Candhi Sumber Rawan
manggon ing dhukuh Sumberawan, desa
Toyamerta (Toyomerto) kecamatan Singasari, kabupaten Malang. Saka candhi
Singasari adohe kira- kira 6 km arah ngalor ngulon. Manggon ing sikiling gunung
Arjuna. Saka lumahing segara 650 meter dhuwure. Sesawangane endah nengsemake. Ing
sacedhake candhi kono ana sumber kang gedhe banget ubalane. Biyen papan ing
kono pancen awujud rawa –rawa . Kahanan kaya mangkono mau wong-wong ing sakiwa
tengene banjur njenengi papan ing kono Candhi Rawan. Saiki banyu sumber mau
dibendung dadi tlaga kang banyune bening nyarong.
Sumber Rawan mau dadi
sumbere banyu resik kanggo banyu ombene wong Malang (PAM). Papan iki satemene
bisa dimekarake dadi papan wisata kang potensial. Dalan saka candhi Singasari
wis aspalan alus, mung wae rada ciyut jalaran pancen dalan kampung, dudu dalan
jurusan menyang kutha gedhe. Emane, dalan ing sacedhake candhi, saka pedhukuhan
kang paling dhuwur, dalane rada ndeder, banjur mudhun rada nemen, nanging ora
patia adoh. Arep mlebu menyang wewengkon candhi kudu ngliwati galengan gedhe
sing ora bisa diliwati montor.
Papan sakupenge candhi tinata
resik , apik lan hawane adhem seger, adoh saka suwara-suwara sing mbrebegi
kuping. Kanggone wong kutha sing saben dina kebrebegen swarane montor lan
kasereg ing pegaweyan, papan iki kepenak banget kanggo nentremake pikir. Adhem
ayem. Ing kono akeh bocah nom-noman kang teka mrono, utamane bocah –bocah kampung sakiwa tengene Singasari
kono. Bocah-bocah mau padha adus lelumban ing sumber.
Candhi Sumber Rawan
awujud gentha (stupa), lan ing Jawa Wetan mung siji ndhil ora ana tunggale. Siji-sijine
stupa ing Jawa Wetan. Candhi Sumber Rawan ditemokake sepisanan taun 1904. Ing
taun 1935 pamarentah Walanda nganakake panaliten , sabanjure candhi direstorasi
ing taun 1937.
Candhine ora pati
gedhe. Ukuran candhi dawane 6,25 m ambane 6,25 m lan dhuwure 5,23 m. Para ahli
sejarah uga nduweni pangira-ira yen candhi Sumber Rawan asipat agama
Buddha. Nanging uga ana ahli sing ngira
yen candhi iki asipat agama Hindhu. Candhi iki minangka wewujudan lingga kang
gedhe banget. Lingga minangka pralambange wong lanang utawa kang anyiptakake.
Ing agama Hindhu lingga dipercaya minangka pangejawantahane (manifestasi)
bathara Siwah. Lumrahe lingga diperang dadi telung perangan yaiku : Brahmabhaga
sing majupat (segi empat, sing paling ngisor), Visnubhaga sing maju wolu (segi
delapan, perangan tengah), lan Çivabhaga kang awujud gilig (lingkaran, perangan
sing dhuwur).
Pucaking candhi wis
ilang. Candhi iki ora nduweni undhak-undhakan, lan ora ana ukirane babar pisan.
Candhi iki nduweni sikil candhi, lan awaking candhi awujud gentha (stupa). Ing
batur candhi ana selasar lan sikiling
candhi mau nduweni penampil ing saben
iringane. Ing sadhuwure sikil candhi ana lapak kang awujud pesagi papat (bujur
sangkar) lan lapak awujud maju wolu (segi delapan) kanthi bantalan kembang
terate (padma). Ing bageyan dhuwur awujud gentha (stupa) kang pucake wis ilang.
Lapak mau minangka pralambange para dewa. Lapak kang awujud majupat (bujur
sangkar) minangka pralambange bathara Brahma (Brahmabhaga), lapak maju wolu
pralambange bathara Wisnu (Visnubhaga), lan kang gilig (lingkaran) minangka
pralambange bathara Siwah (Çivabagha). Miturut pangira-irane para ahli, biyen pucake
candhi iki pancen sengaja ora dipasang utawa mesthine bakale diwenehi rerenggan
payung utawa Chattra. Kanthi wewujudan kang kaya mangkono ora luput yen candhi
Sumber Rawan asipat agama Hindhu. Sarehne sisa-sisa candhi mau ora ditemokake
mula anggone ndandani utawa ngrestorasi mung nganti teka samono.
Ing sajroning candhi
ora ditemokake senthongan sing lumrahe kanggo nyimpen barang-barang utawa
prabot kang dianggep suci. Dadi mung wujud blegere wae kang nuduhake yen
wewangunan kasebut awujud stupa. Banjur thukul pitakonan perlune kanggo apa
candhi Sumber Rawan mau ? Apa mung wujude wae kaya stupa nanging kanggone
(fungsi) ora kaya stupa-stupa lumrahe ? Sing cetha candhi Sumber Rawan mau
pancen kanggo pamujan. Para ahli sejarah nduweni pangira-ira yen ing jaman Majapait
papan ing kono dijenengake Kasurangganan.
Tembung kasurangganan tegese tamane para dewa utawa widadari. Ing agama Hindhu
ana kapercayan yen para dewa iku manggon ing pucaking gunung. Ing saben
kalamangsa para dewa lan para widadari padha tindak menyang papan kono saperlu
lelangen utawa ngenggar – enggar panggalih.
Ing candhi iki ora
tinemu angka taun utawa prasasti kang nerangake kapan lan sapa kang nggawe
candhi. Mung wae disebutake ing Negarakretagama nalika taun 1281 Ç (1359 AD) Prabhu Hayam Wuruk tetinjo menyang
desa ngadesa mampir menyang Sumber Rawan:
nrpati huwus mamuspa ri dalm / sudarmma
sakatustaniɳ twas ginöɳ,
hana ni kduɳ bhiru ri kacuranganan / mwan i burɳ lanonyenituɳ.
hana ni kduɳ bhiru ri kacuranganan / mwan i burɳ lanonyenituɳ.
Tegese :
Sang Narapati sawise nyekar ing sajroning candhi,
banjur angenggar-enggar panggalih
ana ing Kedhung Biru (mBiru), Kasurangganan, sarta ana ing Bureng lelangen
(Negarakretagama 35 : 4)
ana ing Kedhung Biru (mBiru), Kasurangganan, sarta ana ing Bureng lelangen
(Negarakretagama 35 : 4)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar