Candhi
Ngetos mapan ana ing desa Ngetos, kecamatan Ngetos, Kabupaten Nganjuk, Jawa
Wetan. Saka alun-alun kutha Nganjuk,
ngidul. Sawise ngliwati kecamatan Brebek arah menyang Sedhudha (Sedudo) teka dham Kuncir menggok ngiwa tumuju menyang kecamatan Ngetos.
Candhi Ngetos manggon ana sikiling gunung Wilis iring wetan.
Kahanane
candhi isih katon blegere, madhep ngulon. Jalaran digawe saka bata, mesthi wae
gampang rusak, ora kaya yen candhi mau digawe
saka watu, mula candhi wis akeh sing kikrip. Kanggo nanggulangi
kikriping bata, wis disemen tambal sulam supaya ora tambah nemen rusake. Payone
wis ora ana. Ornament Kala sing mesthine
papat, mung kari siji sing wutuh yaiku
ing sisih kidul.
Candhi
digawe kira-kira jaman Majapait. Yen manut Negarakretagama karangan Mpu
Parpanca ing pupuh 78:2 diterangake :
yekiɳ darmma lpas / rinaksa mapagöh
riɳ swakramanyeɳ danu,
milwaɳ sima ta pratista pinakadinyan / swatantra sthiti,
banwan tunkal i siddayatra jaya len siddahajöɳ lwah (126a) kali,
twas / waçista palah padar sirinan adinyaɳ kacewankuran.
milwaɳ sima ta pratista pinakadinyan / swatantra sthiti,
banwan tunkal i siddayatra jaya len siddahajöɳ lwah (126a) kali,
twas / waçista palah padar sirinan adinyaɳ kacewankuran.
Yaiki
darmma lpas (tanah perdikan kang ora mbayar pajek) dijaga kukuh kaya
adat kang lawas, sabanjure sima
tanpa candhi katetepake dadi swatantra, Bangwan Tungkal, ing Sidayatra, Jaya,
lan Sidahajeng, Lwah Kali, Twas, Wasista, Palah, Padar, Siringan, iku desa
perdikan kang nggilut agama Siwa.
Ing
sloka mau ana tembung TWAS. Kira-kira tembung TWAS banjur owah dadi TOS. Ing padinan tembung TOS banjur dadi NGETOS
kaya kang rinungu saiki-iki, kaya ing tembung ban dadi ngeban, dol dadi ngedol,
lsp. Yen panemu iki bener, nalikane Mpu
Prapanca ngarang Negarakretgama (1287 C = 1365 A.D.) candhi iki durung ana.,
ateges panggawene candhi iki sawise Negarakretagama ditulis, jalaran kang
katulis iku desa-desa perdikan Siwa kang
ora ana candhine.
Para
ahli kaya dene N.J.Krom ana sing nduweni panemu yen candhi Ngetos iki ana
Paramasoeklapoera kang dadi makame
Prabhu Hayam Wuruk. Candhi iki biyene dikupengi tembok mubeng. Dene Hoepermas
nduweni panemu yen sacedhake candhi iki uga didegake candhi liya, wangune padha
mung wae ukurane luwih cilik.
Saliyane ing Negarakretagama ing Pararaton Bagian X
tinulis “Bhra Hyang Wekasing Sukha mokta, i çaka medini-rûparameku”. Bhra Hyang
Wekasing Sukha iku Prabhu Hayam Wuruk. Surude disengkalani: i çaka
medini-rûparameku. Medini = 1, rupa = 1, rama = 3, iku = 1 dadi 1311 C utawa
1389 A.D. Nanging ing bagean XI
ditulis : “Bhra Hyang wekasing suka
mokta, sang mokta ring Indrabhawana, i çaka janma-netragni-sitangsu, 1321 C (1399 A.D. ), sang dhinarmeng Tajung, bhisekaning
dharma ring Paramasukapura”. Padha-padha tembung “mokta” nanging wektune kacek
sepuluh taun. Apa wektu kang kari iku nalika upacara Srada dianakakake ?.
Lumrahe upacara Srada iku dianakake sawise rolas taun saka surude.
Antarane surude prabhu Hayam Wuruk karo rampunge
panulise Negarakretagama ana wektu kira-kira 24
taun.
Ukuran
candhi :
Dawane candhi 9,1 m, dhuwure awak
5,43 m, dhuwure candhi nganti teka pucak 10 m, undhak-undhakane 3,75 m, ambane plawangan 0,65 m, dhuwure
undhak-undhakan menyang jero candhi 2,47 m, senthongan njero 2,4 m.
Ing
candhi Ngetos wis ora ditemokake reca babar pisan. Mung dongenge biyen an areca
cacah loro, paidon lan baki. Paidon lan baki
mau digawe saka kuningan.
Miturut
dongenge wong kono, biyen ing kono ana candhi cacah loro, kembar. Mung siji
luwih cilik. Wong kono ngarani Tajum. Ing Pararaton disebutakae Tajung. Bedane
tembung Tajum karo Tajung kira-kira padha karo “singha” karo “simha” kang
tegese padha yaiku macan. Miturut panemune Soekmono , Prabhu Hayam Wuruk dimakamke ing Tajung
wewengkon Brebek, Kediri.
Isih
miturut dongeng, Raja Ngatas Angin kang aran R. Ngabei Selapurwata didhawuhi
yasa candhi. R Ngabei Selapurwata nduweni patih kang aran Candrageni (situs
Candrageni ing sacedhake grojogan Sedhudha kira-kira telung kilometer). Dheweke nduweni sedulur ana ing Bantar Angin
Lodhaya (Blitar). Ratu loro mau didhawuhi yasa candhi. Raden Ngabei Selapurwata
banjur ndhawuhi Empu Supa nggawe candhi ing Ngetos. Krana saktine , ora suwe
candhi Ngetos bisa dirampungake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar