Selasa, 11 November 2008

Mbah Dhukun Truno

Dening : Yes Ismie Suryaatmaja.
Suwe mripate wong tuwa iku mandenge pegane rokok kang kebule nggembuleng mendhuwur. Panyawange prasasat tanpa kedhep, sauntara wong lanang patang puluh taunan lungguh ing ngarepe kanthi patrap urmat banget. Sanajan karo ndhingkluk nanging lambene sedhela katon nggawe esem, ngetarakake menawa atine dhong kalegan.
"Dados ponakan ndika empun mantun estu ?" kawetu pitakone wong tuwa iku sawise padha meneng-menengan sauntara.
Sing ditakoni manthuk mantep nglegakake. Banjur " Enggih, malah saniki empun playon barang. Ing mangka seminggu kepengker wekdal kula sowan mbah mriki kados empun mboten enten pangarep-arep malih. Tujune kula enggal sowan. Lajeng sasampunipun mbahe paringi omben-omben kok terus bentere lajeng ical. Sauntawis tigang dinten empun purun nedha. Lha wau , seg kula budhal sowan ngriki larene empun gobag .... "
Mbah Truno manthuk-manthuk. Ing semu sajak kalegan dene anggone dadi dhukun wis bisa aweh pitulungan marang wong kang mbutuhake senajan dheweke durung nduweni bukti kang temen marang bab marine si bocah. Nanging marang wong kang ana ngarepe iku dheweke wis percaya temen, satus persen dheweke percaya banget.
"..... lha sowan kula niki mbah, sakliyane badhe ngaturake raos panuwun ingkang tanpa upami, kula atas namine ingkang nggadhah anak badhe sakedhik ngaturi barang ingkang mbokmenawi kangge mbahe boten wonten ajinipun. Nanging ewa semanten, mbah, ingkang kula suwun mugi-mugi mawon mbahe kersa nampi ..... "
Ing dhadhane wong tuwa iku banjur tuwuh pitakon rupa-rupa. Gek banjur apa ya sing bakal diwenehake? Salawase iki, anggone dadi dhukun durung tau duwe panjaluk neka-neka marang wong kang njaluk tulung, apa maneh yen sing njaluk tulung ora duwe, ketang welase marang wong kang kesrakat, senajan dheweke iku wis tetulung meksa uga atine krasa ora jenjem nyawang kerepotane wong kang ditulungi.
"Kawuningana mbah, tiyang ingkang njenengan tulung menika kapetang tiyang cekap. Sabinipun wiyar, samanten ugi pategilanipun .....
Meneng sedhela, mbah Truno nyawang tamune kawetu pitakon: "Lajeng kersanipun ??"
Tamune dhehem-dhehem.
"Ngaten ...... ?? sarehne njenengan menika sampun saged marasake yogane, saking kersane pak Narko, bapake pun lare menika, saking bingahipun njenengan badhe pun aturi hadhiah balungan griya komplit"
Setengah ngangkat alis mbah Truno njengkerutake bathuk. Setengah ngungun dheweke nyawang tamune ....
"Balungan griya jati, mbah" tamu iku nandhesake. Banjur nggrayahi sak klambi, ndudut kertas tik wis lencu, nuli dibeber ana ing sangarepe wong tuwa dhukun Truno.
"Niki wangune gambare balungan griya sing ajeng diaturake teng njenengan. Ageng mbah, griyanipun wangun dara kepeg. Sakanipun ngrolasan inggilipun meh sekawanan meter"
Maneh maneh mbah Truno manthuk. Guneme tamu kang kebak esem lan pangalembana iku ngububi atine dadi mbedhodhog. Apa maneh bareng kertas tik lencu iku diulungake marang dheweke , mripat tuwane kepeksa nylileng, nyawang garis- garis mblawur .
"Nek griya niku mang tambahne teng ngajengan ngriku ........ " tambahe maneh " Mesthine kados ndhapa klurahan, tambah bregas. Kula kinten ukurane nggih sami kok mbah, mrika kalih welas, griya mriki kinten kula nggih sakmonten wiyare"
Mbah Truno manthuk karo muni nggah- nggih.
"Leres, leres, nak. Griya ngriki pancen samonten ukure wiyar. Bab panjange wingking mesthine rak boten kangge ta ?"
"Enggih, lha sakniki kantun mbahe, njing napa diusung mriki?? "
Sanajan maune ora duwe pikiran tekan semono, ning sapa wonge ora gita-gita ditawani omah ? Apes-apese balungan omah jati komplit ukuran semono ora kurang saka rega setengah yuta. Aran wong ora mbeneh menawa mbah Truno ora ceket-ceket nampa paweweh kang cukup gedhe kerta ajine iku. Nyatane mbah Truno bola-bali mesem. Sing nawani uga mesem kalegan.
Sauntara wong loro padha meneng-menengan. Padha dene ngenam gagasan. Bali maneh mbah Truno mandeng kebule pega. Bareng lan iku nom-noman tamune wis muni maneh.
"Ning niki ngeten, mbah ......." mandheg sedhela, katone si tamu dadi katon rangu-rangu.
"Wonten napa ? " sumelane mbah Truno nggatekake.
"Anu, ng ........ anu, mbah. Nek saking kajenge tiyange niku griyane ndang ajeng diboyong mriki. Kajenge ndang boten gadhah tanggungan. Lha niku nek mbahe kersa ragad-ragad kangge ngangkut supados mbahe sing nyekapi "
Dipikar-pikir mula ya ora akeh nemen ragade. Pira ongkose ngangkut balungan omah ing jaman tanpa pungli ngene? Paling banter ora bakal ngentekake dhuwit telung puluh ewu. Mula mung mikir sedhela terus gumregah njupuk dhuwit cacah sakmono, disangokake sing wis ngadeg terus pamitan mangkat mulih ..............
"Rong minggu kapungkur tamu kuwi uga mara dhayoh mrono. Panganggone clana pamatex wis lungset. Ewa samono jangkahe mantep nuju omahe mbah Truno, terus ngethepyuh sadurunge ditakoni.
"Kula saking Mbiren, mbah. Nyambut damel kula teng Perhutani. Onten perlu penting ??"
"Lha lajeng pentingan napa ?? " mbah Truno nanggapi tamune.
"Nggih namung ajeng nyuwun pitulungane mbahe mawon. Kula niki jawine ngaten empun bosen dados mandhor. Empun enten dasanan taun nggen kula dados mandhor. Ewadene ngantos sakniki kok mboten saged mindhak-mindhak pangkat kula ......"
Mbah Truno mesem. Sithik akeh dheweke wis bisa tanggap marang karepe tamune.
"Niyat kula ancen pados sawabe njenengan mbah.Sinten ngertos saged jodho"
"Kula niki boten saged napa-napa kok estu !" kandhane mbah Truno ora ana niyat ndhuwurake awak.
"Biasane sing ethok-ethok mboten isa niku, mbah, tandhane nek njenengan niku mila isi. Ngibarate ngelmu pari. Saya mentes isinipun saya manglung uwitipun"
Mbah Truno wis ora bisa kumbi maneh. wekasan dheweke uga ngaku apa anane, manawa dheweke pancen wis suwe nglakoni dadi dhukun ing tlatah iki. Tamu anyar mau katon mesem sumeh. Lha mulihe temenan klakon nggawa barang gembolan saka kono.
Banjur let seminggu ngono mbah Truno kaget. Tamune minggu wingi teka maneh, sangu ulat luwih sumeh maneh. Tekane ora nglenthung, ing tangane nyekel bungkusan gedhe. Oleh-oleh kanggo mbah Truno mesthine, ketara sawise lungguh srog buntelan gedhe iku banjur diulungake.
"Sekedhik angsal-angsal kangge mbahe. Niku wau sing mbetani tiyang estri. Criyose luwung kangge kanca nginum wedang ........." kandhane tamune.
"Jane mboten usah repot-repot " sambunge mbah Truno karo ngguyu seneng dioleh-olehe tamune.
"Niki ngoten lho mbah" tamune nyambung rembug. "Angsal pangestune mbahe sampun keturutan sedya kula. Wiwit dinten Setu wingi kula sampun nampi serat tugas enggal sing wose diangkat dados mantri."
"Sokur-sokur ........." sambunge mbah Truno karo manthuk-manthuk mongkog atine dene sembur suwuke cespleng.
"Ning anu, mbah, dhateng kula niki nggih badhe ngrepoti sekedhik malih. Penakan kula sakit nemen empun sawatawis lamine. Sinten ngertos nek niki ugi cocog kaliyan sawab njenengan ?"
Mbah Truno mesem. Lan sawise menehi gembolan lan omben-omben tamune mulih. Diuntabake mbah Truno nganti tekan pager ngarep omah. Let seminggu maneh, ya minggu iki mau tamu kuwi teka maneh. Tekane nggawa kabar gembira, saliyane ngabarake bab marine ponakane tamu iku uga bakal menehi hadhiah omah marang mbah Truno. Ketang saka senenge lan mongkoge mula panjaluke tamu iku bab dhuwit kanggo ongkose angkutan banjur dikontani. Dene dina lan jam pangkate sak enggone uga wis dipetung pisan dening mbah Truno amrih lakune gancar tanpa alangan apa-apa .................

Srengene wis mengleng ngulon. Wis kliwat bedhug awan, sing dienteni durung teka. Sing ngenteni wiwit nggresah, polatane peteng, rasa cuwane wis ora kena didhelikake maneh. Kathik anggone bola-bali misuh.
Wiwit esuk mula dheweke nyegat ana kono, sakderma nuruti pakone maratuwa. Tamu neneka kang saguh nekakake, balungan omah komplit ing dina iki ra ana njebus. Kamangka manut petungane mbah Truno ndhisik tekane kudu ing antarane jam bedhug awan, ateges kuwi ing antarane jam rolasan. Lha ngene iki nganti jam telunan ngene kok durung ana mencungul. nDhak montore bobrok ngono swara batine muni. Nanging nganti surup rep meksa uga sing dienteni durung teka. Mulih, wetune pisuh saya ndhrindhil . Sing gak slamet, disamber gelap, sing sekarat arep modar. Rena-rena. Sauntara mbah Truno mapag tekane mantu kanthi kebak pangarep-arep.
"Piye ?"
"Ajeng dibadhog pethel mbok menawi tiyange " wangsulane mantune setengah sengol.
"Lho ......... kepiya ta ?"
"Ketingal irunge mawon mboten "
"Lha terus ??"
"Boten ngertos ?! Sinten namine tiyang niku ??"
"Jenenge ?? Ah .......... mbah Truno kaya dientup kalajengking, njenggirat kaget. Dieling-eling meksa ora eling. Pancen, saktemene dheweke sasuwene iki durung nganti takon sapa jenenge tamu nyalawadi kuwi ............


(Panyebar Semangat, No 6 Th 1979)

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...