Jumat, 18 September 2015

CANDHI SUMBER TETEK.




Candhi Sumber Tetek mapan ereng-erenge gunung Penanggungan iring wetan, ing dhukuh Belahan Jawa, desa Wonosunyo, kecamatan Gempol, kabupaten Pasuruan. Saka dalan gedhe Pandaan – Gempol dohe kira-kira limang kilometer. Diarani Sumber Tetek jalaran reca ing candhi mau teteke utawa payudarane mancur banyu bening anjog menyang kolah sing ana sangisore. Jenenge liya candhi Sumber Tetek yaiku candhi Belahan.
Candhi Sumber Tetek (Belahan) awujud kolah padusan (patirtan) kaya dene candhi Jalatundha. Digawe nalika jaman prabhu Airlangga, saka negara Kahuripan, ing abad 11. Ukuran candhi iki ujure 6,85 m, alange 6,30 m lan dhuwure 4,60 m. Ing sangarepe reca ana kolah kang ambane 6,40 m x 4,40 m. Dhasaring kolah digawe saka watu item (andhesit). Verbeek naliti mbok manawa ana pethi watu ing manggon ngisore kolah kaya kang ana candhi Jalatundha, nanging kanyatane ora, jalaran wis nate didhudhuk.
Banyune mili saka tembok mburine, liwat reca-reca kang tumempel ing tembok kasebut, mancur anjog menyang kolah. Temboke digawe saka bata dene recane digawe saka watu item (andhesit).

Reca mau biyen cacahe ana telu, nanging saiki mung kari loro, yaiku recane Dewi Sri lan Dewi Laksmi. Reca loro mau mau ngapit reca kang ana ing tengah – kang saiki kosong - miturut para ahli , reca mau mujudake Bathara Wisnu kang lagi nunggang manuk Garudha. Reca Bathara Wisnu iku nggambarake Prabhu Airlangga kang dadi titising Bathara Wisnu. Dene reca Dewi Sri lan Dewi Laksmi nggambarake garwane Prabhu Airlangga kang cacahe loro. Reca Bathara Wisnu saiki disimpen ana ing museum Majapait ing Trowulan, Mojokerto.
Prabhu Airlangga ngasta pusaraning praja taun 1009-1042 M kanthi jejuluk (gelar abhiseka) Sri Maharaja Rakai Halu Sri Dharmawangsa Airlangga Anantawikramottunggadewa. Taun 1042 M Prabhu Airlangga lengser keprabon banjur mandhita. Jejuluke  Prabhu Airlangga nalika ambegawan yaiku: Resi Erlangga Jatiningrat (Serat Calon Arang), Resi Gentayu (Serat Babad Tanah Jawi), Resi Aji Paduka Mpungku Sang Pinaka Catraning Bhuwana (Prasasti Gandakuti, 1042 M).

Putrane putri Prabhu Airlangga (Dewi Kili Suci) miturut prasasti Cane (1021 M), lan prasasti  Turun Hyang (1035 M) asmane sing asli yaiku Sanggramawijaya Tunggadewi, ora kersa dadi ratu. Negara banjur disigar dadi loro yaiku negara Kadhiri kutha rajane ana ing Dhaha (ing sisih kulon) diprentah dening Sri Samarawijaya, lan ing sisih wetan dijenengake Janggala kutha rajane ana Kahuripan, diprentah dening Mapanji Garasakan.
Surude Prabhu Airlangga ora diweruhi kanthi cetha. Adhedhasar prasasti Sumengka (1059) tinggalane negara Janggala, nyebutake Resi Aji Paduka Mpungku (Sang Pinaka Catraning Bhuwana, Airlangga) dimakamake ing tirtha (pemandian). Prasasti kasebut nerangake yen “Bathara Guru sang lumah ri Tirtha”. Adhedhasar katrangan prasasti kasebut ateges candhi Belahan minangka makame Prabhu Airlangga.  Ing kolah candhi Belahan uga ditemokake tulisan kanthi angka taun 1049. Nanging ora dingerteni kanthi cetha apa taun kasebut iku surude Prabhu Airlangga apa panggawene patirtan kasebut.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...