Candhi
Kidal mapan ana ing Desa Reja Kidal, kecamatan Tumpang, kabupaten Malang. Desa
Reja Kidal iku desa kang ana ing karang pradesan, adoh saka dalan gedhe (protokol).
Papane sepi ora pati akeh montor kang ngliwati desa kono. Yen kepingin teka
mrono kudu nggawa kendharaan dhewe utawa ngojek saka kutha Malang. Saka
alun-alun kutha Malang dohe kira-kira 12 km, prenah sakidul wetane alun-alun.
Madhep ngulon. Candi iki digawe saka watu andhesit. Ukuran candhi, dawane 10,8
m, ambane 8,36 m lan dhuwure 12,26 m. Manut pangira-irane para ahli, dhuwure
candhi sing asline nganti 17 m. Candhi iki direstorasi taun 1986 nganti teka
taun 1990.
Tembung “kidal”
bisa ateges kiwa, uga bisa ateges kidul (kidwal). Kira-kira wae jalaran mapane
reca iki ing sakidule kraton Singhasari mula candhi iki dijenengake candhi
Kidal. Candhi iki asipat agama Hindhu. Ing senthongan candhi wis ora ditemokake
reca. Ing senthongan gedhe (garbhagraha) mung ditemokake lingga lan yoni. Reca kang
ditemokake saka candhi kasebut yaiku reca Mahakala lan Nandiswara. Dene reca
Agastya, reca Ganesha lan reca Durga Mahisasuramardini wis ora ditemokake maneh.
Uga ditemokake reca kanthi patrap lungguh, mbokmanawa wae reca pantheon agama
Buddha. Uga ana reca lungguh, dikira-kira reca mau reca Manjuçri. Saliyane iku
uga ditemokake reca tanpa sirah, kanthi ciri-ciri nyekel cakra ing tangan
tengen lan tangan kiwa nyekel Sankha. Reca iki dinuga recane Bathara Wisnu.
Ing awake lan sikile candhi ana ukiran wujud sabuk lan medallion
ngubengi candhi. Ing saben ndhuwur plawangan senthongan (bilik) ana pepethan
sirah Kala kanthi mata mlolo, driji tangane nuduhake pangancam. Uga siyung kang
gedhe ngisor ndhuwur sarta lambe utawa uwang sisih ngisor jangkep. Wujud Kala
kang kaya mangkono ora kaya wujude Kala ing candhi Badhut utawa candhi Jawa
Tengahan. Wujud kaya mangkono mau ciri khas wujud Kala ing candhi Jawa Wetanan.
Saliyane candhi gedhe ana tilasing wewangunan majupat ing
sisih wetan. Ing pojok lor wetan lan pojok kidul wetan ana tlundhakan. Malah
ing taun 1901 isih katon tilasing wangunan kang digawe saka batabang ing
platarane candhi iki. Dinuga candhi Kidal iki arupa komplek candhi sing
kedadean lueih saka sapalataran (halaman).
Candhi
Kidal iki minangka candhi pandarmane Prabhu Anusapati, kang nggenteni Ken
Angrok dadi ratu ing Singhasari. Surude Prabhu Anusapati ing taun 1170 Ç (1248
AD). Kaya kang kacetha ing Negarakretagama pupuh 41:
bhatara
san anusanatha wka de bhatara sumilih wiçesa siniwi,
lawasniran amukti rin rat apageh tikaɳ sayawabhumi bhakti matutur,
çakabdi tilakadri çambhu kalahan/ bhatara mulih iɳ girindrabhawana,
sireki winanun/ pradipa çimbha rikaɳ sudarmma ri kidal.
lawasniran amukti rin rat apageh tikaɳ sayawabhumi bhakti matutur,
çakabdi tilakadri çambhu kalahan/ bhatara mulih iɳ girindrabhawana,
sireki winanun/ pradipa çimbha rikaɳ sudarmma ri kidal.
Tegese:
Bathara sang Anusanatha, putra panjenengane,
gumanti dadi ratu,
salawase nguwasani jagad , kukuh santosa, sa bhumi Jawa padha sumuyud,
in taun Caka sesotya gunung sambhu (1170 C) seda, kondur maring girindrabhawana,
cahyane diwujudake ing reca Bathara Siwah kang sumorot ing candhi Kidal.
salawase nguwasani jagad , kukuh santosa, sa bhumi Jawa padha sumuyud,
in taun Caka sesotya gunung sambhu (1170 C) seda, kondur maring girindrabhawana,
cahyane diwujudake ing reca Bathara Siwah kang sumorot ing candhi Kidal.
Dene Pararaton
mratelake yen Prabu Anusapati seda ing taun 1171 Ç kaya kacetha ing ngisor iki:
Lina sang Anusapati i çaka 1171. Dhinarma sira
ring Kidal , tegese : Sedane sang Anusapati ing taun Caka 1171, Panjenengane didharmakake
ing Kidal.
Candhi
Kidal rampung dibangun ora ana katrangan kang gumathok. Jalaran ora ana utawa
ora ditemokake cathetan kang pasthi. Mung kira-kira rampunge nalika dianakake upacara
Çraddha yaiku upacara kanggo pandharmane Prabhu Anusapati kang dianakake 12
(rolas) taun sawise seda. Dadi rampunge pambangune candhi Kidal ana ing taun
1182 Ç utawa taun 1260 AD.
Relief utawa
ukiran ing candhi Kidal luwih akeh katimbang ing candhi Badhut. Ing candhi
Kidal ana relief kang nyritakake lelakone Garudheya. Ing sisih kidul mapan ing
tengah-tengah ana relief Garudheya kang lagi lungguh jengkeng (jongkok). Ing
dhuwur sirahe ana naga cacah telu. Naga-naga kasebut ana ing sadhuwure Padma.
Buntute naga ngglantong mangisor disangga dening Garudheya. Ing sisih wetan
Garudheya lagi nyunggi guci kang isi tirta Amerta, dene tangane kiwa nyekel
kuca (suket). Ing sisih lor, Garudheya lagi nyunggi sawijining wanita kang
lungguh ing padmasana. Sikile kang kiwa ditekuk kaya wong sila, dene sing
tengen nggantung disangga dening Garudheya. Dene tangane kiwa Garudheya nyekel
barang kang awujud bunder. Ing saben pojoking candhi ana reca asirah singa.
Candhi
Kidal iki pungkasan direstorasi ing taun 1986 -1990 dening Proyek Pemugaran dan
Pemeliharaan Peninggalan Sejarah dan Purbakala Jawa Timur.
GARUDHEYA.
Crita
Garudheya arupa crita ruwatan utawa ngluwari panandhang yaiku panandhange Dewi
Winata, ibu angkate Garudheya nalika diapusi dening Dewi Kadru. Thukul
pitakonan, apa gegandhengane ing candhi Kidal diukir crita Garudheya? Sajake,
Prabu Anusapati kepingin ngruwat ibune, Ken Dhedhes, kang nandhang sangsara
nalika isih uripe. Dongeng Garudheya kaya ing ngisor iki.
Kacarita
ana sawijining pandhita kang lagi mertapa aran Resi Kasyapa. Resi Kasyapa
kagungan garwa loro. Sing siji aran Dewi Winata lan sing siji aran Dewi Kadru.
Loro-lorone isih sedulur tunggal bapa biyung. Wis suwe anggone jejodhowan lawan
Resi Kasyapa, nanging kekarone, Dewi Winata lan Dewi Kadru, padha durung
diparingi momongan.
Ing
sawijining dina, Dewi Winata kerawuhan dewa sing maringi bebungah awujud endhog.
Dewa mau dhawuh supaya endhog mau dirumat kanthi becik nganti endhog mau netes.
Samono uga Dewi Kadru.
Bareng
titiwancine netes, endhog duweke Dewi Winata netes awujud piyik manuk, dene
duweke Dewi Kadru uga netes awujud ula cacah telu. Kewan tetesan mau banjur
dipek anak angkat dening dewi kekarone. Bareng gedhe anak angkate Dewi Winta
dadi manuk garudha kang dijenengake Garudheya, dene anak angkate Dewi Kadru
dadi ula naga.
Dewi Kadru
rumangsa kuwalahan anggone ngopeni anak angkate mau. Jalaran anak angkate ula
naga mau nakal-nakal, mung sakarepe dhewe. Dhasare Dewi Kadru ora sregep
nyambut gawe. Mula Dewi Kadru golek cara ngapusi Dewi Winata supaya gelem
ngopeni anak angkate. Wong loro mau banjur totohan. Sapa sing kalah kudu gelem
ngopeni anak-anak angkate mau. Kanthi cara kang licik wusanane Dewi Kadru bisa
menang. Jalaran kalah anggone totohan Dewi Winata kepeksa ngopeni sarta ngrumat
ula naga kang nakal-nakal mau sarta kudu nyukupi kebutuhane Dewi Kadru.
Sawise
diwasa Garudheya ndeleng rekasane ibune rumangsa sedhih. Ula naga gelem ngluwari
panandhange kalamun ditebus nganggo tirta amerta ing kahyangan kang dijaga
dening para dewa. Garudheya banjur munggah menyang kahyangan, njaluk tirta
amerta. Para Dewa ora nglilani. Banjur dadi peperangan. Kahyangan geger. Para
dewa kang njaga tirta amerta bisa dikalahake dening Garudheya. Para dewa banjur
lumayu matur marang Bathara Wisnu. Bathara Wisnu banjur mundhut priksa apa
sebabe Garudheya nganti munggah menyang kahyangan. Garudheya matur yen
Garudheya kepingin ngruwat ibune kang saiki lagi nandhang sangsara. Bathara
Wisnu marengake kanthi syarat Garudheya gelem dadi titihane Bathara Wisnu.
Syarat iku
disanggupi dening Garudheya, wiwit dina iku Gerudheya dadi titihane Bathara
Wisnu.
2 komentar:
Suasananya masih Alami ya..
Betul mas Fajar gt, karena letaknya memang di pedesaan, jauh dari keramaian.
Posting Komentar