Kamis, 26 November 2015

CANDHI JALATUNDHA




Candhi Jalatundha mapan ana ing dhukuh Balekambang, Desa Seloliman, kecamatan Trawas, kabupaten Mojokerto ,Jawa Wetan. Ana ing ereng-erenge gunung Penanggungan sisih kulon. Saka lumahing sagara dhuwure 525 meter. Manggon ana ing satengahe alas Perhutani, mula hawane krasa adhem seger.
Dalan tumuju menyang Candhi Jalatundha gampang, bisa liwat Trawas terus mudhun ngliwati alas Perhutani, bisa liwat Pungging banjur munggah, lan uga bisa liwat Ngoro, Mojokerto. Dalane wis aspalan alus, bisa diliwati kanthi kepenak.
Candhi Jalatundha satemene dudu candhi nanging patirtan. Patirtan iki awangun pesagi  kanthi ukuran 16 x 13 meter. Madhep ngulon. Ing sisih kanan lan sisih kiwa, ana kolah cilik. Ing sadhuwure kolah cilik mau ana wewangunan kang saya mendhuwur sangsaya cilik kaya wangunan candhi sing nemplek ana ing tembok watu ing  burine. Wewangunan iki satemene nduweni legokan (gowokan , relung) cacah loro sing ana ing dhuwure legokan mau ana wewangunan rai Kala. Legokan ing dhuwur wis kosong, sing bageyan sing ngisor ana reca naga kang kanggo ilen-ilene banyu saka tembok watu buri menyang kolah.  

Wujude kolah iki satemene matundha-tundha. Mula diarani Jalataundha kira-kira kolahe matundha-tundha. Jala ateges banyu, tundha wis ngarani. Lan pucake ana ing tengah-tengah minangka symbol kang nggambarake gunung Mahameru. Ing mitologi Hindhu gunung Mahameru dianggep minangka gunung suci papane utawa kahyangane para dewa. Anggepan kaya mangkono iku stemene wis ana ing jaman megalitikum kang nganggep yen gunung iku papane rohe para leluhur.
Patirtan Jalatundha dianggep minangka lambange samodra kaya ing crita Amertamanthana. Amertamanthana nyritakake dumadine donya saka pangebure samodra susu kanggo  nggolek banyu suci tirta amerta utawa banyu panguripan. Gunung Mahameru digubed dening naga Basuki, Adhedhasar crita iku kolah Jalatundha dipadhakake karo segara. Dene tlundhakan pancuran kang awangun bunder sing digubed naga nglambangake gunung Mahameru. Banyu kang metu saka pancuran iku dianggep banyu suci.
Para ahli sejarah  kayata Stutterheim, Krom, Van Stein Callenfels nduweni panemu yen patirtan Jalatundha minangka makam, nanging uga ana ahli sing nduweni panemu yen patirtan Jalatundha dudu makam.

Tinggalan kuna kang awujud relief ing patirtan iki satemene wis akeh sing ilang lan akeh sing rusak lan sebageyan wis akeh ora dimangerteni ing ngendi papane kang sakawit. Relief-relief kang isih manggon ing papane kang sakawit mung kari telu , yaiku kang manggon ana ing sisih lor wetan. Ing wektu iki relief-relief mau sumebar ing sawetara panggonan kayata ing Museum Pusat Jakarta cacahe ana lima, lan ing plataran kantor BP3 Jatim ana siji.
Bosch, sawijining ahli sejarah wis kasil nata urutan panil relief ing panggonan kang samesthine. Isine crita ing panil kasebut yen diwaca saka kiwa yaiku njupuk saka crita Mahabharata lan Katasaritsagara. Crita Mahabhrata kang diukir ana ing panil kasebut diwiwiti saka adegan Begawan Palasara nganti Prabhu Janamejaya nalika nganakake kurban ula. Dene crita Kataritsagara nyritakake Udayana lan ibune (Mrgawati) diselong (diasingkan) ing gunung Udayaparwa. Ing crita kasebut nalika Mrgawati lagi mbobot Udayana  dicolong dening manuk garudha digawa menyang pucaking gunung. Ya ing gunung mau Udayana lair. Sawise pat belas taun diselong wusanane Udayana bisa ketemu maneh karo bapake yaiku Prabhu Sahasranika.

Saliyane relief ing patirtan Jalatundha ana prasasti wujudw ukara mung cendhak nganggo aksara Jawa Kuna cacah papat, yaiku :
1.                  Angka taun 899 Çaka ing tembok watu sisih dhuwur kiwa.
2.                  Tembung “Gempeng” ing tembok watu ing sisih dhuwur sisih tengen
3.                  Tembung “Udayana” ing sisih kidul wetan
4.                  Tembung “Mrgayawati” ing sisih kidul wetan.
Para ahli sejarah sarujuk yen angka 899 Çaka iku angka kang nuduhake panggawene patirtan Jalatundha. Yen pancen mangkono ateges ing wektu iku Udayana lagi umur 14 taun.
Crita ngenani Mrgawati dicolong dening manuk garudha kira-kira nggambarake ngungsine Udayana menyang tanah Jawa jalaran ing Bali lagi ngalami pralaya. Kedadean iku bisa dideleng saka tulisan “gempeng” kang ateges lebur, rusak, dikubur, utawa rasa sedhih. Dene tulisan Udayana lan Mregayawati kanggo njejegake kalungguhan kanthi nyebut jenenge ibune. Udayana krama karo putri ratu tanah Jawa yaiku Gunapriyadharmapatni.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...