lempeng,
lakuning lintang ing awang-awang tanpa giwang
tumata, tanpa tidha-tidha
tanpa owah wegah oncat saka dalan kang tanpa prenah
katon endah
onya,
lakuning manungsa ing alam donya
gawe gendra udreg-udregan tanpa tanja
dadi pepucuking uru-ara , kanggo sapa ?
duraka ngambra-ambra
adoh saka kang gumantung jroning dhadha
perkara,
sumber dahuru
tansah mili lumintu
datan ngetung wektu
lebur,
jujur sanajan wis teka lawanging kubur
kalimput ati peteng ngregemeng kebrukan gunung geneng
kapan,
culika katiyuping samirana ?
surabaya, 10012010.
kapan?
BalasHapusnamung dhawah sumarah
marang Sang Akarya Dhawuh
Panci manungsa menika namung saderma nglampahi.
BalasHapus