Minggu, 28 Desember 2008

Botoh Kondhang

Serat Jayengbaya

Anggitan : R. Ng. Ronggwarsita

Asmaradana

30.

Belayangan saben ari,

nora mikir marang rupa,

yen kober mung raup bae,

lan nora ngadi busana,

uger ganep kewala,

gothanga meksa kapuwung,

yen uga kepering nggennya.

Tegse tembung :

ngadi busana = dandan.

uger = angger, pokoke

kewala = bae, wae

kapuwung= kena-kena bae, lothung, lowung

kepering = kiwa, ora adakan, dudu panggonan rame.

31.

kaya ta timang myang keris,

nora dadi saru apa,

anggere wis pawitane,

sarate gampang kewala,

mung ngawasi wetara,

lire yen awangun kojur,

ngundur-undur sukur mijan,

Tegese tembung:

myang = miwah, lan

ngawasi wetara = ndeleng sangat, wektu.

lire = tegese

awangun kojur = kira-kira arep kojur, sial

mijan = menang.


32.

Yen wangune oleh titih,

ingsun sengkruke kewala,

yen mangkono panganggone,

kaya nora kena mlarat,

tan nganti nandhang utang,

untung bae etangipun,

ngimpun duweke wong liya.


Tegese tembung :

wangune = ketoke.

titih = mujur.

kewala = bae.

(Yen ketoke nasib lagi mujur, tak temeni anggonku lungguh. Yen kaya mengkono kaya-kaya ora bakal mlarat.Ora nganti nandhang utang. Etungane tansah untung, ngumpulake donyane wong liya).

33.

Menang dhuwit seneng ati,

banjur bae ngumbar suka,

jajan juwadah karo ndhog,

anggegotho iwak limpa,

tansah prentah nganggo pah,

pan mangkono watakipun,

botoh yen menang dolanan.


Tegese tembung :

anggegotho = mangan akeh.

pah = opah.

pan = kaya

(Yen menang atine seneng. Banjur ngumbar kasenengan. Jajan juwadah, endhog, iwak limpa. Yen prentah mesthi menehi opah. Pancen kaya mangkono iku watake botoh yen lagi menang).

34.

Sakkal kono menang ati,

kabeh kang padha kayoman,

muni rempeg yen budi ber,

iku kang dadi tyas ingwang,

nanging wadane ana,

botoh yen pinuju kabutuh,

betah dadi budi harda.


Tegese tembung:

sakkal = sanalika.

rempeg = racak, akeh lan bareng.

budi ber = ber budi, becik atine (tindake)

tyas = ati.

wada = cacad, ciri.

harda = nepsu, karep, culika (?)

(Sanalika rumangsa bombong, kabeh sing padha dak ayomi, padha kandha yen aku nduweni tindak utwa ati kang becik. Nanging ana cacade, botoh yang lagi butuh, sok gelem laku culika.)

35.

Utang silih tanpa ulih,

tinagih adol gemblengan,

nggege gugatan den age,

lo, kuwi alanira,

luwih maneh manawa,

kekrepen kalah mbalubut,

gelem anggadhung lan culika.


Tegese tembung:

adol gemblengan = nuduhake kasektene.

tinagih = tagih + in = ditagih.

nggege gugatan = nantang prekara (?)

mbalubut = ora duwe isin.

anggadhung = ngapusi, curang (?)

culika = kianat, tindak sing ora bener.

(Utang selang wis ora nate mbalekake. Yen ditagih ngajak tukaran, mamerake kadigdayane. Nantang-nantang ngajak padu. Ngono kuwi alane dadai botoh. Luwih-luwih kekerepen kalah, sok gelem ngapusi lan main ora bener (curang)).


36.

Lirira bisa mbesiwit,

ing kono konangan ingwang,

mungsuhku bareng adege,

rebut gebug tabok tendhang,

tan nganggo pilih papan,

satibane janji ajur,

sakojur tur dinedhelan.


Tegese tembung :

mbesiwit = nakalan, bricik.

ingwang = ingong, ingsun, aku.

(Tegese, bareng aku nakalan konangan mungsuhku, banjur ngadeg kabeh, padha gebhug-gebugan, tendhang-tinendhang ora nganggo pilih-pilih papan, satiba malange pokoke ajur. Awak sakojur dhedhel dhuwel).


37.

Tan ana ngeman sawiji,

kajaba mung lega lila,

ngantia sing rojah-rajeh,

sung kurmat maneh gelema,

mring wong laku culika,

malah teka-teka mbubuh,

apese sung ujar ala.


Tegse tembung:

mbubuh = nambahi.

sung = asung, aweh.

(Ora ana sing padha ngeman, saliyane lega lila, arepa nganti ajur. Menehi kurmat maneh gelema marang wong kang laku culika. Yen ana wong teka, malah nambah-nambahi, apese aweh tembung ala).


38.

Wis nora sida preduli,

dadi botoh yen kaetang,

sayekti akeh alane,

saking tan kena ingaran,

wong golek sandhang pangan,

baya enak adol apyun,

tembunge yen sekolehan.


Tegese tembung:

sayekti = temen

apyun = candu, narkoba.

sekolehan = oleh asil.

(Wis ora sida bae, dadi botoh iku yen dietungake satemene akeh alane. Saking kena diarani wong golek sandhang pangan, iku luwih enak dadol candu diaranana yen bisa kasil).

Selasa, 23 Desember 2008

Dhalang Wayang Kulit

Serat Jayeng Baya
Anggitan R. Ng Ronggawarsita
Asmaradana.

26.
Salin bae enak dadi,
dhedhalange wayang purwa,
pacake rada mandhireng,
dhiriku oleh panguja,
uger uwis kaojat,
yen Jayengbaya pinunjul,
tutuking carita purwa.


27.
Nanging ewuhku sathithik,
melange wong dadi dhalang,
upama nuju capgomeh,
ditanggap aneng Pacinan,
aku lagi karipan,
pamayangku karo ngantuk,
kang nonton tan pati rena.


28.
Dhasar ndugal imbuh baring,
kelirku binalang tinja,
nyiprati mring rai kabeh,
daya tai enaka,
patute tai lara,
katara atungtung wengur,
isinku ora karuwan,


29.
Nora sotah nora sotir,
kapengin drajating dhalang,
tur durung ana luwange,
wong oleh pangkat pratiwa,
katrima nggone ndhalang,
dadi botoh bae ingsun,
sok tanpa sepen pawitan.

Pengikut

Matur Nuwun ...