Selasa, 10 November 2015

CANDHI JAWI




Candhi Jawi mapan ing desa Candhireja, kecamatan Prigen, kabupaten Pasuruan. Ing Negarakretagama disebutake “jajawa ri suku saɳ hyan adri kumukus “ kang tegese “Jejawa ing sukuning gunung kumukus utawa gunung geni” yaiku ana ing sikiling gunung Welirang. Saka Pandhakan kira-kira 5 km arah menyang Prigen, ana ing pinggir dalan gedhe. Cedhak karo Taman Candrawilwatikta.
Sakupenge candhi ana blumbang kang dithukuli kembang trate. Iwake pating sliwer kumambang ing satengahing blumbang. Sawise ngliwati blumbang banjur munggah ing pager utawa pondhasi bata kang dhuwure kira-kira rong meter, anjog ing plataran candhi kang ambane kira-kira 40 x 60 meter.  Ing kulone candhi Jawi ana candhi perwara, cacahe telu, nanging kahanane wis rusak banget jalaran digawe saka bata. Uga ana tilase candhi bentar kang minangka plawangan lumebu menyang candhi. Saiki mung kaya-kaya tumpukan bata wae. Ing pojok sisih kulon lor candhi ana wit gedhe kang ndadedake adheme swasana. Angine sumilir rumasuk ing awak sakojur.

Candhi Jawi iki uga diarani Jajawa utawa Jawa-jawa. Candhi digawe nalika jamane Prabhu Kertanegara. Candhi iki uga dadi pandharmaning (makam, kanggo nyimpen awu)  Sang Prabhu ing Singasari. Bab iki diterangake ing Negarakertagama 56 : 1
kirtti çri krtanagara prabhu yuyut nareçwara sira, tekwan rakwa siranadistita çarira tan hana waneh,  ( Didegake dening Prabhu Kretanegara, buyute sang Narendra, lan kabare mung panjenengane ora ana maneh) .
Candhi iki satemene wis rusak. Ing taun 1938 – 1941 didandani dening pamarentah Walanda, nanging durung sampurna nganti teka ing payone candhi. Jalaran ing wektu iku ana salarapan bageyan awake ana watu candhi kang ilang. Wiwit taun 1975 pamarentah Indonesia ndandani candhi iki nganti rampung kaya kang katon iki , rampung taun 1980 lan diresmekake taun 1982.  Ukuran candhi iki ujure 14,24 m, alange 9,55 m lan dhuwure 24,50 m.

Wujude candhi Jawi iki cilik nanging dhuwur, madhep ngetan. Mesthine candhi madhep ngulon, utawa madhep menyang gunung, mula ana sawenehing ahli kang nduweni panemu yen candhi Jawi dudu candhi kanggo pamujan. Candhi pamujan lumrahe madhep menyang gunung kang dianggep dadi papane para dewa. Manut pangira-ira adhepe candhi jalaran kaprebawan agama Buddha. Ing ngarep candhi ana undhak-undhakan (tlundhakan) kang tumuju menyang plawangan senthongan candhi. Rada dhuwur lan ciyut. Miturut panaliten reca kang ana ing sajroning candhi yaiku Nandiswara, Durga, Brahma, Ganesha lan Nandhi.  Reca-reca kang ana ing sajroning candhi iki wis ora ana jalaran wis dielih menyang museum utawa menyang papan liya supaya ora dicolong maling. Miturut Negarakretagama ing kono uga ana reca Maha Aksobhya, nanging wis ilang nalika candhi disamber bledheg ing taun 1253 Ç (1331 AD). Kang kari ana ing jerone candhi mung yoni.

Ing sikiling candhi direnggani relief kang mujudake sawijining crita, nanging durung pati cetha crita apa kang dikarepake. Reliefe diukir ora pati jero, mula ana sebageyan ana kang wis rusak. Urutan critane dikira-kira padha karo laku Pradaksina utawa upacara memuja marang para dewa kang karan Dewayadnya. Ing awake candhi ana legokan (relung),  ing dhuwure legokan mau ana wewujudan rai Kala.
Payone candhi tundha telu, pucake awujud Pagoda (candhi kang payone tumpuk-tumpuk). Ing Negarakretagama disebutake yen ing taun 1253  Ç  ( 1331 AD) Candhi Jawi nate disamber bledheg. Kedadean iku nyebabake ilange reca Maha Aksobhya ing sajroning candhi. Mpu Prapanca ing Negarakertagama mratelakake yen Candhi Jawi asipat Buddha lan Siwa,  cihnaɳ candi ri sor kaçaiwan apucak kaboddan i ruhur, (Wujuding candhi ing ngisor Kasiwan apucak Kabuddhan ing dhuwur, Negarakretagama 56 : 21). Ing kono uga diterangake yen Prabhu Kertanegara ngrasuk agama Siwa Buddha.

Jumat, 06 November 2015

PATAPANE DEWI KILISUCI



Dewi Kilisuci iku jejuluke Sanggramawijaya Tunggadewi putra putrine Airlangga nalika mertapa. Sadurunge mertapa Dewi Kilisuci minangka putri sekar kedhaton kang bakal nggenteni kalungguhane Prabhu Airlangga mula dheweke nduweni jejuluk Rakryan Mahamantri. Asma jangkepe yaiku Rakryan Mahamantri  I Hino Sanggramawijaya Dharmaprasada Uttunggadewi. Jejuluk iku katulis ing prasasti Cane (943 C =1021 AD) lan prasasti Turun Hyang I (958 C =1036 AD). Jalaran ora gelem dadi ratu Dewi Kilisuci milih mertapa ana ing gunung Pucangan.

Ing prasasti Pucangan (959 C = 1037 AD) mratelakake yen Prabhu Airlangga dhawuh mbangun patapan ing gunung Pugawat (Pucangan ?) sawise bisa ngalahake mungsuh-mungsuhe. Pratelan mau bisa dideleng ing alih aksarane prasasti Pucangan sarta tarjamahe ing basa Walanda dening Prof Kern (VG VII), kang unine mangkene :

32 …. heeft Zijne Majesteit Erlangga nu hij een groot vorst geworden was, aan helling van den heerlijken berg Pugawat eene heilige kluizennarij laten maken, hetzij om de goden gunstig te stemmen en te bevredigen

Ing basa Indonesia

32 …. Sri paduka Erlangga kini menjadi raja besar memerintahkan agar dibuatkan sebuah pertapaan suci di lereng gunung Pugawat yang indah lagi menyenangkan , baik untuk menunjukkan kekuasaannya maupun karena kesetiaan akan janjinya yang tidak dapat dilanggar demi memuaskan dan menyenangkan para dewa. (Vernika Hapri Witasari)

Ana panemu yen prasasti Pucangan ditemokake ing Pucangan sawijining papan kang ana ing ereng-erenge gunung Penanggungan, Kabupaten Mojokerto, Jawa Wetan. Prasasti iki ditemokake ing jamane Raffles dadi gubernur pemerintahan colonial Inggris ing Batavia. Prasasti kasebut banjur dikirimake menyang Gubernur Jendral Lord Minto ing Calcutta, kang nganti saiki isih disimpen ana ing Museum India ing  Calcutta. Mula prasasti kasebut uga diarani Calcutta Stone.

Manut crita masyarakat, ing gunung Pucangan, desa Cupak kecamatan Ngusikan kabupaten Jombang uga ditemokake patilasane Dewi Kilisuci. Perlu dikawuningani yen gunung Pucangan iki kalebu urute pegunungan Kendheng. Patilasan iki mapan ing satengahe alas jati kang kalebu KPH Mojokerto. Pancene miturut sejarah, kabupaten Jombang nalika samana sadurunge taun 1910 kalebu wewengkon Mojokerto, sawise taun iku banjur madeg kabupaten dhewe.  Apa sing dikarepake Pucangan iki kang ana ereng-erenge gunung Penanggungan, apa Pucangan kang ana ing gunung Kendheng kabupaten Jombang  ?

Ing sacedhake patilasane Dewi Kilisuci (pucake punthuk) ana lingga (lambang kesuburan, lambang planangan ) cacah loro. Ing antarane siji lan sijine lete (jarak) kira-kira rong puluhan meter. Ing sacedhake lingga ana kuburane Maling Cluring, yaiku maling sekti mandraguna, bisa ngilang, kang tansah mbiyantu para kawula kang kesrakat uripe.

Papan patilasan iki saiki isih akeh sing padha nekani saperlu jiyarah utawa saperlu nenepi ing kono, utamane wong-wong saka wilayah Mojokerto, Jombang, lan Lamongan. Rame-ramene wong jiyarah yaiku ing malem Jemuah Kliwon.

 

Pengikut

Matur Nuwun ...