Abang = abrit, rekta, jingga, jenar.
Abang enom = dadu.
Aku = ulun, amba, ingong, ingwang, ingsun, kawula, manira
Anggone = olehe, denya, dera, denira.
Anak = putra, weka, suta, sunu, atmaja, tanaya, yoga, sunu, siwi
Angin = barat, samirana, bayu, bajra, lesus, aliwawar, pawana, maruta, sindhung, tatagata, pracandha, anila, riwut.
Anom = mudha, taruna, taruni, timur
Arep = ayun, apti, arsi, arsa, septa.
Asu = sona, srenggala, anjing, cemera.
Awak = angga, lingga, dhiri, badan, raga, jasmani tubuh, salira
Banget = dhahat, luwih, asru, mandra, sakamantyan, tan sipi, arda.
Bangke = parasu, kunarpa, wangke, sawa, kuwanda, mayit.
Banyu = sindu, we, toya, tirta, udaka, warih, jala, jahni, her, tuban, jahnawi.
Beda = beneh, liya, pae.
Biyen = dhingin, dihin, riyin, nguni, duk ing kuna.
Biru = nila, bintulu.
Bodho = pengung, kumprung, jugul, punggung, pingging, mudha, mudha dama.
Buta = raseksa, wil, diyu.
Dalan = marga, margi, lurung, enu, delanggung.
Dhewe = piyambak, pribadi, priyangga, anggana.
Dhuwit = arta, yatra, uwang, picis.
Dhuwur = luhur, inggil, dhuhur, punjung.
Duta = caraka, cundhaka, wimbasara, gandhek, kongkonan, kengkenan, utusan.
Endah = peni, raras, raras rum, halep, resmi, wicitra
Emas = kencana, kanaka, jene, rukma, suwarna, rukmi.
Embok = biyung, wibi, umi, biyang, ibu, rena, indhung,
Gajah = esthi, dipangga, dwipangga, liman
Galak = rota, lodra, rodra, krura, kruraya, pragalba, wirodra, wiroda, darpa, darpaya.
Gawe = kardi, karya, karti, yasa, makirtya.
Geni = agni, brama, dahana, pawaka, bahni, nala.
Godhong = ron, patra, rondhon.
Gunem = wacana, angling, wicara, wuwus.
Gunung = giri, parwata, prawata, prabata, redi, ardi, wukir, meru, acala, aldaka.
Ijo = ijem, wilis.
Ireng = cemeng, kresna, langking.
Jeneng = aran, asma, penengeran, wewangi, kekasih, peparab, jejuluk.
Kabeh = sadaya, sagung, sanggya, salir, salwir, sakalir, sakweh, sadarum.
Kalah = kandhah, kandhih, kandhap, kelindhih, ketitih, kasor.
Kali = bengawan, narmada, benawi, lepen.
Kanca = rowang, rewang, kanthi.
Kangen = oneng, wulangun.
Kasmaran = kepencut, kesengsem, brangta, brangti, wuyung.
Katon = keksi, kawistara, kasatmata, kawuryan.
Karep = kapti, kayun, karsa.
Kawruh = guna, pangawikan, sastra, wedha, widya.
Kembang : sekar, puspa, padma, puspita, kusuma.
Kendel = nirbaya, nirbita, sura, wani, sudira.
Keris = dhuwung, wangkingan, katga, curiga, suduk.
Kethek = juris, rewanda, munyuk, wre, palwaga, wanara, kapi.
Kewuhan = wagugen, kepwan, keron, kewran, kaweken.
Kidang = mrega, arina, saraba, cemuru, wariga.
Kidul = duksina, daksina.
Kobong = kobar, kawlagar, katunu.
Kodhok = wyangga, canthuka, wiyung.
Kombang = bremara, bremari, sadpada, madukara.
Kondhang = kasub, kawentar, kombul, kasusra, kalok, kaloka, kontap, kongas, kajuwara, komuk, kojat, kasumbageng jagat, kaonang-onang, kajanapriya, misuwur, mashur.
Kulit = kusika, carma, walulang, wacucal.
Kulon = pascima
Kuning = gadhing, jenar, pita, jene.
Kuping = talingan, karna, karni
Kuwatir = ganggam, sandeya, sumelang, mamang, uwas, walang ati, walang kayun, walang kapti, walangdriya.
Jurang = parung, sigrong, trebis, trejung, rejeng.
Lanang = jalu, jaler, kakung, priya.
Langit = akasa, gegana, jumantara, boma, byoma, bomantara, antariksa, wiyat, wiyati, widik-widik, tawang, awang-awang.
Lawang = kori, wiwara.
Lestari = widada, lestantun, sempulur.
Lintah = uta, wredhu angga.
Lintang = wintang, sasa, sudama, kartika, taranggana.
Lor = utara.
Lungguh = lenggah, sila, linggih.
Manawa = manawi, yen, yan, lamun, kalamun, bilih.
Manuk = peksi, kaga, kukila.
Mega = ima, irawan, mendhung, jaladara, imantaka, kokap, jalada.
Menyawak = kawuk, salira.
Ndeleng = ndulu, natmata, mangeksi, mulat, miyat, anon.
Patih = warangkapraja, mantriwredha, mantrimuka, nindyamantri, mantri pangayun, mantri wisesa.
Pinggir = tepi, swamipa, imbang, iring.
Prajurit = wadya, bala, tantra, wadyabala, wadyatantra, balakoswa, bretya, wrahatbala.
Putih = pethak, seta, pinge, dawala, pingul.
Ratu = aji, katong, pamasa, pamase, narpa, narpati, narapati, narendra, raja, naranata, naradipa, naradipati, nareswara, dhatu.
Rembulan = wulan, candra, sasi, tengsu, sitengsu, badra, basanta, lek, soma, sitaresmi, sasadhara.
Segara = samodra, laut, jalanidhi, jaladri, udadi, arnawa.
Slamet = rahayu, raharja, yuwana, basuki, swasta, lestari, widada.
Sorot = sunar, sunu, cahya, prawa, praba, senen, sirat, kenyar, ujwala, ujwalita.
Srengenge = arka, aruna, aditya, pratangga, pratanggapati, pratanggakara, diwangkara, prabangkara, baskara, bagaskara, radite, raditya, surya, bagaspati.
Tansah = sanityasa, lana, anggung, manggung, lumintu, lumintir.
Tuladha = kupiya, palupi, conto, darsana, lupiya.
Udan = jawah, jawuh, jaweh, wresthi, riris, rarabi, taracab, warsa.
Untu = denta, waja.
Wadon = estri, dhuhita, wanita, gini, rini, putri, wanodya, garini, retno, dayinta, juwita, wadu.
Wadya = bala, tantra, wadyabala, wadyatantra, balakoswa, bretya, wrahatbala.
Wangi = arum, amrik, sumrik, minging, ngambar, ngambar-ambar.
Wetan = purwa, timur.
Wetu = wedal, wiyos, wahya, wedhar, babar, mijil, wimba, wurya.
Sarana kanggo anjangsana ing antarane para pangudi basa, para guru, lan para siswa
Selasa, 28 Oktober 2008
Senin, 27 Oktober 2008
Basa Krama
Basa krama basa kanggo ing pasrawungan kanggo ngajeni wong kang diajak guneman.
Miturut S Padmosukotjo basa krama diperang dadi 3 yaiku : 1. Mudha Krama 2. Kramantara 3. Wredha Krama.
1. Mudha Krama yaiku kramane wong enom marang wong tuwa.
2. Kramantara yaiku kramane wong sing padha drajate.
3. Wredha Krama yaiku kramane wong tuwa marang wong enom. Panganggone wredha krama, sanajan umure luwih tuwa rumangsa perlu ngajeni marang sing enom jalaran kalah pangkat utawa drajat.
Ing pasrawungan saiki wis arang utawa ora nate keprungu panganggone Kramantara lan Wredha krama. Luwih-luwih ing wilayah pesisiran lan minggiran. Wong-wong ing daerah mau ora bisa mbedakake antarane kramantara, mudha krama lan wredha krama. Ing jaman saiki, sanajan umure luwih tuwa, wis ora kabotan nganggo basa Mudha Krama. Mula luwih becik nyinau basa Mudha Krama iki lan sabanjure disebut Basa Krama bae.
Titikane mangkene :
1. Tembung sesulih wong kapisan : aku dadi kula utawa kawula. Sing kaprah krungu yaiku dalem. Kamangka satemene dalem iku tegese mu utawa kowe.
2. Tembung sesulih wong kapindho : kowe dadi panjenengan
3. Tembung sesulih wong katelu : dheweke dadi panjenenganipun utawa piyambakipun.
4. Ater-ater di dadi dipun.
5. Panambang ake dadi aken.
6. Panambang e dadi ipun.
7. Tembunge krama kabeh kacampuran tembung krama inggil tumrape wong sing diajak guneman lan tembung krama andhap tumrape wong sing ngajak guneman.
Dakcuplikake basa Krama sawetara saka buku Kapustakan Jawi karangan Prof. Dr. M.Ng. Poerbatjaraka:
Wondene basa Jawi punika kagolong basa Austronesia; inggih punika basa-basa ingkang kangge sawarnining bangsa pribumi ingkang dudunung ing kapulowan iring kidul-wetanipun jagad Azia: wates ler wiwit pulo Formosa mangidul; wates kilen wiwit pulo Madagaskar bablas mangetan ngantos dumugi jagad Amerika- kidul ingkang iring kilen. Sarehne nama Austronesia punika boten patos kerep kapireng , ing ngriki kula santuni nama Indonesia.
Nalika taun 1884 DR BRANDES saged nerangaken bilih bangsa-bangsa kasebut ing nginggil wau ing jaman kinanipun sanget, basanipun satunggal; katrangan punika mawi landhesan panandhinging basa-basa wau.
Nalika taun 1889 Dr H. KERN ngudi malih ing bab tatandhinganing basa, ngantos saged nerangaken bilih asal-usulipun bangsa wau, kala taksih kempal ngangge basa satunggal, wonten ing tanah Cempa, ing samangke kalebet tanah Indo-Cina.
Malah saking pangudinipun P.W. SCHMIDT kenging dipun kinten-kinten bilih asal-usulipun bangsa Indonesia punika kala kinanipun sanget, saking tanah Asia-tengah; nanging bab punika dereng patos terang.
Ingkang sampun kenging dipun anggep; inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kempal dados satanah, inggih ing tanah Cempa wau. Bab punika boten namung angsal paseksen saking panandhinging basa kemawon; pangudinipun DR VAN STEIN CALLENFELS, DR VAN DER HOOP lan sanes-sanesipun ing bab dedamel ing sela; pethel sela, bedhor sela, sapanunggilanipun, inggih ugi nedahaken, bilih pokok-tanahipun bangsa Indonesia punika ing tanah Cempa iring kidul.
Ing satunggiling wekdal kala taun 1500 saderengipun taun Masehi, bangsa Indonesia wau buyar saking pokok padununganipun dhateng pulo-pulo punika ; punapa sebabipun, boten kasumerepan terang. Ingkang temtu inggih kadhesek dening sanes bangsa saking ler utawi saking kilen.
Sasampunipun buyar, bangsa wau lajeng manggen sagolong-golong wonten pulo ingkang dunungi enggal.
Awit saking pisah panggenan, danguning-dangu sagolong- golongipun wau lajeng boten mangertos dhateng basanipun golongan sanes ; sabab pepecahanipun basa wau lajeng tuwuh piyambak-piyambak. Basa Indonesia ingkang wonten tanah Filipina dados basa Filipina, ingkang wonten tanah Jawi dados basa Jawi, Sundha, lan Madura, makaten salajengipun.
Kados punapa sipatipun basa Jawi ing saderengipun kedatengan tiyang Indhu, punika boten wonten tilasipun; awit kinten-kinten bangsa Jawi kala jaman samanten dereng gadhah aksara.
Wondene aksara Jawi ingkang dumugi ing sapriki taksih kangge, punika kala rumiyinipun aksara Indhu bektanipun bangsa Indhu ingkang sami dhateng wonten ing tanah Jawi, kinten-kinten kala wiwitanipun taun Masehi. Aksara Indhu wonten ing tanah Jawi punika sakawit, namung perlu kangge nyerati betahipun tiyang Indhu piyambak, kados ta serat-serat bab dagangan kaliyan bangsanipun piyambak, sapanunggilanipun. Wondene ingkang sampun dipun-angge punapa basa Sanskerta punapa basa Indhu sanesipun, punika boten terang; ewa samanten wonten ancer-anceripun sakedhik, inggih punika seratan ing tanah Jawi ingkang pinanggih sepuh piyambak, punika basanipun basa Sanskerta. Sareng dangu-dangu tiyang Indhu wonten ing tanah Jawi rabi tiyang Jawi, lajeng anak-anak, tamtunipun anak-anakipun wau basanipun inggih basanipun biyungipun, utawi basanipun rencangipun dolan, inggih punika lare-lare Jawi deles. Danguning-dangu, sareng bangsa Indhu pranakan ing tanah Jawi sampun saya kathah, lajeng wonten golongan ingkang basanipun padintenan basa Jawi, nanging kacampuran tembung Sanskerta saking bapak-bapakipun. Wondene sinyo-sinyo saha noni-noni Indhu wau sampun layak kemawon, bilih ing sasaged-saged sami dipun-ajar maos lan nyerat aksara Indhu, dening bapakipun piyambak-piyambak; sareng sampun kathah pranakan ingkang saged maos saha nyerat aksara Indhu, lajeng wonten, ing sakawit namung kados coben-coben, seratan Indhu kangge nyerati basa Jawi. Panyobi punika sajakipun saged tumindak kalayan boten patos angel. Sareng sampun tumindak, mesthinipun inggih wonten tiyang Jawi tulen ingkang sumedya saged maos tuwin nyerat aksara Indhu wau, ing sakawit namung kangge kabetahanipun tiyang satunggal kalih tumraping dadagangan. Saya malih sareng bangsa Indhu, kabekta saking langkung pinteripun katimbang tiyang Jawi, saged nglebetaken kawruhipun dhateng tiyang Jawi, pun Jawi punika lajeng rumaos betah, dados sumedya nyinau kawruh Indhu. Wondene kawruh punika kala jaman samanten ingkang temtu gegandhengan kaliyan bab agami. Inggih awit makaten punika, milanipun tiyang Jawi kathah ingkang ngrasuk agami Indhu. Sepisan katut ing kawruhipun, kaping kalih saking tumangkaripun pranakan Indhu, ingkang saya lami saya meh boten wonten bedanipun kaliyan tiyang Jawi tulen.
Bangsa Indhu ingkang dhateng wonten ing tanah Jawi , punika ingkang rumiyin bangsa ingkang agami Siwah. Ceplosipun bangsa ingkang nganggep Tri-murti minangka Gusti Allahipun; inggih punika bathara Brahma, Wisnu, Siwah. Dewa tiga punika ingkang dipun anggep dados tunggul, sang hyang Siwah, ingkang sapunikanipun dipun wastani bathara Guru.
Bangsa Indhu ingkang dhateng kantun, punika bangsa ingkang agami Buddha Mahayana.
Bangsa kalih golongan wau anggenipun murih jembar saha lebet pamulangipun babagan agami dhateng tiyang Jawi, utawi dhateng pranakanipun, sami ambekta serat bab agaminipun piyambak-piyambak. Mangka serat-serat wau kinten-kinten mawi basa Sanskerta. Amila tiyang Jawi, sanadyan boten kathah, inggih wonten ingkang nyinau basa Sanskerta. Sareng tiyang ingkang sanpun saged dhateng kawruh Indhu rumaos kapeksa utawi nedya mulang dhateng bangsanipun ingkang boten saged dhateng basa Sanskerta, inggih lajeng ngangge basa Jawi, nanging sampun kalajeng kecampuran tembung-tembung Sanskerta sawatawis kathah, kangge nerangaken bab utawi barang ingkang dereng wonten jawinipun.
Saya malih sarehne kala jaman samanten punika sajakipun, sinten-sintena ingkang sumedya dados guru, utawi kapengin dipun wastani tiyang pinter, kedah saged basa Sanskerta, dados lebetipun tembung-tembung Sanskerta dhateng basa Jawi saya kathah sanget. Ewa samanten sarehne dhapukanipun basa Jawi punika beda sanget kaliyan basa Sanskerta, dados sanadyan kegrujug tembung-tembung Sanskerta, basa Jawi boten jumenengipun taksih lestantun kegolong basa Indonesia. Dene basa Sanskerta punika dhapukanipun, yen basa Eropa ing jaman samangke, ingkang memper basa Jerman, sarta pancen nunggil golongan kaliyan basa Eropa ingkang kathah-kathah; dipun wastani basa Indo-Germaans.
Serat-serat ingkang dipun bekta dening tiyang Indhu agami Buddha tamtunipun inggih ingkang babagan kabuddhan;kados ta serat ingkang dipun wujudaken gambar lelajuran ing candhi Barabudhur. Nanging serat- serat punika , kajawi satunggal kalih ingkang kapratelaken ing ngandhap, prasasat boten wonten kakantunipun.
Serat-serat bektanipun tiyang Indhu ingkang agami Siwah, punika tilasipun kenging dipun wastani kathah.
Kadosta serat MAHABHARATA, RAMAYANA, lan sanesipun malih. Serat MAHABHARATA ingkang dipun cariyosaken damelanipun resi WYASA, jawinipun ABIYASA, punika wosipun nyariosaken lalampahanipun para Pandhawa saha para Korawa. Ing samangkenipun wonten ing tanah Jawi dados lampahan wayang purwa; nanging inggih kathah ewah saha wewahipun.
Serat RAMAYANA punika kacariyosaken damelanipun bagawan Walmiki ; menggah ing panangguh, sepuh serat RAMAYANA katimbang serat MAHABHARATA. Nanging serat RAMAYANA punika wonten tanah Indhu kagolong kitabipun bangsa ingkang agami Wisnu. Yen MAHABHARATA kagolong kitabipun agami Siwah.
Mangsuli bab basa Jawi. Ingkang kula aturaken basa Jawi, punika basanipun tiyang Jawi kala jaman kina. Tiyang Jawi ing jaman samangke mastani: basa Kawi. Nanging para geleerden bangsa Walandi anggenipun mastani basa Jawi Kina.
Nalika basa Jawi kina wiwit kaserat sapisan, punika sampun kacampuran tembung-tembung Sanskerta sawatawis kathah. Seratan sela ingkang pinanggih sepuh piyambak ngangge basa Jawi kacampuran tembung Sanskerta, punika mawi angka taun 731 Caka (C mawa cerek, panurun) 809 Masehi; pinanggihipun wonten Diyeng; wiwit titi-masa punika salajengipun dumugi jaman samangke basa Jawi kenging dipun wastani terus lajeng dipun serat mawi aksara Indhu. Temtunipun seratanipun saya lami saya ewah, wiwit wangun Indhu tulen ngantos dumugi wangun ingkang kangge ing jaman samangke; dene ewahipun namung saking sakedhik sanget.
Papan ingkang tulen saking jaman Jawi kina, ingkang awujud tugu sela utawi balebekan tembagi. Wonten ugi ingkang awujud balebekan tembagi masa utawi salaka. Menggah ingkang tumrap sela utawi tembagi, punika ingkang kathah-kathah ngemot piyagem paringipun satunggaling ratu dhateng sawenehing dhusun, kaparingan wewenang ngadeg piyambak, tegesipun kaparingan autonomie, kadosta wenang boten ambayar pajeg dhateng nagari, wenang mendhet pajeg dhateng tiyang ingkang dudunung salebeting dhusun ngriku saha nedha beya dhateng sawarnining pakaryan ing salebeting wewengkonipun, utawi beya lebet wedaling dadagangan. Bokmanawi dhusun ingkang makaten punika ing jaman samangke kenging dipun- wastani dhusun Mardikan.
Anggenipun dhusun dipun-paringi wewenang kados makaten punika ingkang awit dhusun wau dipun-paringi kewajiban ngreksa saha ngopeni candhi pupundhenipun sang ratu, ngiras ngawontenaken pamulangan agami.
Yen boten makaten inggih awit dhusun wau ageng sanget jasanipun dhateng sang prabu. Kados ta: nalika sang prabu perang, tiyang ing dhusun punika anggenipun ambantu saged anjalari menang. Dados autonomie ingkang kaparingaken wau mligi ganjaran.
Wonten malih seratan sela utawi tembagi ingkang ngewrat karampunganing sambut-apisambut utawi sade-tumbas siti, sasaminipun.
Dene balebekan mas, utawi salaka , punika isinipun ingkang kathah pupujian utawi rajah-rajah, ingkang kerep, pinanggihipun wonten salebeting cupu sela, wadhah awu mayitipun para luhur. Cupu sela punika ingkang kathah pinanggih wonten sangandhaping candhi. Dados gathukipun kaliyan ingkang kasebut nginggil : dhusun ingkang kaparingan autonomie wau kawajiban ngreksa candhi, tegesipun pasareyaning leluhuripun sang prabu.
Cara ingkang kasebut ing nginggil punika sadaya tiyang Jawi kala jaman samanten namung lugu tiru-tiru caranipun tiyang Indhu. Awit campuring dharah, rumasuking raos-rumaos sarta agami Indhu, tumrap bangsa Jawi ingkang perangan nginggil, kenging dipun wastani sampun keket. Amila bangsa Jawi kala samanten ing samangke dipun-wastani bangsa Jawi Indhu.
Miturut S Padmosukotjo basa krama diperang dadi 3 yaiku : 1. Mudha Krama 2. Kramantara 3. Wredha Krama.
1. Mudha Krama yaiku kramane wong enom marang wong tuwa.
2. Kramantara yaiku kramane wong sing padha drajate.
3. Wredha Krama yaiku kramane wong tuwa marang wong enom. Panganggone wredha krama, sanajan umure luwih tuwa rumangsa perlu ngajeni marang sing enom jalaran kalah pangkat utawa drajat.
Ing pasrawungan saiki wis arang utawa ora nate keprungu panganggone Kramantara lan Wredha krama. Luwih-luwih ing wilayah pesisiran lan minggiran. Wong-wong ing daerah mau ora bisa mbedakake antarane kramantara, mudha krama lan wredha krama. Ing jaman saiki, sanajan umure luwih tuwa, wis ora kabotan nganggo basa Mudha Krama. Mula luwih becik nyinau basa Mudha Krama iki lan sabanjure disebut Basa Krama bae.
Titikane mangkene :
1. Tembung sesulih wong kapisan : aku dadi kula utawa kawula. Sing kaprah krungu yaiku dalem. Kamangka satemene dalem iku tegese mu utawa kowe.
2. Tembung sesulih wong kapindho : kowe dadi panjenengan
3. Tembung sesulih wong katelu : dheweke dadi panjenenganipun utawa piyambakipun.
4. Ater-ater di dadi dipun.
5. Panambang ake dadi aken.
6. Panambang e dadi ipun.
7. Tembunge krama kabeh kacampuran tembung krama inggil tumrape wong sing diajak guneman lan tembung krama andhap tumrape wong sing ngajak guneman.
Dakcuplikake basa Krama sawetara saka buku Kapustakan Jawi karangan Prof. Dr. M.Ng. Poerbatjaraka:
Kapustakan Jawi.
Ingkang dipunwastani kapustakan Jawi, punika sadya serat-serat carita, dongeng-dongeng ingkang ngangge basa Jawi.Wondene basa Jawi punika kagolong basa Austronesia; inggih punika basa-basa ingkang kangge sawarnining bangsa pribumi ingkang dudunung ing kapulowan iring kidul-wetanipun jagad Azia: wates ler wiwit pulo Formosa mangidul; wates kilen wiwit pulo Madagaskar bablas mangetan ngantos dumugi jagad Amerika- kidul ingkang iring kilen. Sarehne nama Austronesia punika boten patos kerep kapireng , ing ngriki kula santuni nama Indonesia.
Nalika taun 1884 DR BRANDES saged nerangaken bilih bangsa-bangsa kasebut ing nginggil wau ing jaman kinanipun sanget, basanipun satunggal; katrangan punika mawi landhesan panandhinging basa-basa wau.
Nalika taun 1889 Dr H. KERN ngudi malih ing bab tatandhinganing basa, ngantos saged nerangaken bilih asal-usulipun bangsa wau, kala taksih kempal ngangge basa satunggal, wonten ing tanah Cempa, ing samangke kalebet tanah Indo-Cina.
Malah saking pangudinipun P.W. SCHMIDT kenging dipun kinten-kinten bilih asal-usulipun bangsa Indonesia punika kala kinanipun sanget, saking tanah Asia-tengah; nanging bab punika dereng patos terang.
Ingkang sampun kenging dipun anggep; inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kempal dados satanah, inggih ing tanah Cempa wau. Bab punika boten namung angsal paseksen saking panandhinging basa kemawon; pangudinipun DR VAN STEIN CALLENFELS, DR VAN DER HOOP lan sanes-sanesipun ing bab dedamel ing sela; pethel sela, bedhor sela, sapanunggilanipun, inggih ugi nedahaken, bilih pokok-tanahipun bangsa Indonesia punika ing tanah Cempa iring kidul.
Ing satunggiling wekdal kala taun 1500 saderengipun taun Masehi, bangsa Indonesia wau buyar saking pokok padununganipun dhateng pulo-pulo punika ; punapa sebabipun, boten kasumerepan terang. Ingkang temtu inggih kadhesek dening sanes bangsa saking ler utawi saking kilen.
Sasampunipun buyar, bangsa wau lajeng manggen sagolong-golong wonten pulo ingkang dunungi enggal.
Awit saking pisah panggenan, danguning-dangu sagolong- golongipun wau lajeng boten mangertos dhateng basanipun golongan sanes ; sabab pepecahanipun basa wau lajeng tuwuh piyambak-piyambak. Basa Indonesia ingkang wonten tanah Filipina dados basa Filipina, ingkang wonten tanah Jawi dados basa Jawi, Sundha, lan Madura, makaten salajengipun.
Kados punapa sipatipun basa Jawi ing saderengipun kedatengan tiyang Indhu, punika boten wonten tilasipun; awit kinten-kinten bangsa Jawi kala jaman samanten dereng gadhah aksara.
Wondene aksara Jawi ingkang dumugi ing sapriki taksih kangge, punika kala rumiyinipun aksara Indhu bektanipun bangsa Indhu ingkang sami dhateng wonten ing tanah Jawi, kinten-kinten kala wiwitanipun taun Masehi. Aksara Indhu wonten ing tanah Jawi punika sakawit, namung perlu kangge nyerati betahipun tiyang Indhu piyambak, kados ta serat-serat bab dagangan kaliyan bangsanipun piyambak, sapanunggilanipun. Wondene ingkang sampun dipun-angge punapa basa Sanskerta punapa basa Indhu sanesipun, punika boten terang; ewa samanten wonten ancer-anceripun sakedhik, inggih punika seratan ing tanah Jawi ingkang pinanggih sepuh piyambak, punika basanipun basa Sanskerta. Sareng dangu-dangu tiyang Indhu wonten ing tanah Jawi rabi tiyang Jawi, lajeng anak-anak, tamtunipun anak-anakipun wau basanipun inggih basanipun biyungipun, utawi basanipun rencangipun dolan, inggih punika lare-lare Jawi deles. Danguning-dangu, sareng bangsa Indhu pranakan ing tanah Jawi sampun saya kathah, lajeng wonten golongan ingkang basanipun padintenan basa Jawi, nanging kacampuran tembung Sanskerta saking bapak-bapakipun. Wondene sinyo-sinyo saha noni-noni Indhu wau sampun layak kemawon, bilih ing sasaged-saged sami dipun-ajar maos lan nyerat aksara Indhu, dening bapakipun piyambak-piyambak; sareng sampun kathah pranakan ingkang saged maos saha nyerat aksara Indhu, lajeng wonten, ing sakawit namung kados coben-coben, seratan Indhu kangge nyerati basa Jawi. Panyobi punika sajakipun saged tumindak kalayan boten patos angel. Sareng sampun tumindak, mesthinipun inggih wonten tiyang Jawi tulen ingkang sumedya saged maos tuwin nyerat aksara Indhu wau, ing sakawit namung kangge kabetahanipun tiyang satunggal kalih tumraping dadagangan. Saya malih sareng bangsa Indhu, kabekta saking langkung pinteripun katimbang tiyang Jawi, saged nglebetaken kawruhipun dhateng tiyang Jawi, pun Jawi punika lajeng rumaos betah, dados sumedya nyinau kawruh Indhu. Wondene kawruh punika kala jaman samanten ingkang temtu gegandhengan kaliyan bab agami. Inggih awit makaten punika, milanipun tiyang Jawi kathah ingkang ngrasuk agami Indhu. Sepisan katut ing kawruhipun, kaping kalih saking tumangkaripun pranakan Indhu, ingkang saya lami saya meh boten wonten bedanipun kaliyan tiyang Jawi tulen.
Bangsa Indhu ingkang dhateng wonten ing tanah Jawi , punika ingkang rumiyin bangsa ingkang agami Siwah. Ceplosipun bangsa ingkang nganggep Tri-murti minangka Gusti Allahipun; inggih punika bathara Brahma, Wisnu, Siwah. Dewa tiga punika ingkang dipun anggep dados tunggul, sang hyang Siwah, ingkang sapunikanipun dipun wastani bathara Guru.
Bangsa Indhu ingkang dhateng kantun, punika bangsa ingkang agami Buddha Mahayana.
Bangsa kalih golongan wau anggenipun murih jembar saha lebet pamulangipun babagan agami dhateng tiyang Jawi, utawi dhateng pranakanipun, sami ambekta serat bab agaminipun piyambak-piyambak. Mangka serat-serat wau kinten-kinten mawi basa Sanskerta. Amila tiyang Jawi, sanadyan boten kathah, inggih wonten ingkang nyinau basa Sanskerta. Sareng tiyang ingkang sanpun saged dhateng kawruh Indhu rumaos kapeksa utawi nedya mulang dhateng bangsanipun ingkang boten saged dhateng basa Sanskerta, inggih lajeng ngangge basa Jawi, nanging sampun kalajeng kecampuran tembung-tembung Sanskerta sawatawis kathah, kangge nerangaken bab utawi barang ingkang dereng wonten jawinipun.
Saya malih sarehne kala jaman samanten punika sajakipun, sinten-sintena ingkang sumedya dados guru, utawi kapengin dipun wastani tiyang pinter, kedah saged basa Sanskerta, dados lebetipun tembung-tembung Sanskerta dhateng basa Jawi saya kathah sanget. Ewa samanten sarehne dhapukanipun basa Jawi punika beda sanget kaliyan basa Sanskerta, dados sanadyan kegrujug tembung-tembung Sanskerta, basa Jawi boten jumenengipun taksih lestantun kegolong basa Indonesia. Dene basa Sanskerta punika dhapukanipun, yen basa Eropa ing jaman samangke, ingkang memper basa Jerman, sarta pancen nunggil golongan kaliyan basa Eropa ingkang kathah-kathah; dipun wastani basa Indo-Germaans.
Serat-serat ingkang dipun bekta dening tiyang Indhu agami Buddha tamtunipun inggih ingkang babagan kabuddhan;kados ta serat ingkang dipun wujudaken gambar lelajuran ing candhi Barabudhur. Nanging serat- serat punika , kajawi satunggal kalih ingkang kapratelaken ing ngandhap, prasasat boten wonten kakantunipun.
Serat-serat bektanipun tiyang Indhu ingkang agami Siwah, punika tilasipun kenging dipun wastani kathah.
Kadosta serat MAHABHARATA, RAMAYANA, lan sanesipun malih. Serat MAHABHARATA ingkang dipun cariyosaken damelanipun resi WYASA, jawinipun ABIYASA, punika wosipun nyariosaken lalampahanipun para Pandhawa saha para Korawa. Ing samangkenipun wonten ing tanah Jawi dados lampahan wayang purwa; nanging inggih kathah ewah saha wewahipun.
Serat RAMAYANA punika kacariyosaken damelanipun bagawan Walmiki ; menggah ing panangguh, sepuh serat RAMAYANA katimbang serat MAHABHARATA. Nanging serat RAMAYANA punika wonten tanah Indhu kagolong kitabipun bangsa ingkang agami Wisnu. Yen MAHABHARATA kagolong kitabipun agami Siwah.
Mangsuli bab basa Jawi. Ingkang kula aturaken basa Jawi, punika basanipun tiyang Jawi kala jaman kina. Tiyang Jawi ing jaman samangke mastani: basa Kawi. Nanging para geleerden bangsa Walandi anggenipun mastani basa Jawi Kina.
Nalika basa Jawi kina wiwit kaserat sapisan, punika sampun kacampuran tembung-tembung Sanskerta sawatawis kathah. Seratan sela ingkang pinanggih sepuh piyambak ngangge basa Jawi kacampuran tembung Sanskerta, punika mawi angka taun 731 Caka (C mawa cerek, panurun) 809 Masehi; pinanggihipun wonten Diyeng; wiwit titi-masa punika salajengipun dumugi jaman samangke basa Jawi kenging dipun wastani terus lajeng dipun serat mawi aksara Indhu. Temtunipun seratanipun saya lami saya ewah, wiwit wangun Indhu tulen ngantos dumugi wangun ingkang kangge ing jaman samangke; dene ewahipun namung saking sakedhik sanget.
Papan ingkang tulen saking jaman Jawi kina, ingkang awujud tugu sela utawi balebekan tembagi. Wonten ugi ingkang awujud balebekan tembagi masa utawi salaka. Menggah ingkang tumrap sela utawi tembagi, punika ingkang kathah-kathah ngemot piyagem paringipun satunggaling ratu dhateng sawenehing dhusun, kaparingan wewenang ngadeg piyambak, tegesipun kaparingan autonomie, kadosta wenang boten ambayar pajeg dhateng nagari, wenang mendhet pajeg dhateng tiyang ingkang dudunung salebeting dhusun ngriku saha nedha beya dhateng sawarnining pakaryan ing salebeting wewengkonipun, utawi beya lebet wedaling dadagangan. Bokmanawi dhusun ingkang makaten punika ing jaman samangke kenging dipun- wastani dhusun Mardikan.
Anggenipun dhusun dipun-paringi wewenang kados makaten punika ingkang awit dhusun wau dipun-paringi kewajiban ngreksa saha ngopeni candhi pupundhenipun sang ratu, ngiras ngawontenaken pamulangan agami.
Yen boten makaten inggih awit dhusun wau ageng sanget jasanipun dhateng sang prabu. Kados ta: nalika sang prabu perang, tiyang ing dhusun punika anggenipun ambantu saged anjalari menang. Dados autonomie ingkang kaparingaken wau mligi ganjaran.
Wonten malih seratan sela utawi tembagi ingkang ngewrat karampunganing sambut-apisambut utawi sade-tumbas siti, sasaminipun.
Dene balebekan mas, utawi salaka , punika isinipun ingkang kathah pupujian utawi rajah-rajah, ingkang kerep, pinanggihipun wonten salebeting cupu sela, wadhah awu mayitipun para luhur. Cupu sela punika ingkang kathah pinanggih wonten sangandhaping candhi. Dados gathukipun kaliyan ingkang kasebut nginggil : dhusun ingkang kaparingan autonomie wau kawajiban ngreksa candhi, tegesipun pasareyaning leluhuripun sang prabu.
Cara ingkang kasebut ing nginggil punika sadaya tiyang Jawi kala jaman samanten namung lugu tiru-tiru caranipun tiyang Indhu. Awit campuring dharah, rumasuking raos-rumaos sarta agami Indhu, tumrap bangsa Jawi ingkang perangan nginggil, kenging dipun wastani sampun keket. Amila bangsa Jawi kala samanten ing samangke dipun-wastani bangsa Jawi Indhu.
Jumat, 24 Oktober 2008
Nasib, nasib !!!
Nalika SBY tindak menyang RRC diprotes mahasiswa China soal basa Jawa Krama. Mahasiswa nate sinau ana ing Ngayogyakarta Hadiningrat. Mahasiswa mau kangelan arep srawung karo masyarakat Jogja jalaran masyarakat Jawa ing Ngayogyakarta akeh sing wis ora bisa nganggo basa kaya sing diwulangake ing sekolahan. Dak petikake wartane : Saya dua tahun menjadi mahasiswa pertukaran di Fakultas Ilmu Budaya Universitas Gajah Mada. Selama itu saya kesulitan berkomunikasi dengan wong Jogja karena bahasa kromo inggil yang diajarkan di kampus tidak dikuasai semua orang Jogja. Sedanten ngagem bahasa Jawa ngoko kaliyan bahasa Jawa campuran (Jawa Pos, Jumat 24 Oktober 2008).
Apa maknane warta iki??? Prihatin lan ngiris ati. Ingatase priyayi Ngayogyakarta Hadiningrat minangka punjere kabudayan lan kasusastran Jawa wis ora pirsa marang basane dhewe.Apa maneh sing wong pesisiran lan wong minggiran ! Banget banget mrihatinake. Mesthine kahahan iki bisa nggugah semangate wong Jawa kanggo nguri uri supaya lestarine basa Jawa. Kanyatane ora mangkono. Satemene uluk-uluk utawa elik- elik kaya mangkono iku wis suwe. Wiwit taun suwidakan apa pitung puluhan, uluk-uluk kaya mangkono wis ana. Apa wong Jawa nduweni watek ora ngregani budayane dhewe? Nanging yen ana panyaruwe saka wong manca, lagi gelem gumregah, kaya prastawa Reog Ponorogo sing diakoni dadi budaya Malaysia, banjur padha rame rame protes? Ketoke pancen wong Jawa iku ya kaya mangkono iku, lagi gelem gumregah yen disaruwe dening bangsa manca, nanging yen ora ana apa-apa, aman-aman bae, padha ora gelem ngopeni, ora gelem nguri-uri apa-apa sing diduweni.Uga ana panemu sing mratelakake yen basa Jawa ora bakal sirna, kaya panjenengane Tarjan Hadijaya sing ngendika yen basa Jawa ora bakal sirna yen wong Jawa isih mbutuhake kethoprak, wayang wong lan sapanunggalane. Apa kahahan saiki isih kaya mangkono??. Jaman taun suwidakan isih ana grup kethoprak, ludruk kliling menyang desa-desa. Saben desa ana pakumpulan kethoprak utawa karawitan. Nanging saiki apa isih ana ? Reog sing anyar-anyaran iki oleh kawigaten gedhe saka pamarentah jalaran protese seniman Reog. Pengurus Reog tingkat Propinsi Jawa Wetan sambat, krana Reog wis arang-arang ditanggap. Kamangka uripe seniman Reog uga saka tanggapan mau.
