Candhi Jedhong
mapan ana sikiling gunung Penanggungan, ing desa Wotanmas Jedhong, kecamatan
Ngoro, kabupaten Mojokerto.
Candhi Jedhong
awujud gapura padhuraksa sing digawe saka watu andhesit lan bata. Miturut
laporan taun 1907 biyene ana gapura cacah telu, saiki mung kari loro sing isih katon
wutuh. Gapura kang ginawe saka bata mapane ana ing sisih lor sing saiki
mung kari tilase wae. Ing gapura bata mau tinemu tulisan kanthi angka
taun 1326 Ç
(1404 M). Dene gapura loro kang ginawe saka watu andhesit antarane siji lan
sijine dohe watara 80 meter. Nalika ndhudhuk (ekskavasi) ing kiwa tengene
wewangunan gapura ana struktur wangunan bata pager bata kang nyambung antarane
gapura siji lan sijine. Saliyane pager bata uga ditemokake lingga, reca Dwarapala,
Jaladara, kang digawe saka watu andhesit, lan gentha saka prunggu.
Ing
lawanging gapura I, tinemu candrasengkala “Brahmana – Nora – Kaya – Bhumi kang ateges taun 1307 Ç (1385 M). Gunane
gapura iki minangka plawangan mlebu tumuju menyang wewengkon Perdikan (sima)
Wwatan. Gapura I nduweni ukuran ujure 12,51 m, alange 5,19 m, lan dhuwure 9,75
m. Adhepe lawang gapura iki ngetan – ngulon.
Gapura II
wujude luwih cilik tinimbang gapura I kanthi ukuran ujure 6,86 m, alange 3,40 m
lan dhuwure 7,19 m. Digawe saka watu andhesit,
ing gapura II ora tinemu angka taun, nanging ing sacedhake gapura II
tinemu tilase wewangunan kang ngemu angka taun 1378 Ç ( 1456 M). Kanthi
katrangan kasebut ateges nganti taun 1456 M gapura Jedhong isih digunakake.
Negara
anggone ndandani utawa mbangun (pemugaran) candhi iki diwiwiti ing taun 1992 /
1993 nganti taun 2004. Pambangune candhi iku dilaksanakake dening Proyek Pembinaan
Peninggalan Sejarah dan Purbakala Jawa Timur.
Katrangan bab Candhi
Jedhong diweruhi saka anane prasasti kang wis ditemokake. Prasasti iku minangka
bukti awujud tulisan (utawa gambar) saka jaman kuna sing bisa menehi katrangan
ngenani kedadean ing jaman kuna, asal-usul ratu utawa paraga utawa genealogi,
lan uga penanggalan. Prasasti kang ngemot Jedhong kang wis kasil diwaca dening
ahli epigrafi ana 12. Epigrafi yaiku sempalaning ngelmu arkeologi yang naliti
barang-barang kang ngemot tulisan kanga asale saka jaman kuno.
Prasasti kang
ngenani situs Jedhong dening sarjana sujana epigrafi diwenehi jeneng utawa diwenehi
kodhe Jedhong I – XII.
1.
Prasasti Tulangan (Jedhong I), digawe saka
prunggu, nganggo basa lan aksara Jawa
Kuna ditemokake ing wewengkon Jedhong (Brandes 1913, Naersen 1938). Situs
Jedhong wis ana wiwit taun 832 Ç (910 M) jalaran ing wektu iku Jedhong
wis dadi desa perdikan (sima) Tulangan. Jeneng Tulangan mujudake jeneng awal
saka Jedhong. Wektu kang dadi ratu yaiku Prabu Dyah Balitung (898 – 913 M) ing negara
Mataram Kuna.
2.
Prasasti Kembang Sri (Jedhong II), nganggo
aksara lan basa Jawa Kuna, taun 848 Ç ( 926 M) kang isine ngandharake Prabu Rakai
Layang Dyah Tulodhong, kang mrentah Mataram Kuna, taun 920 – 928 M ngganti
jeneng Jedhong dadi Kambang Sri.
3.
Prasasti Kembang Sri II (Jedhong III), digawe
saka watu, nganggo saksara lan basa Jawa Kuna, kang nduweni angka taun 850 Ç
(928 M)(Verbeek 1891). ing wektu iku bebarengan karo paprentahane ratu Prabu
Mpu Sendhok ing
Jawa Wetan, taun 929 – 948 M.
Kraton Mataram Kuna wis ngalih saka Jawa Tengah menyang Jawa Wetan.
Pepuntone saka prasasti loro mau : Prabu Tulodhong mrentah Mataram Kuna ing Jawa Tengah, dene Prabu Mpu Sendhok mrentah Mataram Kuna ing Jawa Wetan.Ing wektu iku situs Jedhong isih dijenengake Kambang Sri. Data liyane nerangake yen situs Jedhong wis dadi desa perdikan kang didjenengake Tulangan, sateruse banjur diowahi dadi Kambang Sri.
