Selasa, 08 September 2015

CANDHI GUNUNG GANGSIR




Candhi Gunung Gangsir mapan ing dukuh Kebon Candhi, desa Gunung Gangsir, Kecamatan Baji, Kabupaten Pasuruan, Jawa Wetan.
Candhi iki digawe saka bata, kahanan saiki wis didandani (direnovasi) kanthi becik. Mula yen disawang katon jenggereng, mrebawani.  Platarane katon resik greminning, dikupengi taman kang tumata apik.
Candhi iki miturut cakrik lan wangune meh padha karo Candhi Pari ing  Porong. Mula kira-kira wae sajaman karo Candhi  Pari. Yaiku jamane Prabu Hayam Wuruk. Yen ing Candhi Pari tinemu angka taun 1293 Ç utawa taun 1371 M ing candhi Gunung Gangsir ora tinemu katrangan kang nuduhake angka taun.  Candhi iki kalebu candhi agaman Budha.  

Candhi iki tundha papat  (empat lantai), madhep ngetan. Saka plataran ana undhak-undhakan kang tumuju marang lawang senthongan. Dhuwure lawang senthongan kira-kira 5 meter saka lemah. Sikile candhi awujud pesagi kanthi ukuran 15  x 15 m. Dhuwure kira-kira 17 meter.  Ing wektu iki senthongan mau wis bisa diunggahi lan dileboni.
Ing sakidule dhukuh Kebon Candhi ana dhukuh Derma.(Dermo). Yen nitik jenenge dhukuh Derma bokmanawa biyen-biyene candhi iki kanggo “pendarmaan” utawa kanggo makam.  Mung wae sapa sing dimakamake ing kono durung ana katrangan kang gumathok.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...