Candhi Singasari (Singosari) mapan ing sukune gunung Arjuna,
ana ing dhukuh Krajan, desa Candhirengga, kecamatan Singasari, kabupaten
Malang. Saka kutha Malang dohe kira-kira 10 km mangalor, ora adoh saka pasar
Singasari. Saka pasar mangulon mlebu dhukuh Tumapel, menggok ngalor, anjog ing
candhi Sangasari. Ya ing kene iki Tunggul Ametung makuwu, cikal-bakale kraton
Singasari. Panggonan candhi mau yen diukur saka lumahing segara kira-kira 512 m
dhuwure.
Candhi Singasari digawe saka watu andhesit (watu item),
madhep mangulon. Ambane dhasare candhi 14 x 14 m pesagi lan dhuwure 15 m.
Cakriking candhi Singasari katon seje dhewe yen ditandhing karo cakrik
candhi-candhi ing Jawa Wetan. Candhi kaya-kaya tumumpang ing batur. Sikiling
candhi dumadi saka senthong kang isi reca. Ing awaking candhi katon ana legokan
kang ora pati jero (relung) kothong tanpa reca. Ukirane ngremit. Sirahing Kala
ing plawangan sisih dhuwur diukir kanthi ngremit, nanging sirah Kala ing dhuwur
lawang candhi sisih ngisor katon prasaja. Bab iki ndadekake pangira-ira yen
candhi Singasari digarap saka dhuwur mangisor. Saliyane iku ana sawenehing ahli
sejarah nduweni pangira-ira yen kahanan kaya mangkono iku nandhakake yen candhi
Singasari kalebu candhi kang ora (durung) rampung.
Mlebu menyang candhi saka lawang regol sisih kidul banjur
munggah undhak-undhakan tumuju menyang baturing (pondhasi) candhi. Batur candhi
katon rada dhuwur awujud maju pat pesagi (bujur sangkar). Saka palataran batur ngarep
mlebu menyang senthongan kang madhep ngulon, ing kono senthongan kang paling
pokok, isi yoni. Ing kanan keringe senthongan kuwi ana senthong utawa legokan kang
ora pati jero (relung penampil) kang kosong ora ana recane. Ing iring kidul ana
senthong kang mapane rada luwih maju, ing jerone isi reca Batahara Siwah (Siwa)
Mahaguru utawa resi Agastya. Ing iring wetan ana senthongan kang kosong, kang
ana mung lapake reca. Ing senthong iki mesthine isi reca Ganesha,ing iring lor
uga padha, ora ana recane sing mung lapake reca. Ing kene mesthine isi reca
Bathari Durgamahisasuramardini. Ana katrangan yen reca-reca kang ora ana ing
candhi kono mau disimpen ing Museum Leiden, Walanda.
Cakriking candhi Singasari saemper utawa minangka tetironing
gunung Mahameru kang dadi panggonan kahyangane para dewa. Bab iki diterangake
ing Negarakretagama 37 : 2.
prasada mungwi tnah asmu kadbhuta halp nika hyan aruhur,
lwir meru parwwata çiwapratista çiwawimbha mungu ri dalm,
lwir meru parwwata çiwapratista çiwawimbha mungu ri dalm,
tegese :
Menaraning candhi manggon ing tengah katon banget endahe dhuwur,
kadya gunung Meru kahyangane bathara Siwah, lan recane bathara Siwah manggon ing jerone
kadya gunung Meru kahyangane bathara Siwah, lan recane bathara Siwah manggon ing jerone
Manut kapercayane wong Hindhu, Bathara Siwah (Siwa) manggon
ing pucaking gunung Kailasa. Gunung Kailasa mau dikupengi gunung-gunung kang
luwih cendhek, kayata: gunung Gandamana (Gandamadana ?) (sisih wetan), gunung
Mandara (sisih kidul ), gunung Vipula lan gunung Suparsya. Mula ing candhi
Singasari, gunung Kailasa digambarake awake candhi kanthi pucak kang dhuwur dhewe,
lan dikupengi wewangunan senthong candhi kanthi pucak kang luwih endhek miturut
arahing keblat papat. Mung wae yen disawang kahanan saiki, gegambaran pucak-pucak sing luwih endhek kang
digambarake payoning candhi mau wis ora
ana lan mung katon rata. Payone candhi iki ilang apa pancen ora ana, nganti
saiki durung bisa dipesthekake.
Adeging candhi Singasari iki gegandhengan karo Prabu
Kertanegara. Miturut kitab Negarakretagama 37 : 1, candhi iki arupa pandharman
Prabhu Kertanegara sing gugur ing taun 1214 Ç (1292 AD) jalaran diprejaya prajurit Kedhiri sing
dipandhegani Jayakatwang. Pararaton uga nyebutake “Çri
Çiwabuddha dhinarma ring Tumapel, bhisekaning dharma ring Purwapatapan”.
Akeh panemu sing ngandhakake yen candhi iku minangka makam
utawa kanggo nyimpen awuning jenazahe para ratu. Kaya ing prasasti Gajah Mada
mratelakake yen candhi Singasari iki minangka makame Prabhu Kertanegara,
katitik ing larikan kapisan lan kapindho : //0// i śaka. 1213. jyeşta māsa. i rika diwaśani kamoktan
pāduka bhaţāra saŋ lumah ri śiwabuddha //0// kang tegese : Ing taun Çaka 1213
(1291 AD),wulan Jyesta,ing wektu iku sedane paduka Bathara (Kertanegara)
kang dipetak (dikubur) ing Śiwabuddha (Candhi Singasari).