Pepuntone saka prasasti loro mau : Prabu Tulodhong mrentah Mataram Kuna ing Jawa Tengah, dene Prabu Mpu Sendhok mrentah Mataram Kuna ing Jawa Wetan.Ing wektu iku situs Jedhong isih dijenengake Kambang Sri. Data liyane nerangake yen situs Jedhong wis dadi desa perdikan kang didjenengake Tulangan, sateruse banjur diowahi dadi Kambang Sri.
4.
Prasasti Jedhong IV , digawe saka watu, aksara
lan basa Jawa Kuna, nganggo angka taun 1041 Ç ( 1119 M) (Knebel 1907) nalika paprentahane Ratu Prabu Bameswara ing Panjalu.
5.
Prasasti Jedhong V lan Va kang ginawe saka watu,
nganggo aksara lan basa Jawa Kuna, kang nduweni angka taun 1161 Ç ( 1239
M) (Verbeek 1888) . Ing wektu iku ateges kang nyekel negara Anusapati saka
Singasari (Hasan Djafar 1978) wewengkon negara Singasari nganti tumeka ing kene. Prasasti Jedhong Va
nduweni angka taun 1169 Ç (1247 M), uga ing wektu paprentahane Anusapati ing
Singasari.
6.
Prasasti Jedhong VI digawe saka bata, nganggo
aksara lan basa Jawa Kuna, nduweni angka taun 1198 Ç (1276 M) (Verbeek 1891)
ing wektu paprentahane Prabu Kertanegara (1268 – 1291 M ) saka Singasari.
7.
Prasasti Jedhong VII lan VIII digawe saka watu,
nganggo aksara lan basa Jawa Kuna, nduweni angka taun 1237 Ç (1315 M)
(Bosch 1918) lan taun 1248 Ç (1326 M) (Knebel 1927) ing wektu paprentahane Ratu
Prabu Jayanagara saka Majapait.
8.
Prasasati Jedhong (?) saka watu putih, nganggo
aksara lan basa Jawa Kuna, nduweni angka taun 1270 Ç (1348 M) sing diukir ana
pedestal. Prasasti iki nalika paprentahane Bhre Kahuripuan / Tribhuwana Tungga
Dewi (1328 – 1350 M) (Hasan Djafar 1978).
9.
Prasasti Jedhong IX lan X , saka watu, nganggo
aksara lan basa Jawa Kuna, karo-karone ngemot angka taun 1298 Ç (1376 M)
(Krom 1911) lan taun 1307 Ç ( 1385 M)(TBG XLVII, 1954) ateges nalika diprentah dening Prabu Hayam
Wuruk ing Majapait. Prasasti kasebut ditemokake sacedhake gapura I ngemot inskripsi
tulisan kang awujud sengkalan Bhrahmana
– Nora – Kaya – Bumi ( 1307 Ç (1385 M) (Brandes 1888).
10.
Prasasti Jedhong XI lan XII, digawe saka watu,
loro-lorone ngemot angka taun 1350 Ç ( 1428 M) (Krom 1915) lan taun 1378 Ç (
1456 M) (Verbeek 1891) nalika paprentahane Bhre Hyang Purwawisesa (
Girisawardhana, 1456 – 1466 M)(Hasan Djafar, 1978). Mula bisa ditafsirake
miturut prasasti- prasasti mau yen wewengkon
Perdikan Jedhong wis ana wiwit Mataram
Kuna nganti tekan Majapait.
Saliyane prasasti-prasasti ing dhuwur iku Negarakretagama ngemot :
[Pupuh 76]
lwir ni darmma lpas / pratista ciwa mukya kuti balay i kanci
len kapulunan, roma mwaɳ wwatan içwaragrha ……..
tegese :
Desa perdikan agama Siwa kang
tan kena pajek: kang kapisan asrama (patapan) Bale Kanci, uga Kapulungan, Roma,
sarta Wwatan, Iswaragreha ………lsp.
Tembung Wwatan dadi Wotan.
Tembung wotan saiki dadi arane desa kang dadi papane candhi Jedhong yaiku
Wotanmas Jedhong.
Yen panjenengan arep tindak
menyang candhi Jedhong, gampang. Saka pratelon Gempol, Pasuruan tindak ngulon.
Ngliwati Pusdik Kapulisen Watukosek, ngulon. Banjur mlebu menyang Lingkungan
Industri Ngoro. Saka LIK (Lingkungan Industri) metu maneh tumuju menyang desa
Wotanmas. Saka LIK dohe kira- kira
sakilo meter.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar