Sabtu, 26 Mei 2018

AYO NGREKSA SEGARA





JALANIDITAH SARVA JIVITAM.

Ukara saka basa Sanskrit kang ana baliho iku yen ditegesi awagan wae, kira-kira tegese segara iku sakabehing urip, utawa segara iku sumbering urip, utawa segara iku sakabehing panguripan. Jaladhi utawa jalanidhi tegese segara, samudra, jaladri. Sarva tegese kabeh, sakabehe, sabarang kalir. Jiivita tegese urip, penguripan utawa kauripan (koripan).
            Miturut panemune para sarjana, makhluk kang urip neng alam donya iki kawiwitan saka segara. Kawitan thukul thukulan sasel, rong sel, nganti yutan sel. Kewan uga mangkono, diwiwiti saka kewan sasel, rongsel nganti kaya saiki kang tinemu ing alam donya. Kabeh mau kawiwitan saka segara. 80 persen saka barang kumelip kang urip ing alam donya ana ing segara. Warnane kewan ing segara luwih akeh katimbang kewan ing dharatan. Segara njurung kekuatan alam kanggo njaga penguripan ing planet bumi. Tanpa segara ora bakal ana barang utawa makhluk kang urip ing salumahing bumi.
            Segara mrebawani sarta ngatur iklim ing bumi, lan ngatur cakra manggilinganing banyu, karbon lan nitrogin. Segara nyedhiyakake protein sarta pangan sing pokok yaiku iwak, urang, kerang, mamalia laut, lan rumput laut. Gunane segara liyane kanggo sarana transportasi kang murah, pembangkit listrik, sumber mineral utawa barang-barang pelikan. Kabeh mau kanggo kepentingane manungsa. Mula ayo padha dijaga supaya aja nganti rusak, segara bisa lestari kanggo anak putu.
            Kita bisa njaga segara kanthi cara ing antarane :
1.      Ora ngrusak habitat iwak, kayata ngrusak terumbu karang, nggolek iwak nganggo bom, ngracun iwak, golek iwak nganggo jarring kang bisa ngrusak terumbu karang, ngatur papan sarta wektu daerah kang kena dipanen iwake, lan mbudidayake iwak kang lumrahe dikonsumsi dening manungsa.
2.      Aja mbuwang uwuh utawa sampah saenggon-enggon. Sampah utawa uwuh bakale utawa tundhone nglumpuk ana segara. Utamane uwuh saka plastic. Negara sing paling ora breduli ngenani uwuh plastic ing antarane Indonesia saliyane Tiongkok.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...