Jalaran Prabhu Kertanegara ngrasuk agama Siwabuddha,
mesthine senthongan ngisor kanggo mapanake reca-reca agama Hindhu (Siwah) dene
ing dhuwur (kang minangka awaking candhi) kanggo mapanake reca-reca kan asipat
agama Buddha. Mung wae nganti saiki reca-reca kang asipat agama Buddha durung
ditemokake.
Para ahli sejarah nduweni panemu yen candhi Singasari iki manggon
ana ing satengahing kutha raja Singasari. Candhi iki minangka candhi Karajan
(candi Negara), kang dadi panggonan kanggo nganakake upacara-upacara kraton. Katitik
saka anane alun-alun kuna kang manggone ana ing sisih kulone candhi, dohe saka
candhi kira-kira 200 meteran. Ing kono ana reca Dwarapala kang dhuwure kira
rong meteran punjul, nandakake yen candhi Singasari iku candhi sing istimewa.
Reca Dwarapala mau cacahe loro, sing siji madhep ngalor, dene sijine madhep
ngetan madhep menyang prenahe candhi.
Wujuding reca Dwarapala kang ana candhi Singasari uga
nyleneh, beda karo reca Dwarapala kang ana papan liya. Lumrahe reca Dwarapala
iku mandhi gada utawa mangkul gada, nanging ing Singasari gadane Dwarapala
diselehake ing pupune. Kira-kira Dwarapala mau kesel anggone mangkul gada, mula
gadane banjur diselehake.
Manut panaliten komplek candhi Singasari ambane kira-kira 400
x 400 m lan dumadi saka candhi kang cacahe luwih saka siji. Ing bab iki
Negarakretagama nerangake :
wwanten /
kteka kidul iɳ sudarmma ri dalm / pratista katilar,
naɳ bhapra gopura padaruhur kkasugatan / bataɳ nika danu,
ri jronya danka turunan baturnya kari purwwa kulwan anana,
nhiɳ purnna sanghyarikha len pamujan atitah bataban aruhur.
naɳ bhapra gopura padaruhur kkasugatan / bataɳ nika danu,
ri jronya danka turunan baturnya kari purwwa kulwan anana,
nhiɳ purnna sanghyarikha len pamujan atitah bataban aruhur.
Tegese :
Ana ing sakiduling
candhi ing jero wis sepi suwe banget tininggal
tembok sarta gapura kasogatan isih ngadeg ing panggonan iku nalika biyene,
ing jerone ambles mangisor sikile (batur) kari ing wetan, kulon wis ora ana
ing sanggar lan pamujan katon pinager bata abang dhuwur
tembok sarta gapura kasogatan isih ngadeg ing panggonan iku nalika biyene,
ing jerone ambles mangisor sikile (batur) kari ing wetan, kulon wis ora ana
ing sanggar lan pamujan katon pinager bata abang dhuwur
Nalika Mpu Prapanca ndherekake tindake Prabhu Hayam Wuruk
nggambarake yen kahanane candhi ora pati kerumat (Neg 37 :5)
lwir stry
agrin anranehi ragi molm ikanaɳ cawinten awnes,
morawra camara nika kusut / mapusek oli lot kapawanan,
nyu danta lagi luluren / tapas nika pucanya tan kramasamun,
moghalume sah i tapihnya taɳ çara gadiɳ tan aryyakusikan.
morawra camara nika kusut / mapusek oli lot kapawanan,
nyu danta lagi luluren / tapas nika pucanya tan kramasamun,
moghalume sah i tapihnya taɳ çara gadiɳ tan aryyakusikan.
Tegese :
Kaya
wanodya kang lagi gering, lelaranen, recane katon pucet
morak marik godhong cemara madhul madhul jalaran tansah kanginan
klapa gadhing lagi anglulur tapase wit pucang anglentrih
sanalika alum ilang tapihe pring gadhing lagi anglokopi tan ana lerene
morak marik godhong cemara madhul madhul jalaran tansah kanginan
klapa gadhing lagi anglulur tapase wit pucang anglentrih
sanalika alum ilang tapihe pring gadhing lagi anglokopi tan ana lerene
Ana sawenehing ahli sejarah nduweni panemu yen candhi
Singasari ora (dudu) kanggo makame utawa kanggo nyimpen awune Prabhu Kertanegara
kanthi dhasar candhi Singasari ora nduweni sumuran kanggo nyeleh pethi watu
(garbhapatra) kanggo nyimpen peripih. Sing kaping pindho Prabhu Kertanegara ing
wektu iku seda krana diperjaya dening mungsuh. Apa kira-kira mungsuhe
(Jayakatwang) nganakake upacara makamake Prabhu Kertanegara ing candhi negara?
Candhi Singasari ditemokake Walanda ing taun 1803, kahanane
wis rusak banget. Pamarentah Walanda ndandani (restorasi) rampung ing taun
1937.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar