Selasa, 05 Januari 2016

ATER-ATER ANUSWARA




Miturut panemune ahli basa Jawa anyar sing lawas, ater-ater anuswara ana 4  yaiku : am (m), an (n), any (ny), ang (ng). Anuswara tegese : swara irung (nasal, sengau). Satemene ater-atere yaiku "a" katambahan nasal (N). Padha persis karo ater-ater "haN- " ing basa Jawa Kuna. Miturut panemune ahli basa Jawa saiki rumuse dadi :
aN- + lingga
Ater-ater anuswara (aN-) ngalami owah-owahan wujud yen sumambung ing tembung lingga. Owah-owahan wujud mau dadi :  am (m), an (n), any (ny), ang (ng), lan nge. Dadi ater-ater anuswara iku ora mung 4 (papat) nanging 5 (lima). 

Panganggone :
Ater-ater am (m).
Dianggo yen karaketan tembung lingga kang purwane swara mati (konsonan) :  b, p, w
Tuladha :
am + buru > amburu > mburu
am + babat > ambabat > mbabat
am + bujung > ambujung  >mbujung
am  + begal  >ambegal  >mbegal

am + pangan  > amangan  > mangan
am + pikir  > amikir  > mikir
am + pijet  > amijet  > mijet
am + pikat  > amikat  > mikat

am  + warung  > amarung   > marung
am + warah  > amarah  > marah
am + wulang   > amulang   >  mulang
am + wadhah  + (i) > amadhah(i)   > madhah(i)

Katrangan :
Ana tembung sing nyebal saka paugeran (pakajaban) kang apurwa swara mati (konsonan ) w , yen karaketan ater-ater anuswara dadi ng, tuladha :
am + wetu + (ake ) > ngetokake
am + wedal + (aken) > ngedalaken

Ater ater an (n)
Dianggo yen karaketan tembung lingga kang apurwa swara mati (konsonan):  d, dh, t, th
Tuladha :
an + dudut  >andudut  > ndudut
an + deleng  > andeleng  > ndeleng
an + dangu  > andangu  > ndangu
an + dulang  > andulang  > ndulang

an  + dhupak  > andhupak  > ndhupak
an + dhangir  > andhangir   >ndhangir
an + dhodhog  > andhodhog  > ndhodhog
an + dhapuk  > andhapuk  > ndhapuk

an + tandur  > anandur  > nandur
an + titip  > anitip  > nitip
an + tulis  > anulis  > nulis
an + tiba  >aniba  > niba

an + thuthuk  > anuthuk  > nuthuk
an + thothok  > anothok  > nothok
an + thuthul  > anuthul  > nuthul
an + thithil  > anithil  > nithil

Ater –ater any (ny)
Dianggo yen karaketan tembung lingga kang apurwa swara mati (konsonan) c, j, s
Tuladha :
any + cukil  > anyukil  > nyukil
any + cidhuk  > anyidhuk  > nyidhuk
any + caruk  > anyaruk  > nyaruk
any + cucuk  > anyucuk  > nyucuk

any + jaluk  > anyjaluk  > nyjaluk   > njaluk
any + jupuk  > anyjupuk  > nyjupuk   > njupuk.
any + jereng   > anyjereng  > nyjereng  > njereng
any + jaga   > anyjaga  > nyjaga  > njaga

Katrangan :
Tembung ing dhuwur yen katulis nganggo aksara Jawa (gagrag Sriwedhari): anyjaluk, anyjupuk, anyjereng, anyjaga. Yen katulis nganggo aksara Latin : njaluk, njupuk, njereng, njaga.

any + sapu   > anyapu  > nyapu
any + serok   > anyerok   > nyerok
any + sedhot   > anyedhot   > nyedhot
any + senggol   > anyenggol  > nyenggol

Ater – ater ang (ng)
Dianggo yen karaketan karo tembung lingga kang purwane swara  mati (konsonan) g, k, r, l, y, lan swara urip
Tuladha :
ang + gambar   > anggambar  > nggambar
ang + gulung   > anggulung  > anggulung
ang + garu   > anggaru  > nggaru
ang + ganti   > angganti  > ngganti

ang + kudang  > angudang  > ngudang
ang + kidung   > angidung   > ngidung
ang + kerok   > angerok   > ngerok
ang + kuras   > anguras  > nguras.

ang + rujak  >angrujak  > ngrujak
ang + rasa  > angrasa  > ngrasa
ang + rabi  > angrabi  > ngrabi
ang + rajang  > angrajang  > ngrajang

ang + lari  > anglari  > nglari
ang + luput + (ake)  > angluput (ake) > ngluput (ake)
ang + lunjak  > anglunjak  > nglunjak
ang + lindur  > anglindur  > nglindur

ang + yiyit + (i) > angyiyit (i) > ngyiyit(i).
ang + yekti   + (ake) > angyekti (ake)  > ngyekti (ake)
ang + yakin + (ake) > angyakin(ake) > ngyakin (ake)

ang + obong  > angobong  > ngobong
ang + owah + (i) angowah (i) > ngowah (i)
ang + ulu   > angulu  > ngulu
ang + undang   > angundang   > ngundang
ang + ili   > angili   > ngili
ang + irig   > angirig  > ngirig
ang + unjal   > angunjal  > ngunjal
ang + uber   > anguber   > nguber
ang + etung  > angetung  > ngetung
ang + eman  > angeman  > ngeman



ang + empan > empan (ake) > ngempa (kake)
ang + embah  > angembah > ngembah

Ater-ater anuswara kang karaketan tembung lingga kang tembunge mung sawanda, kayata: dang, dus, dol, bis, cet, pel, bel, lsp ater-ater mau owah dadi nge. Tuladha :
ang + dang > angdang  > ngedang
ang + dol > angdol > ngedol
ang + dus > angdus > ngedus
ang + bis > angbis > ngebis
ang + cet > angcet > ngecet
ang + pel > angpel > ngepel

Saiki, para ahli basa Jawa nduweni panemu yen owah-owahan ang dadi nge wis mujudake ater-ater kang madeg dhewe. Dadi ater-ater anuswara iku ana  5 (lima) : am, an, any, ang, lan nge.Lugune, owah-owahan kang kaya mangkono iku niru basa Jawa Kuna. Mung wae ing basa Jawa Kuna (bokmanawa) pangucape ora pati cetha, ing basa Jawa anyar dicethakake.
 

Katrangan :
1.       Ing tata tulis aksara Jawa (gagrag Sriwedari) tembung kang linggane apurwa swara mati (konsonan) anteb (b, g, j, d, dh) yen karaketan ater-ater anuswara ditulis jangkep am, an, ang, any. Ing tata tulis aksara Latin cukup ditulis m, n, lan ng. Ater-ater any ditulis n dudu ny.
2.       Ing buku-buku sastra kang adhapur tembang macapat ana tembung kriya tanduk kang ditulis mung  linggane  wae (tanpa ater-ater) jalaran mburu guru wilangan supaya trep, nanging tetep diwaca kaya yen karaketan ater-ater , kayata : bedhah praja boyong putri kudu diwaca “mbedhah praja mboyong putri”.
3.       Ing pocapan padinan ora bakal tinemu tembung-tembung andhodhok, anjaluk, anggambar, anjugil , amburu, lsp. Sing ana tembung ndhodhok, njaluk, nggambar, njugil, mburu, lsp. Tembung-tembung mau mung kanggo ing tata tulis utawa ing kasusastran, kang lumrah kanggo ngetrepi guru wilangan.
4.       Ana tembung sing nyebal saka paugeran, lumrahe tembung mau njupuk , niru, utawa kaprebawan basa Jawa kuna, tuladha : nuwun, nandhang , nayogyani, manembah, nambut, nusup, nusu, nungsung, nungsang.
5.       Tembung  ngalor, ngidul,ngetan , ngulon , dhapukane niru basa Jawa Kuna. Ater-atere dudu ater-ater anuswara

Gunane ater-ater anuswara :
Gunane ater-ater anuswara yaiku :
1.       Kanggo dhapuk tembung kriya tanduk (kata kerja aktif), tuladha : mangan, macul, mbalang, mbakar, ngombe, nggawe,  ngundha, ngancing, numbak, nuntun, nabrak, ndhudhuk, njarag, njiwit, njaga, njupuk.
2.       Kanggo ndhapuk tembung kahanan, tuladha : mbanyu, mbeguguk, mecicil, masir, mrekitik, mriyayeni, nglenga, ngglolo, nglangut, nglumut, nglimprek, ngayu, ndlewer, ndesani, ndrenginging, ndremimil, njenggarong, njenggureng, njedhodhot, njepiping,

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...