Candhi
Jawi mapan ing desa Candhireja, kecamatan Prigen, kabupaten Pasuruan. Ing
Negarakretagama disebutake “jajawa ri suku saɳ hyan adri kumukus “ kang tegese “Jejawa ing sukuning gunung kumukus utawa
gunung geni” yaiku ana ing sikiling gunung Welirang. Saka Pandhakan kira-kira 5
km arah menyang Prigen, ana ing pinggir dalan gedhe. Cedhak karo Taman
Candrawilwatikta.
Sakupenge
candhi ana blumbang kang dithukuli kembang trate. Iwake pating sliwer kumambang
ing satengahing blumbang. Sawise ngliwati blumbang banjur munggah ing pager
utawa pondhasi bata kang dhuwure kira-kira rong meter, anjog ing plataran
candhi kang ambane kira-kira 40 x 60 meter. Ing kulone candhi Jawi ana candhi perwara, cacahe
telu, nanging kahanane wis rusak banget jalaran digawe saka bata. Uga ana
tilase candhi bentar kang minangka plawangan lumebu menyang candhi. Saiki mung
kaya-kaya tumpukan bata wae. Ing pojok sisih kulon lor candhi ana wit gedhe kang
ndadedake adheme swasana. Angine sumilir rumasuk ing awak sakojur.
Candhi
Jawi iki uga diarani Jajawa utawa Jawa-jawa. Candhi digawe nalika jamane Prabhu
Kertanegara. Candhi iki uga dadi pandharmaning (makam, kanggo nyimpen awu) Sang Prabhu ing Singasari. Bab iki diterangake
ing Negarakertagama 56 : 1
kirtti çri
krtanagara prabhu yuyut nareçwara sira, tekwan rakwa siranadistita çarira tan
hana waneh, (
Didegake dening Prabhu Kretanegara, buyute sang Narendra, lan kabare mung
panjenengane ora ana maneh) .
Candhi
iki satemene wis rusak. Ing taun 1938 – 1941 didandani dening pamarentah Walanda,
nanging durung sampurna nganti teka ing payone candhi. Jalaran ing wektu iku
ana salarapan bageyan awake ana watu candhi kang ilang. Wiwit taun 1975
pamarentah Indonesia ndandani candhi iki nganti rampung kaya kang katon iki ,
rampung taun 1980 lan diresmekake taun 1982. Ukuran candhi iki ujure 14,24 m, alange 9,55 m
lan dhuwure 24,50 m.
Wujude
candhi Jawi iki cilik nanging dhuwur, madhep ngetan. Mesthine candhi madhep
ngulon, utawa madhep menyang gunung, mula ana sawenehing ahli kang nduweni
panemu yen candhi Jawi dudu candhi kanggo pamujan. Candhi pamujan lumrahe madhep
menyang gunung kang dianggep dadi papane para dewa. Manut pangira-ira adhepe
candhi jalaran kaprebawan agama Buddha. Ing ngarep candhi ana undhak-undhakan
(tlundhakan) kang tumuju menyang plawangan senthongan candhi. Rada dhuwur lan
ciyut. Miturut panaliten reca kang ana ing sajroning candhi yaiku Nandiswara,
Durga, Brahma, Ganesha lan Nandhi. Reca-reca kang ana ing sajroning candhi iki
wis ora ana jalaran wis dielih menyang museum utawa menyang papan liya supaya
ora dicolong maling. Miturut Negarakretagama ing kono uga ana reca Maha
Aksobhya, nanging wis ilang nalika candhi disamber bledheg ing taun 1253 Ç
(1331 AD). Kang kari ana ing jerone candhi mung yoni.
Ing
sikiling candhi direnggani relief kang mujudake sawijining crita, nanging durung
pati cetha crita apa kang dikarepake. Reliefe diukir ora pati jero, mula ana
sebageyan ana kang wis rusak. Urutan critane dikira-kira padha karo laku
Pradaksina utawa upacara memuja marang para dewa kang karan Dewayadnya. Ing
awake candhi ana legokan (relung), ing
dhuwure legokan mau ana wewujudan rai Kala.
Payone
candhi tundha telu, pucake awujud Pagoda (candhi kang payone tumpuk-tumpuk).
Ing Negarakretagama disebutake yen ing taun 1253 Ç (
1331 AD) Candhi Jawi nate disamber bledheg. Kedadean iku nyebabake ilange reca Maha
Aksobhya ing sajroning candhi. Mpu Prapanca ing Negarakertagama mratelakake yen
Candhi Jawi asipat Buddha lan Siwa, cihnaɳ
candi ri sor kaçaiwan apucak kaboddan i ruhur, (Wujuding
candhi ing ngisor Kasiwan apucak Kabuddhan ing dhuwur, Negarakretagama 56 :
21). Ing kono uga diterangake yen Prabhu Kertanegara ngrasuk agama Siwa Buddha.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar