Jumat, 15 November 2013

WATAK UTAMA



Sinom.
Ambegé kang wus utama,
tan ngendhak gunaning janmi,
amiguna ing aguna,
sasolahé kudu bathi,
pinteré dèn alingi,
bodhoné dinokok ngayun,
pamrihé dèn inaa,
aja na ngarani bangkit,
suka lila dèn ina sapadha-padha.

Wulangreh, Paku Buwana IV


Katrangan tembung:

ambeg             = i. (kn): 1.watak; 2.awatak, duwe bebuden; 3. umuk, duwe anggep luhur lsp; 4. engg. rewel (tumrap bocah); diambegi: direngkuh kalawan ambeg (umuk). ii. ambegan: (kn). napas, mlebu metune hawa ing irung (kebuk); 2. nyerot lan ngetokake hawa. ambeg darma (kw): welasan (seneng tetulung); ambeg pati (br): ora wedi marang pati (wani mati); ambeg siya (kn): awatak siya marang; ambeg sura (kw): kendel banget; ambeg wani (br): kendel, kumendel, ambeg welas (kn): welasan.
utama              =(s) 1. (kw). becik, linuwih; 2. n. utami (k): luwih dening becik (tumrap bebuden, watak, lsp); utamane: prayogane, becike.
ngendhak        = (kn): 1. mareni (kamanuhan, lsp), ninggal (pagawean); 2. nyandhet (kanepson, lsp)
guna                = (s) 1. (kw) watak, kaluwihan, kapinteran; 2. (kn) panggawe, krenah, paeka; 3. (n) gina (k) paedah; guna bisa, guna gawe, guna piranti, guna sarana, guna sekti (kn): daya kang ngungkuli kodrat ginawe krenah (maeka) ing liyan; gumuna (br): kuminter; nggunani: maeka (menggawe) ing liyan sarana guna gawe, lsp; ngguna gawe (kn): maeka, menggawe; maling aguna: maling sekti.
janmi               = janma, jalma, manungsa, nara, wong,
amiguna          = (kw): pinter; migunanni : maedahi; migunakake: nganggo
den                  = i (kw): 1. di- , upamane den prajaya; 2. di- (pakon alus) upamane : den ngati-ati. ii. pacelathon: sesebutane wong sing isih dharah; 2.(enggonan) sebutane wong lanang (sing klebu tengahan).
bangkit            = bisa.
suka                 = i (kn) bungah; suka-suka, suka pari suka, sukan-sukan: bungah-bungah, seneng-seneng. ii (k): aweh, oleh (nglilani); dipunsukani (k): diwenehi, dipunsukakaken: diwenehake; suka lila (rila) (kn): kanthi senenging ati sarta lila; suka- nrima, suka- sukur, suka-panarimah) (kn): matur nuwun.
ina                   = 1. (kw) nistha, asor; 2. (kn) ak. cacad (tumrap badan); 3 (kw): picak; 4 (ak) weya, kurang ngati-ati; diina : diremehake, disepelekake (dipesthekake yen ora bisa; ina budi (kw): bodho.


Kamis, 14 November 2013

TEMBUNG ANCER-ANCER, KATA DEPAN, PREPOSISI




Gambar saking :COLLECTIE TROPENMUSEUM


Ing basa Indonesia tembung ancer-ancer (kata depan, preposisi) ana sawetara definisi kang nyebutake:

1.      Preposisi berasal dari bahasa latin yaitu prae yang berarti sebelum dan ponere, yang berarti menempatkan, tempat. Kata depan adalah kata yang merangkaikan kata-kata atau bagian kalimat dan biasanya diikuti oleh nomina atau pronomina. Preposisi bisa berbentuk kata, misalnya di dan untuk, atau gabungan kata, misalnya bersama atau sampai dengan.

2.      Preposisi atau kata depan adalah kata yang secara sintaksis terdapat di depan nomina  (kata benda), adjektiva (kata keadaan), atau adverbia (kata keterangan) dan secara semantis menandai berbagai hubungan makna antara konstituen di depan dan di belakang preposisi tersebut.

3.      Kata depan adalah kata yang menghubungkan kata benda dengan bagian kalimat. Kata depan biasanya digunakan untuk mengantarkan objek penyerta kalimat dan tidak boleh mengantarkan subjek kalimat. Selain kata depan di, ke, dari, dikenal juga kata depan pada, kepada, oleh, dengan, atas.

Tembung ancer-ancer (kata depan, preposisi) yaiku tembung kang manggone ana sangarepe tembung aran (kata benda), tembung kahanan (kata keadaan), utawa tembung katrangan (kata keterangan). Tembung ancer-ancer ngrakit tembung, utawa ngrakit ukara sing lumrahe digandhengi tembung aran (kata benda, nomina) utawa tembung sesulih (kata ganti, pronomina) ing saburine. Tembung ancer-ancer bisa awujud tembung lingga, lan bisa uga awujud tembung saroja. upamane ing utawa nganti teka.

Tembung ancer-ancer bisa digolongake :

1.      Tembung ancer-ancer minangka tetenger waktu, papan, arah kang dituju, asal: ing, menyang, dhateng, saka, saking.
1.1.   Ing sawijining dina Sang Prabu tindak mbebedhag menyang alas.
1.2.   Rapat RT iki arep dianakake ing dina Kemis.
1.3.   Ing Sendhang Kakung ditemokake bulus kuning lan bulus sikil telu.
1.4.   Para warga nduweni pangajab yen ing kene didegi tetenger.
1.5.   Dhek wingi Sunarta lunga menyang Ngayojakarta.
1.6.   Menyang endi wae anggonmu lunga sedina iki mau?
1.7.   Bapak lagi kondur saka Banjarmasin esuk mau.
1.8.   Saka daleme pakdhe aku terus mulih menyang omahku.
1.9.   Kue lapis menika dipundamel saking glepung beras.
1.10.                    Saka bangeting anggone mikir anake, dheweke banjur lara.

2.      Tembung ancer-ancer minangka tetenger arah kang dituju saliyane papan: marang, dhateng, dhumateng.
2.1.   Aku takon marang Andi, apa sebabe dheweke ora teka rapat.
2.2.   Wong urip kudu nduweni rasa tresna marang sapadha-padha.
2.3.   Kula nyuwun priksa dhateng pak RT pundi griyanipun Kang Salija.
2.4.   Kula ngaturaken sugeng rawuh dhumateng para rawuh sami.

3.      Tembung ancer-ancer minangka tetenger maksud utawa tujuan: kanggo, kangge, kagem
3.1.   Aku tuku klambi iki kanggo anakku lanang.
3.2.   Mas Lurah Suraksasihana nampa piranti kanggo upacara labuhan.
3.3.   Madu nggadhahi zat ingkang murakabi kangge kasarasaning badan
3.4.   Kencur menika sageda kangge jampi watuk.
3.5.   Serat sedhahan menika kagem pak Lurah.
3.6.   Mundhut pasir samanten kathahipun badhe kagem menapa bapak?

4.      Tembung ancer-ancer minangka tetenger wektu: meh, nganti, ngantos
4.1.   Meh rong dina iki aku ora bisa lunga jalaran udan.
4.2.   Anggone manggon ing omah kono wis meh telung sasi.
4.3.   Anggone nyopir ugal-ugalan, meh wae kecemplung kali.
4.4.   Apa sebabe kowe nganti dioyak-oyak prajurit kraton?
4.5.   Ngantos sapriki kula dereng nate numpak montor mabur.

5.      Tembung ancer-ancer minangka tetenger gegandhengan karo kang nandangi: dening,
5.1.   Crita cekak iki dikarang dening Esmiet.
5.2.   Untung Surapati numpes prajurit Walanda kang dipandhegani dening Kapten Tack.

6.      Tembung ancer-ancer minangka tetenger gegandhengan karo cara:  kanthi
6.1.   Tentara gerilya mlebu kutha kanthi sesidheman.
6.2.   Wacanen buku iku kanthi tliti.

7.      Tembung ancer-ancer minangka tetenger gegandhengan karo alat utawa piranti: nganggo
7.1.   Wit klapa iku ditegor nganggo pecok gedhe.
7.2.   Arman menyang sekolahan nganggo sepedhah.

8.      Tembung ancer-ancer minangka tetenger bebarengan: karo
8.1.   Amini mrene karo kanca-kancane.
8.2.   Ana ing sekolahan bocah-bocah diwulang maca karo nulis.

9.      Tembung ancer-ancer minangka tetenger sebab: krana
9.1.   Niyatingsun pasa tutuka sadina sesuk krana ferdune wulan Romadon.
9.2.   Ngibadaha sing temen ora krana manungsa.

10.  Tembung ancer-ancer minangka tetenger entar (ibarat): kaya, kadya, lir, pindha.
10.1.                    Tandange kaya bantheng ketaton.
10.2.                    Sang Prabu duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga lir sinebit talingane.
10.3.                    Lakune prajurit Ngamarta lamun sinawang kadya sela brekithi.
10.4.                    Warna-warna busananing para prajurit tinon saking mandrawa pindha panjrahing puspita.

Pengikut

Matur Nuwun ...