Besalen saka tembung basa Jawa Kuna gusali. Yaiku papan panggonan
nyambut gawe para pandhe. Dene pandhe yaiku wong sing pegaweyane nggawe pacul, arit,
bendho, lading, lan liya-liyane, utawa barang-barang (piranti) saka wesi.
Pandhe kang misuwur yaiku mpu Gandring sing nggawe keris pesenane Ken Angrok kang
kanggo mrajaya Tunggul Ametung. Jalaran
sote mpu Gandring, keris gaweyane bakal mateni ratu cacah pitu. Ing tembung saiki wong sing pegaweyane nggawe
keris diarani empu. Ing basa Jawa Kuna empu nduweni teges : wong kang pinunjul ,
ahli, utawa pujangga.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar