Minggu, 18 Januari 2015

PANAMBANG I



Trap-trapane panambang I :
1.      Tembung lingga kang wanda pungkasan awujud wanda sigeg (suku tertutup) yen oleh panambang I, trap-trapane bares wae, tuladha:
a.       jupuk               +         i           = jupuki
b.      pangan             +          i           = pangani
c.       golek               +          i           = goleki
d.      gebug              +          i           = gebugi
e.       pacul                +          i           = paculi
2.      Tembung lingga kang wanda pungkasan arupa wanda menga (vocal, suku terbuka) yen oleh panambang I, tembung mau kapitulungan AN, banjur wanda pungkasan mau owah dadi swara miring, lagi diwuwuhi panambang I, tuladha:
a.       sapu                 + an     + i > sapuani > saponi.
b.      payu                + an     + i > payuani > payoni.
c.       tuku                 + an     + i > tukuani > tukoni.
d.      guru                 + an     + i > guruani > guroni.
e.       bali                  + an     + i > baliani > baleni.
f.       ragi                  + an     + i > ragiani > rageni
g.      pati                  + an     + i > patiani > pateni.
h.      kandha            + an     + i > kandhaani > kandhani
i.        tawa                + an     + i > tawaani > tawani.
j.        kanca               + an     + i > kancaani > kancani
k.      blangko           + an     + i > blangkoani > blangkoni
l.        jago                 + an     + i > jagoani > jagoni.
m.    pepe                 + an     + i > pepeani > pepeni.
n.      duwe               + an     + i > duweani > duweni.
3.      Tembung lingga kang mawa seselan IN yen oleh panambang I, panambang mau owah dadi AN.
a.       caket                + in + i > cinaketi > cinaketan.
b.      raket                + in + i > rinaketi > rinaketan.
c.       gandheng        + in + i > ginandhengi > ginandhengan.
d.      dhupak            + in + i > dhinupaki > dhinupakan.
e.       tutuh                + in + i > tinutuhi > tinutuhan.
4.      Tembung lingga kang oleh ater-ater anuswara lan kawuwuhan panambang I, rimbage diarani rimbag tanduk I kriya, lumrahe nduweni teges nglakoni apa kang kasebut ing linggane tembung kanthi ambal-ambalan, tuladha:
a.       n + tulis + i = nulisi.
b.      ny + jupuk + i = njupuki.
c.       ng + gambar + i = nggambari
d.      m + balang + i = mbalangi.
5.      Ana uga tembung kang oleh panambang I kang nduweni surasa pakon (agnya, hagnya), tuladha :
a.       Malinge gebugana wae !
b.      Malinge gebugi wae !
c.       Tikuse patenana kabeh !
d.      Tikuse pateni kabeh !
e.       Tandurane jabutana wae, aja ana sing keri !
f.       Tandurane jabuti wae, aja ana sing keri !
g.      Peleme rampetana kabeh, ora susah ana sing dikarekne !
h.      Peleme rampeti kabeh, ora susah ana sing dikarekne !
Tembung-tembung : gebugi, pateni, jabuti, rampeti, nduweni surasa akon.
Katrangan:
rampeti = dipeki kabeh, enom tuwa ora ana sing dikerekake.



1.      Tembung lingga kang kawuwuhan ater-ater KA yen oleh panambang I owah dadi AN, tuladha :
a.       ka + weruh + i > kaweruhi > kaweruhan.
b.      ka + jupuk + i > kajupuki > kajupukan.
c.       ka + duka + i > kadukani > kadukanan
d.      ka + tulung + i > katulungi > katulungan.
e.       ka + raket + i > karaketi > karaketan
Gunane (fungsi) panambang I
1.      Bebarengan karo ater-ater anuswara (konfik m, n, ny, ng + i) nduweni fungsi mangun tembung kriya tanduk (verba aktif), kang nduweni teges bola-bali, tuladha :
a.       m + pangan + i > mangani
b.      m + pakan + i > makani
c.       n + tulis + i > nulisi
d.      ny + jaluk + i > njaluki
e.       ng + gambar + i > nggambari
2.      Bebarengan karo ater-ater tripurusa (konfik dak, ko, di + i ) nduweni fungsi mangun tembung kriya tanggap (verba pasif), tuladha:
a.       dak + waca + i > dakwacani (takwacani).
b.      dak + tulis + i > daktulisi (taktulisi).
c.       ko  + tuduh + i > kotuduhi (koktuduhi)
d.      di + undhuh + i > diundhuhi
e.       di + guru + i > diguroni
3.      Ater-ater “dak”kang sumambung ing tembung kriya tanduk (dak + tembung tanduk + i) nduweni fungsi (piguna) mangun tembung sananta kang nduweni teges : nedya, arep. Tuladha :
a.       Aku takmaca layang  dhisik, kowe budhala. (teges : nedya, arep maca).
b.      Aku dakngundhuhi pelem buri omah kuwi. (teges: nedya, arep ngundhuh).
c.       Aku takngisi kolah, kowe ngresikana latar.
d.      Aku daknggawa tas sing gedhe iki, kowe nggawaa sing cilik.
e.       Aku daknyatheti blanjanku iki.
4.      Ana sawetara tembung kang oleh ater-ater anuswara (n, m, ny, ng, + i ) mangun tembung kahanan, tuladha:
a.       Kowe kuwi ndesani banget. (kahanan kaya wong ndesa)
b.      Sanajan wong desa, Pak Pur kuwi mriyayeni (kahanan kaya priyayi)
c.       Awasana, tindak-tanduke anakmu kuwi nyumelangi (kahanan ndadedake sumelang).
d.      Mangsane ketiga dawa, godhong-godhong padha mbrindhili (kahanan lagi brindhi).
e.       Bebekku lagi ngurak, wulune mbodholi (kahanan nedheng bodhol)
 

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...