Basa, produk masyarakat sing mesthi ngalami owah gingsir.
Saupamane yen kita nelusuri sejarahe basa sing urip ing tanah Jawa, kita bakal ngerti yen basa Jawa iku uga ngalami owah gingsir.
Jaman biyen sadurunge pengaruh wong Indhu saka India durung ana, wong Jawa wis nduweni basa dhewe. Banjur katekan wing Indhu. Tembung-tembung saka basa Sanskerta akeh sing mlebu menyang basa Jawa, nanging paramasastrane utawa cak-cakane tembung tetep Jawa asli. Bareng jaman Islam, tembung-tembung saka basa Arab akeh sing mlebu ing basa Jawa. Contone sruwal. Wong Jawa ngerata basa dadi saru yen uwal. Satemene tembung sruwal iku saka basa Arab as surwal sing tegese kathok. Katekan bangsa Cina, Walanda, Portugis lan liya-liyane, saben bangsa mau uga nambahi tembung-tembung ing basa Jawa. Satemene ora mung basa Jawa bae sing ngalami owah gingsir . Basa saindenging donya uga ngalami owah gingsir. Contone basa Latin. Biyen basa Latin iku kanggo basa ing pasrawungan utawa masyarakat. Basa Latin saiki wis mati, mung kanggo basa ing Kitab Suci lan utawa kanggo ing Ngelmu Pangawikan ( Ilmu Pengetahuan).
Beda karo basa Jepang, basa Cina nganti , aksara Jepang, aksara Cina , sanadyan digempur dening pengaruh global ya isih tetep bisa lestari. Jalaran masyarakate nduweni semangat kanggo ngurip-urip basane lan budayane. Komputer, basa lan budaya Inggris, lan pengaruh global uga nggempur basa lan budaya Cina sarta Jepang, basa lan budaya mau tetep bisa lestari sanadyan basa lan budaya mau uga ngalami owah gingsir. Malah-malah diciptakake aksara Cina lan Jepang ing komputer. Beda karo wong Jawa. Sanadyan saiki wis ana program komputer sing kanggo nulis nganggo aksara Jawa, nanging sapa sing arep nganggo ???
Wong Jawa dhewe kira kira 90 persen wis ora bisa nulis lan maca aksara Jawa. Guru-guru basa wis akeh sing grothal- grathul maca tulisan Jawa. Apa maneh muride. Nul puthul. Bab iki diakoni dening panjenengene wakil presiden Jusuf Kalla yen nguri-nguri utawa nglestarekake basa daerah iku angel.(Jawa Pos, 25 Oktober 2008)
Uga ana penganggep ing masyarakat Jawa dhewe yen nganggo basa Jawa dianggep wong desa, wong udik. Banjur anak anake wong Jawa wiwit bayi cenger diwulang nganggo basa Indonesia. Wis mesthi bae yen anak-anak mau ora ngerti basa Jawa, anak wis ora ngerti unggah-ungguh, tata krama Jawa. Anak sudah tercerabut dari akar budayanya !!! Sanadyanta komputer (internet) wis nganggo pengantar basa Jawa, ya tetep ora ngerti. Wong Jawa rumangsa luwih kepenak nganggo basa Indonesia katimbang nganggo basa Jawa.
Pancen ana pambudidaya saka pamarentah kanggo nglestarekake basa Jawa. Kayata nambahi jam wulangan basa Jawa ing sekolahan, njenengi dalan dalan nganggo tulisan Jawa, lomba dhalang, lomba macapatan, lomba njoged (menari) lsp. Nanging pambudidaya mau kaya-kaya ora ana asile. Jalaran apa ??? Wong Jawa ora nduweni rasa bombong , mongkog, bangga marang basane lan budayane. Luwih-luwih wong-wong ing daerah minggiran lan pesisiran kaya Surabaya. Wong Surabaya rumangsa yen basa Suroboyoan iku yen jinis basa dhewe. Seje karo basa Jawa Soloan utawa Jogjanan. Wong-wong Surabaya kepingin sing didadekakake basa buku lan basa baku iku basa Suroboyoan. Basa Suroboyoan iku mung arupa dialek, babone njupuk saka basa Soloan utawa Jogjanan. Kahanan iku nambahi ruwete cara lan upaya kanggo nglestarekake basa Jawa. Tembung-tembung sing kanggo ing pasrawungan wong Surabaya iku sethithik banget bedane karo basa model Sala. Yen wong Surabaya tetep pengkuh lan kukuh anggone nganggep yen basa Surabaya kudu didadekake basa baku bakale ora ana panindak, upaya, saka pihak kang wajib nangani bab iki. Durung mengko protese wong Banyuwangi sing nduweni dialek dhewe. Kamangka sangsaya suwe basa Jawa sangsaya rusak kagerus saka owah gingsiring jaman. Dulur, yen ora ana grengseng kanggo ngopeni basa basa Jawa, kira-kira satus utawa rong atus taun maneh jelas lan mesthi wis sirna.
Apa sliramu lila, wong Jawa ???

Minggu, 19 Oktober 2008
Damarwulan Ngarit
Langendriyan iku crita kethopak (drama tradisional), sing nyritakake paprangane Damarwulan lawan Minakjingga.
1.
Adegan ing padhepokane Damarwulan.
Nalika samana Damarwulan ngadhep ingkang ibu Nyai Patih Udara.
Damarwulan pamit suwita menyang praja Majapait.
Gendhing : Puspanjana.
Pangandikane Nyai Patih Udara marang Damarwulan.
Dhuh kulup putraningsun, Sireku wis wanci, Pisah lan jenengingwang, Ywa kulineng ardi, Becik sira neng praja, Suwiteng narpati, Nanging ta wekasingwang, Ywa pegat teteki.
2.
Adegan ing praja Majapait,
Ratu Ayu Kencanawungu diadhep Patih Logender, nyaritakake kahanane negara kang nandhang prihatin jalaran diserang mungsuh saka Blambangan yaiku Prabu Minakjingga. Ratu Ayu nyupena sing bisa ngentasi gawe yaiku Damarwulan, banjur dhawuh supaya Patih Logender ngupadi Damarwulan.
Wawan sabda antarane Ratu Ayu Kencana Wungu karo Patih Logender.
Dhandhanggula.
Siwa Patih marma sun timbali, ingsun paring weruh marang sira, yen ingsung antuk wangsite, saka dewa kang linuhung, saranane paprangan iki, kang bisa mbengkas karya, bocah saka gunung, kekasih Damarsasangka, siwa patih upayanen nuli, ywa kangsi tan kapanggya.
Lamun sira tan bisa ngulari, paman patih aja takon dosa, mesthi gedhe pidanane,
Dhuh gusti jwita prabu, bathara gung sak tanah Jawi, dhawuh paduka nata, sendika pukulun, karsendra kapasang yogya, kaningana ingkang kacetheng wangsit, nama pun Damarwulan.
Sutanipun sang Udara patih, mangka sampun wonten kepatihan, kang minangka saranane, kawula pundhut pundhut mantu, kapan sampun sawatawis lami, dhaup lan Anjasmara, kapanggih nak dulur,
iya patih sung tarima, mara gage iriten ing ngarsa mami, nuwun inggih sendika.
3.
Jejer ing tengah alas.
Damarwulan kelingan Dewi Anjasmara, banget anggone karanta-ranta nandang kingkin. Ngayahi dhawuhe Ratu Ayu Kencana wungu diutus mateni Prabu Minakjingga ing Blambangan. Ora wurung bakal nemahi pati. Sambate Damarwulan marang Anjasmara mangkene :
Asmaradana:
Anjasmara ari mami, masmirah kulaka warta, dasihmu tan wurung layon, aneng kitha Prabalingga, prang tandhing lan Wurubisma, kariya mukti wong ayu, pun kakang pamit palastra.
4.
Jejer ing keputren Blambangan. Garwane Prabu Menakjingga loro kang aran Waita lan Puyengan. Sakarone putri kang pinunjul ing warna. Nanging ora rena penggalihe kalamun dadi garwane Prabu Minakjingga. Waita lan Puyengan lagi wawan rembug. Ing nalika iku Damarwulan mlebu ing keputren. Dicritakake :
Asmaradana
Panengah dewi Ulupi, atmajanira pandhita, begawan Kanwa asmane, dhepok wukir Yasarata, endah respati warna, liringe anunjung biru, sumorot kadi kartika.
Demes luwes merak ati, kadya pratima rinengga, sarenteng mbambang awake, maweh branta kang tumingal, liringe apindha wulan, tan kendhat maesmu ngguyu, kengis kang waja gumebyar.
Pangkur.
Yayi paran karsanira, ingsun uwis datan bisa anglakoni, suwe ing diwengku prabu, payo anis kewala, dhuh kakang mbok sampun anuruti ing tyas dur, Paduka dutaning nata, manira pados utami,
Pukulun ulun tatanya, lah punapa dewa punapa resi, sang dyah yen andika ndangu, dhateng jasad kawula, kula dutaning sri kenya Majalengka, nami Damarwulan, prapta kawula ing ngriki,
Kadenangan jengandika, mboten langkung amung jiwangga mami, pinejahana wus patut, marang sang retnaning dyah, anjejuwing ngejur marang raganingsun, paranta amborong karsa, yekti lamun maling julig,
Lah kowe paran ing karsa, lah kok ribet yen kongsi konangan yekti, kaladuk duka sang Prabu, palastra siya-siya, mesakaken utusane ratu ayu, luwung kula alingana, mbok menawi kula manggih.
5.
Adegan Minakjingga lan abdine Dayun, ing sajerone kraton Blambangan. Nalika samana Prabu Minakjingga krungu wong rerasanan ing sajroning gedhong keputren. Banjur dhawuh marang Dayun supaya nelengake sapa satemene sing lagi sapajagongan ing keputren.
Sinom
Heh pinden Dayun telengna, swarane wong ndongeng iki, wijang wijiling ukara, muncar careming alungit, lamun ngucapken estri, ya kaya estri satuhu, lamun ngucapken priya, ya kaya priya sayekti, wigih temen agawe gawoking driya.
Suwe-suwe saya cetha, yen dudu wong ndongeng iki, tetela jalu wanita, gunem manuhara manis, mara Dayun den aglis, intipen gedhong lor iku, unggyanen sawetara, tamatna ingkang sayekti, nuwun inggih sendika reh paduka ndra.
Dhuh gusti sampun kawula, lampahing duta narpati, ngintip gedhong ler punika, sayekti wus kapiyarsi, jalu kalawan estri, wujudipun tan kadulu, saking adrenging driya, lumancang karsa narpati, kula menek ing soka, praptaneng kang leluhuran,
Kula thethel sirapannya, waspada ingsun ningali, tuhu lamun duratmaka, pangkone dipun turoni, garwa paduka kalih, dhahat rum riningrum rum rum, priya kang tanpa soma, garwanta cinidreng resmi, mara Dayun paranana, obormu enggal seblakna.
6.
Adegan Damarwulan konangan Prabu Minakjingga. Banjur takon-tankon, tantang tinantang. Wasana dadi pancakara rame.
Sinom.
Minak jingga :
Lah sira iku wong apa, wani malbeng taman sari, rupamu bagus taruna, pinangkanira ing ngendi, lan sapa kang wewangi, angakua mumpung durung, sireku ndhepani bumi, tekeng lena palastra tan siya-siya.
Damarwulan:
Sun iki dutaning nata, prabu Kenya Majapait, kekasih Damarsasangka, atma mantune ki patih, magang anyar wak mami, lah ta Bisma praptaningsun, kinen mocok murdantaji, anututa Minakjingga ingsun banda.
Wasana Minakjingga tumeka ing pati, jalaran aji-ajine gada wesi kuning oncat saka awake Minakjingga dicolong Waita lan Puyengan banjur diwenehake Damarwulan.
Lakon Damarwulan iki wis direkam ing VCD dening grup karawitan "Suka Laras", Madiun.

Kamis, 16 Oktober 2008
Kerata Basa
Kerata basa yaiku negesi tembung kapirid saka wandane( mengartikan kata dilihat dari suku katanya).
Tuladhane :
Gelas : yen tugel ora kena dilas. Teges salugune gelas yaiku barang / piranti kanggo ngombe sing bakale saka beling (glass). Gelas uga nduweni teges kaca utawa beling bae.
Tuladha liyane :
1. Piring = sepine yen miring.
2. Tebu = antebing kalbu.
3. Cengkir = kencenging pikir.
4. Gedhang = digeged bubar (lebar) madhang.
5. Kupluk = Kaku nyempluk.
6. Kaji = tekade mung siji.
7. Maling = Njupuk ngamale wong sing ora eling.
8. Sopir = yen ngaso banjur mampir.
9. Sekuter = sedheku nanging banter.
10. Krikil = keri ing sikil.
11. Suruh = kesusu weruh.
12. Wedang = ngawe kadang.
13. Tuwa = ngenteni metune nyawa.
14. Sruwal = saru yen uwal.
15. Kotang = sikute diutang.
16. Kuping = kaku njepiping.
17. Sindur = isin yen mundur.
18. Simah = isine omah.
19. Guru = digugu lan ditiru.
20. Ukir = ukurane pikir.
21. Bocah = mangane kaya kebo pegaweyane ora kecacah.
22. Prawan = yen pepara (dolan) wayah awan.
23. Kursi = yen diungkurake banjur isi.
24. Andhong = anake supaya gelis nggendhong.
25. Setir = senajan singset tetep bisa muntir.
26. Garbu = yen ora mbegar ora bisa mlebu.
27. Mantu = dieman-eman meksa metu.
28. Kathok = diangkat baka sithok.
29. Ruji = diruru siji-siji.
30. Buta = kalbu sing ora ditata.

Rabu, 15 Oktober 2008
Haloo, Pacitan !!!
Para kadang, mitra, sutresna warga Pacitan bakal nganakake silaturahmi Halal Bihalal sing dipapanake ing Jalan Kedung Mangu , dina Minggu Kliwon tanggal 18 Syawal 1429 H/19 Oktober 2008. Adicara sing kaya mangkene wis dileksanakake puluhan taun kepungkur, minangka sarana sambung rasa, sesrawungan, komunikasi antarane warga Pacitan sing ana Surabaya.
Kanthi sesanti " NEDYA NYAMBUNG RASA, NGUMPULAKE BALUNG PISAH, AJA KONGSI KEPATEN OBOR", adicara iki perlu disengkuyung, jalaran akeh manfaat sing bisa dipethik saka prastawa iki. Upamane yen para kadang mitra sing ora bisa tilik ndesa , bisa ngilangi utawa nyalurake rasa kangen yen ketemu sedulur-sedulur tunggal desa, kanca- kanca sekolah biyen lan sapanunggalane . Ning nyatane saiki senajan padha-padha wong Pacitan, yen ketemu ing papan pahargyan kaya mangkene iki arang sing isih tepung, utawa kenal., mula ing antarane para warga Pacitan sing ana ing Surabaya perlu nyambung rasa. Bab ngumpulake balung pisah, eee bok menawa ana prawan durung oleh sisihan bisa ketemu jaka, randa ketemu dhudha banjur padha ngiket janji nedya mbangun bale wisma. Iku rak jeneng manfaat. Sing perlu diudahal ya iku unen-unen aja kongsi kepaten obor, jaman saiki wis ora ana wong lelungan nggawa obor, mula ora perlu kuwatir yen nganti kepaten obor. Rehdene iki mung paribasan karokanggo ngluweske tembung mula isih perlu dianggo.
Kahanan ing Pacitan dhewe saiki wis pating klencar, saka padhange lampu listrik, wis nganti teka pucuke gunung, luwih-luwih ing kutha Surabaya. Eling-eling nalika isih jaman taun wolungpuluhan, nalika aku (sing nulis blog, manggon ing daerah Bulak Banteng ) iki ngurip-nguripake kesenian Jawa kanthi ngedegake pakumpulan macapatan lan karawitan, para anggota isih akeh sing nggawa senter (sentolop) jalaran dalane isih jemek lan peteng. Nanging saiki kahanan saiki wis beda banget. Pakumpulan kesenian, macapatan mau saiki ora langgeng, anggotane bubar dhewe-dhewe , karana akeh sing dipikirake, utawa nduweni pakaryan sing ora bisa ditinggalake Mula kanthi anane sapatemon para warga Pacitan (PWP) iki banget diperlokake, paling ora sethithik kanggo ngilangi rasa kangen karo wutah darahe Pacitan. Gedhong sing saiki kanggo sapatemon iki, asil saka pakaryane para pengurus PWP sing tanpa pamrih tansah mbudidaya supaya sesambungane antara para warga lan pengurus, sarta sesambungane para warga lan warga tansah raket supeket , lan tansah mbudidaya amrih pepenginane para warga Pacitan kabeh bisa kaleksanan kanthi becik.
Mula ayo dulur, kadang , mitra Pacitan , ayo sapatemon iki dirawuhi, diramekake. Ora keri karo ngirid anak-anak lan putu-putu!
Ora lali aku ngaturake : Sugeng riyadin, minal 'aidin wal faizin, muga-muga dosa kita lineburna ing dina riyaya. Amin.
Bravo warga Pacitan !!!

Selasa, 14 Oktober 2008
Unggah-ungguh Basa
Ing bebrayan (masyakarat) Jawa kerep keprungu tetembungan unggah-ungguh. Tegese unggah-ungguh yaiku sopan santun, tata krama. Wong Jawa saiki akeh sing ngarani yen wong enom wis ora nduweni unggah-ungguh maneh. Mesthi bae. Wong saiki tindak lakune kudu cepet, jalaran nguber kabutuhane urip, nganggo paugeran cepet-cepet anggere slamet, ora kaya wong Jawa jaman biyen sing duwe pathokan nguler kambang, alon-alon waton kelakon. Kanthi lumakune waktu lan jaman, mesthi ana owah gingsire kahanan, jalaran tuwuh kahanan anyar utawa sangsaya majune teknologi bakal nuwuhake owah-owahan. Apa iku owah-owahan sikap, apa tindak tanduk. Sing gampang bae anane owah-owahan punjere paprentahan, sing biyen ana ing Surakarta Hadiningrat lan Ngayojakarta Hadiningrat saiki wis ngalih ana ing Jakarta. Kahanan iki nyebabake owah-owahan uga, utamane Basa Jawa. Basa Jawa sing biyene dadi basa resmi paprentahan saiki ora. Malah-malah saiki akeh wong Jawa sing wis ora gelem nganggo basa Jawa maneh, sanajanta wong mau asale saka Surakarta lan Ngayojakarta. Kahanan iki nyebabake basa Jawa ngalami owah gingsir, bisa-bisa ngalami ilang musna kaya basa Jawa Kuna sing jaman saiki wis wong Jawa sing ora ngerti. Akeh wong Jawa sing wis ora ngerti basa Jawa maneh. Ngertia ya mung capet-capet, apa maneh nganggo basa sing ndakik-ndakik.
Basa Jawa saiki wis owah, ora kaya basa Jawa jaman panjenengane Bapak Antunsuhono, S. Padmosukoco, R Ng Poerbacaroko lan sapanunggalane. Nalika jaman iku basa Jawa diperang dadi :
1. Basa Ngoko. Basa Ngoko isih diperang dadi basa Ngoko Lugu lan basa Ngoko Andhap.
2. Basa Madya. Basa Madya isih diperang dadi basa Madya Ngoko, Madya Krama, lan Madyantara.
3. Basa Krama. Basa Krama isih diperang dadi basa Mudhakrama, Madya Krama, lan Wredhakrama.
4. Basa Krama inggil.
5. Basa Bagongan utawa basa sing kanggo ing sajerone kraton.
6. Krama desa sing tembung-tembunge akeh sing tinemu ing karang pradesan.
Jaman saiki akeh wong desa sing dadi priyayi gedhe ing Jakarta, dene sing biyen trahing kusuma rembesing madu ing kraton Surakarta lan Ngayojakarta dadi priyayi lumrah. Kadhangkala wong-wong ing sacedhake (tangga teparone) priyayi mau ora mangerteni yen priyayi mau tedhaking kusuma rembesing madu, kaya paribasan kang kamot ing tembang Dhandhanggula , diemot (dimuat) ing buku "Ngengrengan Kasusastran Jawi" karangan S. Padmosukoco, paribasan tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati, temah nampa papan kang nistha.
Mula apa kira-kira saiki ora perlu diatur ing paramasastra anyar? Upamane jinise basa mau diperang dadi :
1. Basa Ngoko kedadean saka Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (Ngoko Alus) ,sing aturane padha jaman biyen.
2. Basa Krama kedadean saka Krama Lugu lan Krama Andhap (Krama Alus). Basa Krama Lugu aturane kaya Basa Kramantara, lan Basa Krama Andhap (krama Alus ) kaya Mudha Krama. Kena apa kok basa Mudhakrama? Jalaran basa Mudha Krama iku kramane wong enom marang wong tuwa. Wong Jawa nduweni watak ngajeni wong kang dijak guneman lan ngasorake awake dhewe, kaya ing basa Ngoko Alus utawa Ngoko Andhap .
Kepriye dulur tanggapan panjenengan?

Minggu, 12 Oktober 2008
Candrasangkala (0)
Sirna ilang kertaning bumi.
Tetembungan ing dhuwur kaprah keprungu ing bebrayan utawa masyarakat. Satemene ukara ing dhuwur iku ukara sinandi kang nduweni teges angka tahun. Ukara ing dhuwur iku minangka pangeling-eling lebure utawa ambruke negara Majapait. Dene carane negesi kaya mangkene :
Sirna ateges 0 (nol), ilang ateges 0 (nol) kerta nduweni teges 4 (papat) bumi nduweni teges 1 (siji). Diurut saka ngarep dadi 0041, banjur diwaca saka ing buri 1400. Jalaran negara Majapait isih petungan taun Saka mula taun mau awujud taun Saka. Yen didadekake taun Masehi banjur ditambah 78 dadine 1400 + 78 = taun 1478.
Candrasengkala uga diarani sengkalan.
Tuladha candrasangkala liyane :
1. Sanga kuda suddha candrama = 1799 Saka = 11157 Masehi. Tinemu ing Layang Bharatayuddha (nganggo tembang) sing dikarang dening Empu Sedah Lan Empu Panuluh nalika jaman Prabu Jayabaya ing Kediri.
2. Sad sanganjala candra = 1496 Saka = 1574 Masehi. Tinemu ing Layang Harisraya (nganggo tembang)
3. Guna paksa kaswareng rat = 1723 Saka = 1081 Masehi. Tinemu ing Layang Panji Angreni, lakon Dewi Candrakirana lan Raden Panji.
4. Panerus tingal tataning nabi = 1529 Saka = 1607 Masehi. Tinemu ing Layang Suluk Wujil, jaman Sultan Agung.
5. Geni rasa driya eka = 1563 Jawa = 1641 Masehi. Tinemu ing Layang Nitipraja, jaman Sultan Agung.
6. Jalma paksa kawayang buwana = 1621 Jawa = 1699 Masehi. Tinemu ing Layang Sewaka, jaman Sinuwun Mangkurat (Pangeran Puger)
7. Tasik sonya giri juga = 1704 Jawa = 1782 Masehi. Tinemu ing Layang Wiwaha jarwa jaman Sinuwun Paku Buwana III.
8. Tata tri gora ratu = 1735 Jawa = 1813 Masehi. Tinemu ing Layang Paniti Sastra karangan Kyai Yasadipura.
9. Naya merta maharsi manengkung = 1742 Jawa = 1820 Masehi. Tinemu ing Layang Darmasunya. Karangan Kyai Yasadipura II, jaman Sinuwun Paku Buwana V
10. Pawaka ro wiku raja = 1723 Jawa 1801 Masehi. Tinemu ing Layang Dewaruci Jarwa. Karangan Kyai Yasadipura, jaman Sinuwun Paku Buwana V.
11. Janma tri gora aji = 1731 Jawa = 1809 Masehi. Tinemu ing Layang Ambiya. Karangan Kyai Yasadipura.
12. Sapta catur swareng janmi = 1747 Jawa = 1825 Masehi. Tinemu ing Layang Sasana Sunu, karangan Kyai Yasadipura.
13. Song-song gora candra = 1799 Jawa = 1877 Masehi. Tinemu ing Layang Cemporet, karangan R. Ng. Ronggawarsita.
14. Murtyastha amulang sunu = 1788 Jawa = 1862 Masehi. Tinemu ing Layang Wirawiyata, karangan KGPAA Mangkunagara IV.
15. Kaya wulan putri iku = 1313 Saka. Tinemu ing pasareyane putri Cempa ing Trowulan.
16. Rupa sirna retuning bumi = 1601 Jawa = 1679 Masehi. Sengkalan nalika kapikute Trunajaya nalika ngraman.
17. Tri manunggal wiwaraning urip = 1913 Jawa = 1981 Masehi. Tinemu ing buku "Memetri Basa Jawi" karangan S. Padmosukaca.
18. Tunggal ngesthi manjing gusti = 1981 Masehi. Tinemu ing buku "Memetri Basa Jawi" karangan S. Padmosukaca.
Ayo kanca-kanca padha nulis ing Blog, tak suwun komentar panjenengan kabeh
gegaran : Memetri Basa Jawi, S Padmosukaca, Kapustakan Jawi, R. Ng. Purbacaroko

Rura Basa
Rura utawa rurah tegese rusak.
Rura basa tegese basa rusak. Nanging senajan rusak yen dibenerake malah dadi ora lumrah. Contone : nggodhog wedang. Sabenere nggodhog banyu kanggo gawe wedang. Nanging yen dibenerake dadi nggodhog banyu malah ora lumrah. Mula sanajan salah nanging kaprah, banjur dianggep bener.
Conto liyane :
1. Menek klapa.
2. Nguleg sambel
3. Ndheplok glepung.
4. Mikul dhawet.
5. Ndondomi clana.
6. Ndheplok gethuk.
7. Mbathik iket.
8. Ngenam klasa.
9. Mbunteli tempe.
10. Adang sega.
11. Nutu beras.

Sanepa
Saben dina mung tansah nesu, tandange srogal-srogol, ulate bening leri, jalaran ora katekan karepe.
Eseme pait madu, angujiwat agawe brangtaning para priya kang kataman wuyung.
Sanepa yaiku tetembungan kang kedadean saka tembung watak (kata sifat) kasambung tembung aran (kata benda) sing ngemu surasa kosok balen.
Tuladha liyane :
1. Polahe anteng kitiran, mrana- mrene ora ana mandhege.
2. Dedegmu mung dhuwur kencur, ora-orane yen kowe bisa ngranggeh tanganku.
3. Sanyatane kulitmu isih wuled godhong lumbu, balungmu atos debog , ora sumbut karo sumbarmu sing kaya - kaya bisa mutungake wesi gligen.
4. Gunemane pait juruh, mula akeh wong sing kapilut marang dheweke.
5. Kamar iki apa ora tu diresiki ta ya, ambune kok arum jamban ?
6. Gunemanmu ora susah ngandhar-andhar angendhukur, sanyatane kawruhmu isih jero tapak meri.
7. Abot kapuk ngene lho, kena apa anggonmu ngangkat mung tansah bekah-bekuh bae!
8. Katresnanipun den Bagus dhumateng den Ayu paribasan renggang gula, kumeyur pulut.
9. Kamar kok resik peceren, apa ora nate kok saponi?
10. Pangandikanipun sepet madu mila kathah para priyantun ingkang remen.
11. Cahyane maling iku abang dluwang, bareng konangan anggone nyolong.
12. Kowe kuwi lho sadina-dina penggaweyanmu kok mung mangan bae, delengen awakmu kuru, nanging kuru semangka.
13. Wangune rembulan purnama siidi kang lagi ndhadhari bunder seser paribasan benjo tampah.
14. Playuning duta lonjong mimis, sawise antuk palilah saka sang Prabu.
15. Lumarape para prajurit lonjong botor, ngrabasa mungsuh ing satengahing palagan, pindhane kadya segara rob.
16. Ngelmu iki ngremit banget paribasan agal glepung, mula sing ngati-ati.
17. Yen dak rungokake kandhamu pait juruh, ora ana gregele babar pisan.
18.Swarane pesindhen iku paribasan sepet madu, kondhang ing saindenging Nuswantara.
19. Kowe iku pancen ora kena dipercaya, tembugmu peret beton.

Jumat, 10 Oktober 2008
Wangsalan
Jenang gula, kowe aja lali marang aku.
Sowan kula ing ngriki namung angebun-ebun enjang anjejawah sonten.
Njanur gunung, esuk-esuk kowe wis teka mrene.
Kolik priya, priyagung Anjani putra.
Tuhu eman wong anom wedi kangelan.
Wangsalan yaiku tetembungan utawa ukara saemper cangkriman, nanging batangane wis ana ing perangan burine, mung dicangking sawanda utawa luwih.
Tuladha ing dhuwur yen diudhal kaya mangkene :
1. Jenang gula iku batangane glali. Ing ukara saburine ana tembung lali. Tembung lali njupuk wandane glali (wanda pungkasan batangane jenang gula).
2. Angebun-ebun enjang batangane nyuwun, bun esuk arane awun-awun. Jawah sonten batangane rabi, udan ing wektu sore jenenge rarabi. Maksude lugu nyuwun rabi.
3. Njanur gunung batangane kadingaren. Janure wit aren jenenge kadi.
4. Kolik priya batangane tuhu, manuk kolik iku wadon yeng lanang arane tuhu. Putrane Dewi Anjani batangane Anoman mulane ana tembung wong anom.
Tuladha liyane:
1. Aja rame-rame wonge lagi mbabon kirik.(babon kirik = asu, batangane nesu).
2. Jenang sela wader kalen sesonderan, apuranta yen wonten lepat kawula. (Jenang sela = apu, wader kalen = sepat)
3. Babal bunder manglung kali, Lho, patrapmu kok kaya mangkono !. (Babal bunder = elo).
4. Mbok aja njangan gori, ethok-ethok ora krungu! (Jangan gori = gudheg)
5. Bayem arda, ardane ngrasuk busana, mari anteng besuse saya katara. (bayem arda = lateng, ardane ngrasuk busana = besus)
6. Mina galak ing samodra, bacutna gunemmu Kang Gareng.(mina galak ing samodra = iwak cucut)
7. Petis manis, ngucapna tembung sing manis.(petis manis = kecap)
8. Bareng macak sliramu katon mandhan rawa.(pandhan rawa = wlingi)
9. Pring dhempet, kowe teka mrene kok ara kandha-kandha !. (pring dhempet = andha)
10. Dom jala, coba aku kandhanana ! (dom jala = coba)
11. Bremara wismeng bantala, kawula badhe caos atur. (bremara wismeng bantala = tawon tutur, bremara = kombang )
12. Sayeng kaga kaga kresna mangsa sawa, wong susila lagake anuju prana. (sayeng kaga = kala, kaga kresna mangsa sawa = manuk gagak)
13. Sri Maha Jawata katong, andaka wulune rekta, jroning nendra gung kaepi.(Ratune para jawata = Bathara Endra, andaka wulune rekta = sapi )
14. Carang wreksa kawi wuwus, panggya andika kusuma. (carang wreksa = pang , wuwus = tembung kawi ngendika)
15. Kepiting kang sobeng rawa, nguswaraganta wong ayu. (Kepiting kang saba ana ing rawa = yuyu)
16. Bale nata rondon pari, paran margane wak mami. (bale nata = pagelaran, rondon pari = dami)
17. Cecangkok wohing kalapa, ugemana kang dadi pathoking urip. (Cangkok kalapa = bathok )
18. Carang wreksa, nora gampang wong mengku nagara. (Carang wreksa = pang)
19. Baligo amba godhonge, kudu santoseng kalbu. (baligo amba godhonge = labu)
20. Tengareng prang, andheging riris, kudu teteg lan kudu terang ing pikir. (tengara perang = keteg , andeging riris (mandhege udan) = terang )

Parikan
Kembang aren, sumebar tepining kalen,
Aja dahwen yen kowe kepingin kajen.
Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur,
Kudu jujur yen kowe kepingin luhur.
Pathokane parikan :
1. Kedadean saka rong ukara.
2. Saben saukara kedadean saka rong gatra.
3. Ukara kapisan minangka purwaka (pambuka), dene ukara kang kapindho minangka wos (nges, isi)
Tuladha :
Nyangking ember ngiwa nengen,
Lungguh jejer nggo tamba kangen.
Pitik walik jambul abang,
Lirak-lirik mung trima nyawang.
Bisa nggender ra bisa ndemung,
Bisa jejer ra bisa nembung.
Bong kuburane Cina,
Aja sombong -sombong mundhak rekasa.
Pak sopir montore sedhan,
Dipikir kaya wong edan.
Kembang turi melok-melok,
enake dipangan sore.
Ra breduli wong alok-alok,
Sandang pangan golek dhewe.
Tak ukiri tak ukiri,
wak encik dodolan jamu,
Tak pikiri tak pikiri,
Ala becik sakarepmu.
Suwe ora jamu,
Jamu pisan godhong bayem,
Suwe ora ketemu,
Ketemu pisan atine ayem.
Suwe ora jamu,
Jamu godhong kates ,
Suwe ora ketemu,
Ketemu pisan ora direwes.
Wetan gunung kulon ya gunung,
ana sumur banyune asat,
Wiwit kuncung nganti gelung,
Ra tau makmur malah mlarat.
Ali-ali ilang matane,
Gantenana matane akik,
Aja lali karo wong tuwane,
Ngailingana ri kalane sih cilik.
Aja nggulani lopis sak-iris,
Gulanana abang ijone,
Aja mbelani arek ireng manis,
Belanana anak bojone.
Sapu tangan pesagi papat,
dak umbah lawan dak sikat,
Ayo kanca dak jak mupakat,
Yen berjuang ja edan pangkat.
Blarak sempal kelapa tuwa,
tiba neng lemahy dadi sada,
Anak nakal aja diuja,
Bisa nyamah asmane wong tuwa.

Parikan iku lumrahe kanggo medharake rasaning ati (fikiran) marang wong liya, nanging anggone medharake dipurwakani nganggo ukara liya sing diarani purwaka (pambuka). Gunane purwaka kanggo narik kawigatene wong ngrungokake.
Tuladha :
Nyangking ember ngiwa nengen,
Lungguh jejer nggo tamba kangen.
Pitik walik jambul abang,
Lirak-lirik mung trima nyawang.
Bisa nggender ra bisa ndemung,
Bisa jejer ra bisa nembung.
Bong kuburane Cina,
Aja sombong -sombong mundhak rekasa.
Pak sopir montore sedhan,
Dipikir kaya wong edan.
Kembang turi melok-melok,
enake dipangan sore.
Ra breduli wong alok-alok,
Sandang pangan golek dhewe.
Tak ukiri tak ukiri,
wak encik dodolan jamu,
Tak pikiri tak pikiri,
Ala becik sakarepmu.
Suwe ora jamu,
Jamu pisan godhong bayem,
Suwe ora ketemu,
Ketemu pisan atine ayem.
Suwe ora jamu,
Jamu godhong kates ,
Suwe ora ketemu,
Ketemu pisan ora direwes.
Wetan gunung kulon ya gunung,
ana sumur banyune asat,
Wiwit kuncung nganti gelung,
Ra tau makmur malah mlarat.
Ali-ali ilang matane,
Gantenana matane akik,
Aja lali karo wong tuwane,
Ngailingana ri kalane sih cilik.
Aja nggulani lopis sak-iris,
Gulanana abang ijone,
Aja mbelani arek ireng manis,
Belanana anak bojone.
Sapu tangan pesagi papat,
dak umbah lawan dak sikat,
Ayo kanca dak jak mupakat,
Yen berjuang ja edan pangkat.
Blarak sempal kelapa tuwa,
tiba neng lemahy dadi sada,
Anak nakal aja diuja,
Bisa nyamah asmane wong tuwa.
Paribasan
Dom sumuruping banyu : Mata pita (mata-mata) banget ngati-atine ing panggonan mungsuh.
Dudutan lan anculan : Wong loro sekongkelan, nanging sing siji ethok-ethok ora weruh.
Dudu berase ditempurake : Melu nimbrung sing dudu prekarane.
Gajah marani wantilan : Wong sing sengaja marani bebaya.
Gajah ngidak rapah : Wong sing nerak wewalere (pepacuhe) dhewe.
Gambret singgang mrekatak ora ana sing ngundhuhi : Wong wadon (prawan) pinter srawung, nanging ana sing ngepek bojo.
Garang nanging garing : Wong sing katone mewah nanging salugune mlarat (ketara gagah nanging ora duwe).
Ngontragake gunung : Wong sing bisa ngalahake mungsuh sing luwih kuwat utawa rosa, nganti gawe gumune wong akeh.
Nglungguhi klasa gumelar : Wong kang kari nemu kepenake, ora melu rekasane .
Tigan kaapit ing ing sela : Wong ringkih dimungsuh wong loro tur luwih kuwat utawa rosa.

Kamis, 09 Oktober 2008
Paribasan
Adedamar tanggal pisan kapurnaman : Wong nggugat ing pengadilan, nanging nganti rampung, jalaran welas marang wong dijak prekaran.
Adol lenga kari busike : Wong dundnum barang nanging sing adum ora kebagean.
Adus kringget : Wong kang nyambut gawe abot.
Ambalung usus : Wong kang kekarepane kendho kenceng.
Ambondhan tanparatu : Wong sing ora ngakni paprentahan
Ambuntut arit : Rembugfan sing awale gampang wasa dadi angel.
Ambidhung api rowang : Wong ngggodha ( ngrusuhi) wong liya nanging ethok-ethok dadi kanca.
Ambeguguk angutha waton : Wong kang sengaja ora nuruti prentah.

Langganan:
Postingan (Atom)
Pengikut
Pesindhen Manca Negara :
- Chantal Karijosentono : Tresna Kowe
- Winston Echteld : Tresnaku Tresnamu
- Oxford Gamelan Society : Asmaradana
- Karen Elizabeth : Jula-juli Tretek
- Hiromi Kano : Gara-gara 2
- Hiromi Kano : Gara - gara
- Kitsie Emerson
- Hiromi Kano : Sinom Parijatha
- Hiromi Kano : Perkutut Manggung
- Hiromi Kano : Perkutut Manggung
- Hiromi Kano : Bengawan Solo
- Gamelan Switzerland