu Prapanca nyaritakake
kutha raja Majapait, sing dicritakake yaiku dalem kepatihan kang manggon ing sisih lor
wetan ing kutha raja Majapait. Negarakretagama uga nyaritakake dalem
pesanggrahan Madhakaripura peparinge Prabu Hayam Wuruk marang Patih Gajah Mada.
Nalika Prabu Hayam Wuruk tetinjo desa ngadesa, Prabu Hayam Wuruk mampir ing pasanggrahan Madakaripura. Madhakaripura iki saiki
kalebu wewengkon kecamatan Tongas, kabupaten Probolinggo.
Kedadean liya
kang gegayutan karo Mahapatih Gajah Mada ing antarane nalika Gajah Mada ngrabasa
Sadheng lan Keta ing taun 1253 Ç (1331 M) kanthi sengkalan “ring agnipwari çaka” kang ditegesi Geni lan
Panah (1253 Ç (?)). Uga nalika dianakake upacara srada kanggo ngurmati Ratu Rajapatni
ing taun 1284 Ç (1332 M) Patih Gajah Mada mandhegani para bupati pesisir
ngaturake sembah marang Prabu Hayam Wuruk.
Ing taun
1285 Ç (1263 M) Prabu Hayam Wuruk tindak menyang Simping saperlu ngelih candhi
makam. Sabaline saka Simping Prabu Hayam Wuruk mireng yen Patih Gajah Mada lagi
gering. Uga dicritakake yen patih Gajah Mada dadi patih Mangkubumi wiwit taun
1253 Ç (1331 M) lan seda ing taun 1286 Ç ( 1364 M).
Saliyane
Negarakretagama sumber canthetan liyane yaiku Pararaton.
Pararaton martakake sepisanan, Gajah Mada
nalika dadi bekel prajurit bhayangkara, nylametake Sang Prabu saka pambujunge Ra
Kuti ing Badander. Sawise Ra Kuti bisa diperjaya , Gajah Mada disengkakake ing
ngaluhur dadi patih ing Kahuripan lawase rong taun. Nalika patih Daha Sang Arya
Tilam surud, Gajah Mada didhawuhi nggenteni Arya Tilam dadi patih ing Daha.
Nalika prabu Jayanagara gerah, dening Tanca
diprajaya. Banjur Tanca genti diprajaya dening Gajah Mada.
Sang Mangkubhumi Arya Tadhah gering, ora bisa
ngadhep, banjur menehi weruh Gajah Mada supaya gelem dadi patih mangkubumi.
Gajah Mada ora gelem nglakoni sadurunge kraman saka Sadheng bisa ditelukake.
Sawise kraman Sadheng bisa ditumpes kanthi sengkalan “kaya – bhuta – non –
daging” (1253 Ç, 1331 M) Gajah Mada diangkat dadi patih Mangkubhumi. Dheweke
banjur ngucapake sumpah, kang kondhang jeneng sumpah palapa kang ukarane “
Lamun huwus kalah Nusantara isun amukti palapa …”
Kedadean liya yaiku nalika sang Bhre Prabhu Hayam
Wuruk ngarepake putri Sunda. Bareng ratu Maharaja wis teka ing Majapait, Patih Gajah
Mada kandha yen wong Sunda kudu ngaturake putri minangka tandha pisungsung. Wong
Sunda ora gelem menehake.
Patih Gajah Mada matur kahanane wong Sunda. Iguh
pratikele Patih Gajah Mada supaya wong Sunda ngaturake putri disarujuki dening
Bhra Parameswara Wengker, nuli Patih Gajah Mada prentah supaya ngepung wong
Sunda.
Rumangsa disepelekake, para panggedhene wong
Sunda ora trima. Ratu Maharaja ora bakal ngaturake putri minangka tanda
panungkul, lan ora bakal nungkul marang Majapait. Wong-wong Sunda sanggup bela
pati ing Bubat. Bubat iku sawijining alun-alun (tanah lapang) kang prenahe ana
lore kutha raja Majapait. Kedadean perang antarane prajurit Majapait lan wong
Sunda ing Bubat diarani perang Bubat kang dumadi ing taun Saka “Sanga – Turangga
– Paksa – Wani “ (1279 Ç, 1357 M). Sateluke prajurit Sunda Patih Gajah Mada
amukti palapa. Mahapatih Gajah Mada surud kanthi sengkalan i Çaka Gagana – Muka
– Matendu (1390 Ç , 1368 M). Katrangan ngenani surude Patih Gajah Mada ing
antarane Negarakretagama karo Pararaton ana gesehe.
Katrangan bab surude Patih Gajah Mada ora ana
cathetan kang gumathok, ana kang ngandhakake ing Madhakaripura nanging uga ana
sing ngandhakake ing kutha raja Majapait. Ing ngisor iki gambar kang nuduhake salah
sijine panggonan, kang dipercaya dening masyarakat sakiwa tengene, papan moksane
Patih Gajah Mada yaiku ana ing Desa Lebak Jabung, kecamatan Jatireja, kabupaten
Mojokerto.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar